9-15 MARET 2026
LAGU 45 Sing Kuduné Tak Pikirké
Njenengan Mesthi Isa Ngatasi Perasaan Cilik Ati
”Aku iki wong sing sengsara banget.”—RM. 7:24.
INTI
Sing kudu dilakukan wektu mulai mikirké hal-hal sing marakké cilik ati utawa sedhih.
1-2. Kadhang Paulus ngrasa apa, lan kaya Paulus, awaké dhéwé isa waé ngrasa piyé? (Roma 7:21-24)
NÈK krungu jeneng Rasul Paulus, mungkin langsung kebayang nèk dhèwèké kuwi utusan injil sing semangat, wong sing pinter mulang, lan sing wis nulis akèh buku ing Alkitab. Paulus kuwi wongé semangat lan imané kuwat. Tapi kaya awaké dhéwé, ternyata Paulus ya kadhang ngrasa cilik ati lan sedhih.
2 Wektu nulis surat kanggo wong Kristen ing Roma, Paulus nyritakké beberapa perasaané sing mungkin ya awaké dhéwé rasakké. (Wacanen Roma 7:21-24.) Misalé piyé? Meskipun sakjané péngin banget terus manut, tapi merga ora sempurna, Paulus ora selalu isa melakukan sing dikarepké Gusti Allah. Terus, nèk éling kesalahané mbiyèn sakdurungé dadi Kristen, kadhang dhèwèké ya ngrasa bersalah. Dhèwèké ya kadhang putus asa merga ngadhepi masalah sing ora rampung-rampung.
3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki? (Deloken ”Keterangan”.)
3 Meskipun kadhang ngrasa cilik ati lan sedhih, Paulus berupaya bèn ora terus mikirké hal-hal sing isa marakké cilik ati utawa sedhih.a Ing artikel iki bakal dibahas: Hal-hal apa sing marakké Paulus ngrasa ”sengsara banget”? Apa sing dhèwèké lakukan kanggo ngatasi kuwi? Lan piyé awaké dhéwé niru contoné Paulus?
SING MARAKKÉ PAULUS SEDHIH UTAWA CILIK ATI
4. Apa sing marakké Paulus ngrasa sedhih utawa cilik ati?
4 Éling karo perbuatané mbiyèn. Sakdurungé dadi Kristen, Paulus sing mbiyèn jenengé Saul, jahat banget. Misalé, dhèwèké setuju bèn Stéfanus dipatèni. (Kis. 7:58; 8:1) Dhèwèké ya nganiaya akèh wong Kristen wektu kuwi. (Kis. 8:3; 26:9-11) Hal-hal kuwi marakké dhèwèké ngrasa bersalah.
5. Merga perbuatané mbiyèn, Paulus dadi ngrasa piyé?
5 Perasaan bersalah merga perbuatané mbiyèn kuwi kadhang isih muncul bahkan sakwisé Paulus dadi Kristen. Saya suwé, mungkin dhèwèké ya semakin ngrasa bersalah. Misalé, pas nulis suraté sing pertama kanggo jemaat Korintus kira-kira taun 55 M, dhèwèké ngomong, ”Aku ora pantes disebut rasul merga mbiyèn aku nganiaya anggota jemaaté Gusti Allah”. (1 Kor. 15:9) Kira-kira limang taun bar kuwi, ing suraté kanggo wong Éfésus, dhèwèké ngomong nèk dhèwèké kuwi ”sing paling rendah ing antarané wong-wong suci”. (Éf. 3:8) Terus, pas nulis surat kanggo Timotius, Paulus nyebut nèk dhèwèké ”mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget”. (1 Tim. 1:13) Coba bayangna piyé perasaané Paulus wektu ngunjungi siji jemaat, terus ketemu karo wong-wong sing mbiyèn dhèwèké aniaya utawa anggota keluargané.
6. Apa manèh sing marakké Paulus ”sengsara banget”? (Deloken cathetan ngisor.)
6 Ngadhepi masalah sing marakké sengsara. Paulus nyebut kuwi kaya ”eri ing njero daging”. (2 Kor. 12:7) Mémang Paulus ora nyebutké ’eriné’ kuwi apa. Isa waé kuwi penyakit, kekuwatiran, utawa masalah liyané. Sing jelas, kuwi marakké dhèwèké ”sengsara banget”.b
7. Kelemahané Paulus marakké Paulus dadi piyé? (Roma 7:18, 19)
7 Nduwé kelemahan. (Wacanen Roma 7:18, 19.) Meskipun Paulus péngin melakukan sing bener, tapi merga isih dosa, sing dilakukan malah sing ora bener. Paulus ngakoni nèk bèn isa melakukan sing bener, dhèwèké kadhang kudu seolah-olah ’nggebugi badané’. (1 Kor. 9:27, lan cathetan ngisor) Tapi meskipun ngono, dhèwèké kadhang isih gagal. Nah, wektu gagal, dhèwèké mesthi ngrasa sedhih lan cilik ati banget.
SING DILAKUKAN PAULUS BÈN ORA CILIK ATI MANÈH
8. Saka surat-suraté, awaké dhéwé dadi ngerti apa soal upayané Paulus kanggo ngatasi kelemahané?
8 Ing surat-suraté, Paulus kerep nyebutké nèk dhèwèké lan para sedulur liyané isa berhasil ngatasi kelemahan merga bantuané roh suci. (Rm. 8:13; Gal. 5:16, 17) Paulus ya kerep nyebutké soal perbuatan utawa kepénginan sing salah, sing kudu dilawan. (Gal. 5:19-21, 26) Paulus nganti isa ngekèki naséhat kaya ngono mesthi merga wis ngetrapké dhéwé naséhat kuwi. Dhèwèké ngrenungké kelemahané, nggolèk naséhat ing Alkitab, lan melakukan hal-hal spésifik kanggo ngatasi kelemahan kuwi.
9-10. Apa sing marakké Paulus dadi ora sedhih utawa cilik ati manèh? (Éfésus 1:7) (Deloken gambar.)
9 Meskipun kadhang ngrasa sedhih lan cilik ati, Paulus isa terus ngrasa bahagia. Misalé, dhèwèké bahagia wektu krungu laporan sing apik soal jemaat-jemaat sing adoh. (2 Kor. 7:6, 7) Dhèwèké ya bahagia isa akrab karo para sedulur. (2 Tim. 1:4) Dhèwèké ya bahagia merga akrab karo Yéhuwah lan ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng. (2 Tim. 1:3) Bahkan wektu dipenjara ing Roma, Paulus ngongkon para sedulur bèn ”terus bahagia merga Gusti”. (Flp. 4:4) Saka kata-katané Paulus, awaké dhéwé dadi ngerti nèk dhèwèké ora terus-terusan mikirké masalah utawa kesalahané. Tapi, malah wektu mulai ngrasa sedhih utawa cilik ati, dhèwèké langsung mikirké hal-hal sing marakké bahagia.
10 Paulus ya isa terus ngrasa bahagia merga tebusan. Paulus yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké, lan nèk tebusan kuwi hadiah saka Yéhuwah khusus kanggo dhèwèké. (Gal. 2:20; wacanen Éfésus 1:7.) Dadi, Paulus yakin nèk dosa-dosané wis diampuni Yéhuwah. (Rm. 7:24, 25) Kuwi kabèh sing marakké Paulus isa terus bahagia nglayani Yéhuwah.—Ibr. 9:12-14.
Meskipun kadhang Paulus isih ngrasa bersalah merga perbuatané mbiyèn, dhèwèké ora terus-terusan ngrasa cilik ati merga ngrenungké soal tebusan (Deloken paragraf 9-10)
11. Ngapa kok contoné Paulus isa nguwatké?
11 Kaya Paulus, kadhang awaké dhéwé ya isa waé ngrasa ”sengsara banget”. Mungkin merga kudu berjuang tenanan bèn aja nganti mikir, ngomong, utawa melakukan sesuatu sing marakké Yéhuwah ora seneng. Sedulur Elizac sing umuré 20-an crita, ”Wektu ngrenungké perjuangané Paulus kanggo terus nggawé perubahan, aku ya dadi dikuwatké. Ternyata, sing kudu berjuang kuwi ora mung aku thok. Aku ya dadi diélingké nèk Yéhuwah ngerti sing lagi diadhepi umaté.” Nah kaya Paulus, apa sing isa dilakukan bèn tetep bahagia nglayani Yéhuwah meskipun kadhang ngrasa sedhih utawa cilik ati?
SING ISA DILAKUKAN BÈN AWAKÉ DHÉWÉ ORA CILIK ATI MANÈH
12. Apa manfaaté nèk ngupaya rutin melakukan kegiatan rohani?
12 Terus ngupaya bèn isa rutin melakukan kegiatan rohani. Perbandingané ngéné: Nèk mangan panganan sing bergizi, rutin olahraga, lan turuné cukup, mesthi badané bakal dadi séhat. Padha kaya ngono, nèk maca Alkitab saben dina, nginjil, persiapan sakdurungé pertemuan ibadah, lan semangat mèlu njawab pas acarané, kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi mikirké hal-hal sing apik, dudu hal-hal sing marakké sedhih utawa cilik ati. Hasilé, mesthi bakal bahagia.—Rm. 12:11, 12.
13-14. Critakna pengalamané para sedulur sing wis ngrasakké manfaaté rutin melakukan kegiatan rohani.
13 Gatèkna pengalamané John, sing didiagnosa penyakit kanker sing langka pas umur 39. Awalé, dhèwèké ngrasa ora trima merga dhèwèké isih enom. Dhèwèké ya kuwatir banget merga anaké isih umur telung taun. Nah, apa sing marakké John dadi ora terus-terusan fokus karo perasaané kuwi? John crita, ”Meskipun kesel banget, aku mastèkké bèn kami sak keluarga teka terus ing pertemuan ibadah, rajin nginjil, lan saben minggu ibadah keluarga. Kami terus melakukan kuwi meskipun situasiné angèl.” John ya crita, ”Mémang awalé kami sedhih banget. Tapi, kami langsung ngrasakké nèk Yéhuwah ngekèki kekuwatan lan mbuktèkké nèk bener-bener sayang karo kami. Kaya Yéhuwah wis nguwatké aku, Yéhuwah mesthi ya bakal nguwatké umaté sing liyané.”
14 Eliza, sing mau disebutké, ngomong, ”Saben pelajaran pribadi lan teka ing pertemuan ibadah, aku diélingké nèk Yéhuwah ngrungokké lan bener-bener sayang karo aku. Kuwi marakké aku bahagia.” Nolan, pinituwa wilayah ing Afrika crita, ”Aku karo Diane, bojoku, tetep rutin melakukan kegiatan rohani bahkan wektu lagi cilik ati. Kami dadi isa langsung ngrasakké nèk Yéhuwah ora péngin kami cilik ati tapi terus bahagia. Kami ya percaya nèk embuh piyé carané, Yéhuwah mesthi bakal nulungi lan mberkahi.”
15. Nèk terus-terusan ngrasa sedhih utawa cilik ati, apa sing mungkin kudu dilakukan? Kèkana perumpamaan.
15 Nèk isih terus ngrasa sedhih utawa cilik ati, ana hal liyané manèh sing kudu dilakukan. Kaya nèk misalé njenengan lara boyok. Bèn larané berkurang, mungkin njenengan wis ngupaya kanggo pijet. Tapi bèn ora lara manèh, ya kudu ngerti penyebabé. Makané, mungkin kudu priksa ing dokter. Nah padha kaya ngono, kanggo ngatasi perasaan sedhih utawa cilik ati, ya kudu digolèki sik penyebabé lan carané ngatasi. Njenengan mungkin kudu riset ing Alkitab lan publikasi utawa takon karo para sedulur sing imané kuwat. Apa manèh sing isa dilakukan?
16. Apa waé sing isa diupayakké bèn ngerti penyebab sing marakké sedhih utawa cilik ati? (Mazmur 139:1-4, 23, 24, cathetan ngisor)
16 Ndonga lan mikirké bèn ngerti hal sing marakké ora tenang. Merga ngerti nèk Yéhuwah paham banget karo dhèwèké, Daud njaluk Yéhuwah mbantu bèn Daud ngerti apa sing sakjané marakké pikirané ”ora tenang”. (Wacanen Mazmur 139:1-4, 23, 24, cathetan ngisor.) Awaké dhéwé ya isa njaluk tulung Yéhuwah mbantu bèn ngerti apa sing marakké cilik ati lan carané ngatasi. Pikirna pertanyaan kaya, ’Apa ta sakjané sing marakké pikiranku ora tenang? Biasané, hal apa sing marakké pikiranku langsung dadi ora tenang kaya ngono? Terus, wektu mulai mikirké hal-hal sing marakké dadi ora tenang, apa aku isa langsung ngendhegké utawa malah tak pikirké terus?’
17. Topik apa waé sing nguwatké, sing isa dienggo bahan pelajaran pribadi? (Deloken gambar.)
17 Milih topik pelajaran pribadi sing sesuai karo sing dirasakké. Mempelajari soal sifat-sifaté Yéhuwah kuwi ya ana akèh manfaaté. Misalé, bar ngrenungké soal tebusan lan pengampunané Yéhuwah, Rasul Paulus dadi ngrasa disayangi lan bersyukur banget. Njenengan ya isa riset soal sifaté Yéhuwah sing gampang mesakké, seneng ngampuni, lan nduwé katresnan sing langgeng. Riseta nganggo Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah, Indèks Publikasi Menara Pengawal, utawa alat bantu belajar liyané. Nèk wis éntuk artikel-artikel sing bermanfaat, gawénen daftar. Terus, daftar kuwi dèlèhna ing panggonan sing gampang didelok. Dadi, nèk pikirané mulai ora tenang, isa langsung mempelajari artikel-artikel ing daftar kuwi. Terus, coba trapna sing wis dipelajari.—Flp. 4:8.
Bèn pikirané dadi tenang, pilihen topik pelajaran pribadi sing isa nguwatké (Deloken paragraf 17)
18. Bahan apa waé sing isa dienggo topik pelajaran pribadi lan keluarga?
18 Eliza, sing mau disebutké, ya seneng pelajaran pribadi soal Ayub. Eliza crita, ”Aku ngrasa kaya Ayub. Ayub ngadhepi masalah sing abot lan bertubi-tubi. Tapi meskipun putus asa lan ora ngerti penyebabé dhèwèké menderita, Ayub terus ngendelké Yéhuwah.” (Ayb. 42:1-6) Diane, sing disebutké mau, crita, ”Aku karo bojoku mempelajari buku Mendekatlah kepada Yehuwa. Kami belajar nèk Yéhuwah lagi mbentuk kami kaya pengrajin sing lagi mbentuk tanah liat. Yéhuwah péngin kami dadi wong sing luwih apik. Merga mbayangké gambaran kuwi, kami dadi ngrasa luwih akrab karo Yéhuwah lan dadi ora gampang cilik ati.”—Yés. 64:8.
YAKIN KARO BANTUAN LAN BERKAHÉ YÉHUWAH
19. Meskipun wis ngetrapké kabèh saran ing artikel iki, aja berharap apa, tapi isa yakin soal apa?
19 Bahkan meskipun kabèh saran ing artikel iki wis ditrapké, aja berharap mengko babar blas ora tau ngrasa sedhih utawa cilik ati. Ya mémang kadhang ana wektu-wektu awaké dhéwé ngrasa ”sengsara banget”. Tapi nèk dibantu Yéhuwah, perasaané awaké dhéwé isa dadi luwih tenang. Yakina nèk ana luwih akèh wektu awaké dhéwé ngrasa bahagia. Soalé, awaké dhéwé nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan ngerti nèk wis nggawé Yéhuwah seneng.
20. Apa sing kuduné dadi tékadé awaké dhéwé saiki?
20 Ayo bertékad bèn aja nganti perbuatan sing dilakukan mbiyèn, masalah sing diadhepi saiki, utawa kelemahan marakké awaké dhéwé dadi ngrasa cilik ati utawa sedhih. Nèk mulai ngrasa kaya ngono, Yéhuwah isa mbantu bèn isa dadi luwih tenang. (Mzm. 143:10) Élinga nèk ing donya anyar, anané kuwi mung hal-hal sing marakké bahagia. Ora ana manèh hal-hal sing marakké sedhih utawa cilik ati, lan saben dina isa bahagia nglayani Yéhuwah.
LAGU 34 Setya lan Manut Yéhuwah
a KETERANGAN: Sing dibahas ing artikel iki perasaan sedhih utawa cilik ati sing kadhang isa waé muncul. Dudu perasaan sedhih sing terus-terusan ana, sing nganti butuh bantuané dokter.
b Kétoké, Paulus nduwé masalah penglihatan. Merga mripaté wis ora isa ndelok jelas, dhèwèké mesthi dadi kangèlan kanggo nulis surat, nginjil, utawa ngunjungi jemaat-jemaat. (Gal. 4:15; 6:11) Utawa, Paulus mungkin kepikiran karo omongané rasul-rasul palsu soal dhèwèké. (2 Kor. 10:10; 11:5, 13) Meskipun awaké dhéwé ora ngerti sing dimaksud Paulus ”eri” kuwi apa, tapi sing pasti kuwi marakké Paulus sedhih.
c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.