PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Januari hlm. 2-7
  • Ngupaya Tenanan Bèn Isa Terus Dituntun Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngupaya Tenanan Bèn Isa Terus Dituntun Gusti Allah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • TELU SIFAT SING KUDU DIDUWÈNI
  • TERUS ”MANGAN” UTAWA MEMPELAJARI OMONGANÉ GUSTI ALLAH
  • NGANGGO ”PAKAIAN” YAIKU SIFAT-SIFAT SING MARAKKÉ YÉHUWAH SENENG
  • TERUS ANA ING ”PANGGONAN” SING AMAN YAIKU DILINDHUNGI YÉHUWAH
  • TERUS SADHAR NÈK MBUTUHKÉ TUNTUNANÉ YÉHUWAH
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Piyé Bèn Pandhangané Awaké Dhéwé Padha Kaya Yéhuwah lan Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Jawaben Pertanyaan-Pertanyaan Iki
    Daftar Acara Pertemuan Wilayah 2025-2026 karo Pinituwa Wilayah
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Januari hlm. 2-7

2-8 MARET 2026

LAGU 97 Tuntunané Yéhuwah ing Kitab Suci

Ngupaya Tenanan Bèn Isa Terus Dituntun Gusti Allah

AYAT TAHUNAN KANGGO 2026: ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.”—MAT. 5:3.

INTI

Yéhuwah wis nyedhiakké tuntunan bèn awaké dhéwé isa bener-bener bahagia. Piyé bèn isa terus ngrasakké manfaat saka tuntunan kuwi?

1. Apa waé ta kebutuhané manungsa? (Matius 5:3)

YÉHUWAH ngerti banget sing dibutuhké manungsa. Misalé, manungsa butuh panganan, pakaian, lan tempat tinggal. Nèk salah siji saka kebutuhan dhasar kuwi ora terpenuhi, mesthi bakal ngalami kesulitan. Nah, sakliyané kebutuhan kuwi, Yéhuwah ya ngerti nèk manungsa butuh cedhak lan butuh dituntun Yéhuwah. (Wacanen Matius 5:3.) Dadi nèk péngin bener-bener bahagia, ya kudu sadhar nèk butuh tuntunané Yéhuwah lan berupaya kanggo memenuhi kebutuhan kuwi.

2. ”Sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah” kuwi gambarané piyé?

2 Ing basa asliné, istilah ”sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah” kuwi maksudé wong sing ”ngemis roh”. Bayangna pengemis sing awaké kuru banget merga kelaparan, klambiné compang-camping, nèk awan kepanasen lan nèk bengi kadhemen. Wong-wong padha ngedohi merga ndelok penampilané. Dhèwèké kétok lemes lan ora bahagia. Pengemis kuwi ngerti nèk bèn isa tetep urip, dhèwèké butuh bantuan. Padha kaya ngono, wong sing ”sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah” ya ngerti nèk dhèwèké butuh bantuané Gusti Allah. Makané, dhèwèké ora bakal ragu-ragu njaluk bantuané Gusti Allah lan ngrungokké tuntunané.

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, ayo mbahas sik kisahé wong wédok Fénisia sing terus-terusan njaluk bèn dibantu Yésus. Saka wong wédok kuwi, mengko dadi ngerti telu sifat sing kudu diduwèni nèk péngin terus dituntun Yéhuwah. Terus, ya bakal dibahas contoné Rasul Pétrus, Rasul Paulus, lan Raja Daud sing ngupaya tenanan bèn isa terus dituntun Yéhuwah.

TELU SIFAT SING KUDU DIDUWÈNI

4. Apa sing dipénginké wong wédok Fénisia saka Yésus?

4 Wektu kuwi, ana wong wédok Fénisia sing marani Yésus. Anaké wédok ”sengsara banget merga kesurupan roh jahat”. (Mat. 15:​21-28) Wong wédok kuwi nganti berlutut merga péngin banget ditulungi Yésus. Nah, ayo mbahas telu sifat sing isa ditiru saka wong wédok kuwi.

5. Wong wédok Fénisia kuwi nduduhké telu sifat apa, lan Yésus akhiré piyé? (Deloken gambar.)

5 Wektu wong wédok Fénisia kuwi njaluk tulung, Yésus njawab, ”Ora apik nèk rotiné bocah-bocah dijupuk, terus diwènèhké anak asu.” Nèk krungu jawaban kaya ngono, wong isa waé dadi tersinggung, soalé dipadhakké karo kirik. Terus ya isa waé dadi mikir nèk Yésus ora nulungi tapi malah ngrendhahké. Tapi wong wédok kuwi ora mikir kaya ngono. Kuwi bukti nèk dhèwèké rendah hati. Dhèwèké malah terus-terusan njaluk bèn ditulungi. Kuwi bukti nèk dhèwèké pantang menyerah. Nah, apa sing marakké dhèwèké gelem melakukan kaya ngono? Merga dhèwèké beriman karo Yésus. Malah merga imané kuwi, Yésus nganti tersentuh lan akhiré gelem nulungi. Meskipun mauné Yésus ngomong nèk dhèwèké diutus mung kanggo nulungi wong Israèl, tapi akhiré Yésus gelem ngusir roh jahat saka anaké wong wédok Fénisia kuwi.

Wong wédok Fénisia berlutut lan njaluk tenanan dibantu Yésus. Yésus karo telu muridé lagi lungguh lan ngrungokké wong wédok kuwi.

Bèn isa ditulungi Yésus, wong wédok Fénisia kudu rendah hati, pantang menyerah, lan beriman (Deloken paragraf 5)


6. Apa sing isa ditiru saka wong wédok Fénisia?

6 Nèk péngin terus dituntun Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu rendah hati, pantang menyerah, lan nduwé iman sing kuwat. Mung wong sing rendah hati sing bakal terus-terusan njaluk bèn dibantu Yéhuwah. Terus, ya kudu nduwé iman sing kuwat karo Yésus lan percaya karo wong-wong sing dikon Yésus kanggo nuntun murid-muridé. (Mat. 24:​45-47) Yéhuwah lan Yésus seneng lan bakal terus mbantu nèk awaké dhéwé rendah hati, terus njaluk bantuané, lan beriman. (Bandhingna Yakobus 1:​5-7.) Saiki, ayo mbahas apa waé sing wis disedhiakké Yéhuwah kanggo nuntun umaté bèn meréka bahagia, lan saka contoné Rasul Pétrus, Rasul Paulus, lan Raja Daud, apa sing isa dilakukan bèn isa terus éntuk manfaat saka tuntunané Yéhuwah?

TERUS ”MANGAN” UTAWA MEMPELAJARI OMONGANÉ GUSTI ALLAH

7. Yésus ngekèki Pétrus préntah apa, tapi Pétrus isih kudu melakukan apa? (Ibrani 5:14–6:1)

7 Gatèkna contoné Rasul Pétrus. Dhèwèké langsung menyadari nèk Yésus kuwi Mésias lan nèk Yéhuwah nggunakké Yésus kanggo mulang wong-wong soal urip saklawasé. (Yoh. 6:​66-68) Sakdurungé Yésus munggah swarga, Yésus ngekèki Pétrus préntah, ”Wènèhana mangan anak-anak dombaku.” (Yoh. 21:17) Pétrus manut lan mulang para sedulur ing jemaat. Bahkan Yéhuwah ya nggunakké dhèwèké kanggo nulis loro surat sing dadi bagian saka Alkitab. Tapi Pétrus ya menyadari nèk dhèwèké dhéwé ya isih kudu ”mangan”, utawa mempelajari omongané Gusti Allah. Misalé, dhèwèké mempelajari surat-surat sing ditulis Rasul Paulus. Pétrus ngomong nèk beberapa sing ditulis Paulus kuwi mémang ”angèl dipahami”. (2 Ptr. 3:​15, 16) Tapi Pétrus ora nyerah lan tetep mempelajari kuwi. Pétrus beriman nèk Yéhuwah bakal mbantu bèn dhèwèké isa paham lan ngetrapké sing dipelajari saka suraté Paulus sing kaya ”panganan sing atos”.—Wacanen Ibrani 5:14–6:1.

8. Piyé tanggepané Pétrus bar éntuk arahan sing anyar saka Yéhuwah?

8 Merga beriman, Pétrus gelem manut wektu dikèki arahan. Misalé wektu ing Yopa, Pétrus éntuk wahyu. Malaékat ngongkon dhèwèké mbelèh lan mangan kéwan-kéwan sing menurut Hukum Musa kuwi najis. Kanggoné wong Yahudi, préntahé malaékat kuwi ora masuk akal. Makané awalé Pétrus njawab, ”Gusti, aku kan ora tau mangan apa sing haram lan najis. Aku ora mungkin mangan kuwi.” Bar kuwi, malaékat ngomong, ”Nèk Gusti Allah wis nganggep kuwi suci, kowé ora éntuk nganggep kuwi haram manèh.” (Kis. 10:​9-15) Pétrus langsung paham apa sing dikarepké. Buktiné, ora suwé bar kuwi, ana telu utusané Kornélius, wong dudu Yahudi, sing mara lan ngejak Pétrus ing omahé Kornélius. Nèk durung nampa wahyu mau, mungkin Pétrus ora bakal gelem mara, soalé wong Yahudi nganggep wong sing dudu Yahudi kuwi najis. (Kis. 10:​28, 29) Tapi merga Pétrus saiki wis paham arahan sing anyar saka Yéhuwah, Pétrus langsung ngubah pandhangané. (WB. 4:18) Dhèwèké nyritakké kabar apik ing Kornélius lan keluargané. Hasilé, kabèh wong ing omahé Kornélius beriman karo Yésus, nampa roh suci, lan dibaptis.—Kis. 10:​44-48.

9. Apa loro manfaat nèk gelem mempelajari ajaran ing Alkitab sing ora gampang dipahami?

9 Kaya Pétrus, awaké dhéwé ya kudu nduwé kebiasaan seneng mempelajari ajaran dhasar ing Alkitab, sing diumpamakké kaya susu. Tapi ora mung kuwi, ya kudu seneng mempelajari ajaran sing ora gampang dipahami, sing diumpamakké kaya panganan sing atos. Mémang, kanggo melakukan kuwi dadi kudu luwih nyisihké wektu lan upaya. Tapi kuwi ora sia-sia. Soalé, paling ora ana loro manfaaté: (1) Dadi ngerti keterangan soal Yéhuwah sing isa marakké awaké dhéwé tambah sayang lan menghormati Dhèwèké. (2) Dadi tambah semangat kanggo ngandhani wong-wong soal Yéhuwah. (Rm. 11:33; Why. 4:11) Apa manèh sing isa dipelajari saka Pétrus? Wektu ana penyesuaian soal pemahaman ing Alkitab, ya kudu ndang gelem ngubah pandhangan. Nèk melakukan kuwi, lagi isa terus dituntun Yéhuwah lan terus setya nglayani Dhèwèké.

NGANGGO ”PAKAIAN” YAIKU SIFAT-SIFAT SING MARAKKÉ YÉHUWAH SENENG

10. Menurut Kolose 3:​8-10, bèn isa nduwé sifat-sifat sing marakké Yéhuwah seneng kudu piyé?

10 Yéhuwah ya wis nyedhiakké ”pakaian”, yaiku sifat-sifat sing marakké Dhèwèké seneng. Bèn isa nduwé sifat-sifat kuwi, Paulus ngomong nèk awaké dhéwé kudu nyopot ”kepribadian sing lawas” lan ”nganggo kepribadian sing anyar”. (Wacanen Kolose 3:​8-10.) Kuwi ora selalu gampang. Paulus dhéwé wis ngrasakké kuwi. Kèt enom, dhèwèké ngupaya tenanan nggawé Gusti Allah seneng. (Gal. 1:14; Flp. 3:​4, 5) Tapi, dhèwèké ora paham piyé ibadah sing dikarepké Gusti Allah lan ya ora ngerti ajaran sing bener soal Yésus. Ditambah manèh, dhèwèké ”sombong banget”. Akibaté, Paulus malah melakukan hal-hal sing nggawé Yéhuwah ora seneng lan sifaté èlèk banget.—1 Tim. 1:13.

11. Paulus kudu berjuang ngatasi sifat apa? Critakna.

11 Sakdurungé dadi Kristen, Paulus kuwi gampang nesu. Ing buku Kisah tau dicritakké nèk saking sengité karo murid-muridé Yésus, Paulus ’terus ngancem lan nduwé tékad arep matèni wong-wong kuwi’. (Kis. 9:1) Bar dadi Kristen, Paulus mesthi berjuang tenanan bèn ora nesunan manèh. (Éf. 4:​22, 31) Meskipun ngono, pas béda pendapat karo Barnabas, Paulus dadi nesu banget, malah nganti ”padu”. (Kis. 15:​37-39) Wektu kuwi, Paulus ora nggawé Yéhuwah seneng. Tapi dhèwèké ora nyerah. Paulus terus berjuang bèn dadi wong sing nggawé Yéhuwah seneng.—1 Kor. 9:27.

12. Apa sing marakké Paulus isa ngatasi sifat-sifat èlèké?

12 Paulus isa ngatasi sifat-sifat èlèké lan berubah dadi luwih apik kuwi dudu merga dhèwèké ngendelké kekuwatané dhéwé. (Flp. 4:13) Kaya Pétrus, Paulus ngendelké ”kekuwatan saka Gusti Allah”. (1 Ptr. 4:11) Meskipun kadhang gagal lan dadi cilik ati, Paulus ora putus asa. Dhèwèké ngéling-éling kabèh sing wis dilakukan Yéhuwah kanggo dhèwèké. Kuwi marakké dhèwèké dadi bertékad kanggo terus berjuang nggawé Yéhuwah seneng.—Rm. 7:​21-25.

13. Piyé awaké dhéwé saiki niru Paulus?

13 Piyé awaké dhéwé saiki niru Paulus? Meskipun wis bertaun-taun nglayani Yéhuwah, ya isih kudu terus berjuang ngatasi sifat-sifat sing èlèk lan berupaya bèn nduwé sifat-sifat sing marakké Yéhuwah seneng. Nèk kadhang gagal, misalé dadi nesu utawa omongan lan perbuatané ora apikan, aja ngrasa nèk ora bakal isa nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya kanggo ngubah pikiran lan tingkah laku. (Rm. 12:​1, 2; Éf. 4:24) Tapi élinga, ora kaya pakaian sing isa disesuaikké bèn pas karo awaké dhéwé, bèn isa terus nduwé sifat-sifat sing marakké Yéhuwah seneng, awaké dhéwé sing kudu menyesuaikan karo karepé Yéhuwah.

TERUS ANA ING ”PANGGONAN” SING AMAN YAIKU DILINDHUNGI YÉHUWAH

14-15. Apa waé carané Yéhuwah nglindhungi umaté? (Mazmur 27:5) (Deloken gambar.)

14 Bèn awaké dhéwé isa bener-bener bahagia, Yéhuwah ora mung nyedhiakké ”panganan” lan ”pakaian”, tapi ya ”panggonan” secara rohani. Maksudé apa, lan piyé bèn isa terus ana ing kono?

15 Raja Daud yakin nèk bakal dilindhungi Yéhuwah, seolah-olah kaya didhelikké ing panggonan sing aman. (Wacanen Mazmur 27:5.) Nèk saiki, Yéhuwah nglindhunginé piyé? Yéhuwah ora bakal ngejarké apa waé utawa sapa waé marakké umaté dadi putus hubungan saklawasé karo Dhèwèké. Yéhuwah janji nèk upayané mungsuh-mungsuhé ora bakal berhasil. (Mzm. 34:7; Yés. 54:17) Meskipun Sétan lan bala-balané kuwat, tapi Yéhuwah luwih kuwat. Bahkan nèk nganti umaté dipatèni, Yéhuwah bakal isa nguripké manèh. (1 Kor. 15:​55-57; Why. 21:​3, 4) Wektu umaté kuwatir, Yéhuwah ya bakal mbantu bèn aja nganti kuwi marakké meréka ora nglayani Yéhuwah manèh. (WB. 12:25; Mat. 6:​27-29) Yéhuwah ya nyedhiakké sedulur seiman sing isa ndhukung lan nyemangati pas masa-masa sulit. Sakliyané kuwi, ya ana para pinituwa sing isa mulang lan nguwatké. (Yés. 32:​1, 2) Nèk teka ing pertemuan ibadah, ya dadi diélingké carané isa éntuk manfaat saka perlindungané Yéhuwah.—Ibr. 10:​24, 25.

Sedulur wédok ngacung arep njawab pas pembahasan ”Warta Penting”. Ana sedulur-sedulur liyané sing ya ngacung arep njawab.

Bèn isa ngrasakké perlindungané Yéhuwah, sedulur wédok teka ing pertemuan ibadah (Deloken paragraf 14-15)


16. Nganggo cara apa waé Yéhuwah nglindhungi Daud?

16 Wektu manut Yéhuwah, Daud dilindhungi Yéhuwah. Maksudé, Yéhuwah mbantu Daud bèn isa nggawé keputusan sing bener, sing marakké Daud ora perlu ngrasakké akibat saka perbuatan dosa. (Bandhingna Wulang Bebasan 5:​1, 2.) Tapi wektu ora manut Yéhuwah, Daud dadi kudu ngrasakké akibat saka perbuatan dosané. (2 Sam. 12:​9, 10) Nah, wektu Daud sengsara merga perbuatané wong liya, piyé Yéhuwah ya nglindhungi Daud? Wektu Daud ndonga, Yéhuwah ngyakinké nèk sayang lan bakal ngopèni dhèwèké.—Mzm. 23:​1-6.

17. Piyé awaké dhéwé niru Daud?

17 Nèk niru Daud, awaké dhéwé bakal nggolèk naséhaté Yéhuwah sik bèn isa nggawé keputusan sing bener. Terus, wektu sengsara merga ora manut Yéhuwah, aja mikir nèk Yéhuwah ora isa nglindhungi. Awaké dhéwé tetep bakal ngrasakké akibat saka perbuatan salah. (Gal. 6:​7, 8) Nah, nèk wis manut tapi isih susah, awaké dhéwé isa ndonga. Yéhuwah mesthi bakal menghibur lan ngyakinké nèk sayang karo awaké dhéwé.—Flp. 4:​6, 7.

TERUS SADHAR NÈK MBUTUHKÉ TUNTUNANÉ YÉHUWAH

18. Piyé pandhangané wong-wong saiki soal tuntunané Gusti Allah, lan piyé bèn awaké dhéwé isa terus dituntun Yéhuwah? (Deloken gambar.)

18 Ayat tahunan 2026 yaiku: ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia.” Jaman saiki akèh wong ngrasa nèk ora butuh Gusti Allah lan tuntunané. Ana sing percaya Gusti Allah tapi ngibadahé sak karepé dhéwé. Sing liyané manèh luwih percaya karo tuntunané manungsa. Hal-hal kuwi sing marakké meréka ora bahagia. Awaké dhéwé aja nganti kaya meréka. Awaké dhéwé kudu terus mempelajari omongané Yéhuwah, berupaya nduwé sifat-sifat sing nggawé Dhèwèké seneng, lan manut Yéhuwah bèn isa terus dilindhungi.

Gambar: Sedulur wédok ing gambar sakdurungé berupaya bèn isa terus dituntun Yéhuwah. 1. Dhèwèké mempelajari artikel pelajaran ”Warta Penting”. 2. Dhèwèké nggawakké panganan pas niliki sedulur seiman. Sedulur wédok mbukakké lawang, bojoné sedulur wédok kuwi lagi lungguh ing kursi lan sirahé diperban, tangané diinfus. 3. Dhèwèké seneng wektu loro sedulur lanang kunjungan penggembalaan ing omahé.

Bèn isa terus dituntun Yéhuwah, kudu ”mangan”, ”nganggo pakaian”, lan ana ing ”panggonan sing aman” (Deloken paragraf 18)a

APA JAWABANÉ?

  • Saka contoné Rasul Pétrus, piyé bèn isa terus éntuk manfaat saka tuntunané Yéhuwah?

  • Saka contoné Rasul Paulus, piyé bèn isa terus éntuk manfaat saka tuntunané Yéhuwah?

  • Saka contoné Raja Daud, piyé bèn isa terus éntuk manfaat saka tuntunané Yéhuwah?

LAGU 162 Sing Tak Butuhké Mung Tuntunané

a PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok kuwi ya mempelajari omongané Gusti Allah liwat Warta Penting, nduduhké sifat apikan merga péngin nggawé Yéhuwah seneng, lan gelem dinaséhati lan dikuwatké para pinituwa.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim