PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Januari hlm. 20-25
  • Piyé Carané Njenengan Nduduhké Nèk Menghargai Tebusan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Njenengan Nduduhké Nèk Menghargai Tebusan?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NÈK NJENENGAN LAGI SINAU ALKITAB
  • NÈK NJENENGAN WIS DIBAPTIS
  • NÈK NJENENGAN LAGI NGEDOH SAKA JEMAAT
  • APA TÉKADÉ NJENENGAN?
  • Manfaat saka Tebusané Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Apa sing Isa Dipelajari saka Tebusané Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Ngapa Kok Awaké Dhéwé Butuh Banget Tebusan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Apa Njenengan Siap kanggo Acara Peringatan Taun Iki?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Januari hlm. 20-25

23-29 MARET 2026

LAGU 18 Maturnuwun kanggo Tebusan

Piyé Carané Njenengan Nduduhké Nèk Menghargai Tebusan?

”Katresnané Kristus wis nyemangati aku.”—2 KOR. 5:14.

INTI

Sing isa dilakukan kanggo nduduhké nèk menghargai tebusan.

1-2. Merga ana korban tebusané Yésus, awaké dhéwé dadi ngrasa piyé, lan akhiré tergerak kanggo melakukan apa? (2 Korintus 5:​14, 15) (Deloken gambar.)

COBA bayangna wektu njenengan berhasil dislametké saka reruntuhan bangunan. Piyé perasaané njenengan karo wong sing wis nylametké njenengan? Saking bersyukuré, njenengan mesthi langsung ngomong maturnuwun lan ngomong nèk ora bakal lali karo sing wis dhèwèké lakukan kanggo njenengan.

2 Kaya sing wis dibahas ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé isa bébas saka dosa lan kematian kuwi merga ana sing nylametké. Yéhuwah ngongkon Yésus mati dadi tebusan bèn awaké dhéwé isa diampuni, nduwé harapan dadi sempurna, lan isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Merga tebusan, awaké dhéwé ya isa nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing donya anyar. Tebusan kuwi bukti sing jelas nèk Yésus sayang banget karo manungsa, bahkan suwé sakdurungé teka ing bumi. (WB. 8:​30, 31) Rasul Paulus nulis, ”Katresnané Kristus wis nyemangati [awaké dhéwé].” (Wacanen 2 Korintus 5:​14, 15.) Kuwi berarti merga wis ngrasakké kasih sayangé Yésus, awaké dhéwé mesthi bakal tergerak melakukan sesuatu kanggo nduduhké rasa maturnuwun lan ora lali karo sing wis dilakukan Yésus.

Wong lanang ing artikel sakdurungé, sing kejebak ing reruntuhan, lagi ditarik metu karo petugas penyelamat.

Njenengan mesthi bersyukur banget karo wong sing wis nylametké nyawané njenengan (Deloken paragraf 1-2)


3. Ngapa kok carané saben wong nduduhké nèk menghargai tebusan kuwi isa waé béda-béda?

3 Lha nèk njenengan, piyé carané njenengan nduduhké nèk menghargai korban tebusan? Kuwi sesuatu sing kudu direnungké secara pribadi. Soalé, carané saben wong isa béda-béda. Pikirna perumpamaan iki: Ana wong telu arep lunga ing tujuan sing padha. Merga mangkaté saka panggonan sing béda-béda, rute sing arep diliwati mesthi ya béda-béda. Nah padha kaya ngono, carané wong nduduhké nèk menghargai tebusan kuwi isa waé béda-béda, bergantung apa njenengan saiki lagi (1) sinau Alkitab, (2) wis dibaptis, utawa (3) lagi ngedoh saka jemaat. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki.

NÈK NJENENGAN LAGI SINAU ALKITAB

4. Apa buktiné nèk sing sinau Alkitab dianggep penting karo Yéhuwah?

4 Nèk njenengan saiki lagi sinau Alkitab, pikirna: Njenengan nganti gelem sinau Alkitab kuwi sakjané bukti nèk Yéhuwah lagi narik njenengan bèn isa dadi kancané. (Yoh. 6:44; Kis. 13:48) Yéhuwah bahkan nganti gelem ngekèki Yésus dadi tebusan. (Rm. 5:​10, 11) Menurut Alkitab, ’Yéhuwah mriksa atiné manungsa.’ Kuwi berarti Yéhuwah nggatèkké lan seneng ndelok upayané njenengan kanggo luwih kenal Dhèwèké lan nggawé perubahan sesuai sing Dhèwèké karepké. (WB. 17:3; 27:11) Aja nganti kuwi kabèh dianggep sepélé.

5. Nèk ngetrapké naséhat ing Filipi 3:​16, sing sinau Alkitab bakal piyé?

5 Nah, piyé njenengan nduduhké nèk menghargai tebusan? Salah sijiné manut naséhaté Paulus kanggo jemaat ing Filipi, ”[Terusa] maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki”. (Flp. 3:16) Kuwi berarti aja nganti ngejarké apa waé utawa sapa waé marakké njenengan dadi ora maju.—Mat. 7:14; Luk. 9:62.

6. Nèk ana ajaran ing Alkitab sing angèl ditampa utawa ditrapké, sing sinau Alkitab kudu piyé? (Pangandharing Torèt 30:​11-14) (Deloken gambar.)

6 Nèk ana ajaran ing Alkitab sing angèl ditampa utawa dipahami, sinaua luwih akèh lan ndongaa njaluk Yéhuwah mbantu bèn isa luwih paham. (Mzm. 86:11) Tapi nèk isih tetep durung paham, aja fokus terus ing topik kuwi lan aja mandheg sinau Alkitabé. Terus, nèk ana kebiasaan sing angèl ditinggalké, aja nyerah soalé njenengan mesthi isa ngupayakké kuwi. Élinga nèk sing dijaluk Yéhuwah kuwi mesthi sesuatu sing isa njenengan lakukan. (Wacanen Pangandharing Torèt 30:​11-14.) Yéhuwah ya janji bakal nulungi. (Yés. 41:​10, 13; 1 Kor. 10:13) Daripada fokus karo hal-hal sing menurut njenengan angèl dilakukan utawa dipahami, fokus waé karo apa sing isa dilakukan kanggo nduduhké nèk menghargai persediaané Yéhuwah, termasuk tebusan. Nèk rasa sayangé njenengan karo Yéhuwah saya gedhé, njenengan bakal ngrasakké nèk ”préntah-préntahé kuwi ora abot”.—1 Yoh. 5:3.a

Wong lanang lagi maca Pelajaran 40 buku ”Bahagia Saklawasé”. Ing ngarepé ana sak bungkus rokok lan asbak sing kebak puntung rokok.

Sing dijaluk Yéhuwah kuwi mesthi sesuatu sing isa dilakukan. Dhèwèké bahkan bakal mbantu awaké dhéwé kanggo melakukan sing Dhèwèké karepké. (Deloken paragraf 6)


7. Hal-hal apa sing isa direnungké cah-cah enom anaké Seksi Yéhuwah?

7 Cah-cah enom, nèk wong tuwamu Seksi Yéhuwah, kowé kuwi ya termasuk pelajar Alkitab. Malah, kowé kuwi pelajar Alkitab sing paling penting kanggo wong tuwamu. Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.” (Yak. 4:8; 1 Bb. 28:9) Dadi, wektu kowé ngupaya nyedhak bèn isa dadi kancané Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal nyedhak. Yéhuwah nyedhak karo kowé kuwi dudu merga kowé anaké Seksi Yéhuwah. Tapi, merga Yéhuwah mémang péngin kenal kowé secara pribadi. Bahkan Yéhuwah nganti gelem ngekèkké Anaké kanggo dadi tebusan. Kuwi hadiah sing istiméwa saka Yéhuwah kanggo kowé. (Rm. 5:​1, 2) Dadi, sakdurungé teka ing acara Peringatan, renungna sing wis dilakukan Yéhuwah lan Yésus kanggo kowé. Nèk ngrenungké kuwi, kowé bakal tergerak kanggo mikirké apa sing arep mbok lakukan kanggo nduduhké nèk kowé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus.b

NÈK NJENENGAN WIS DIBAPTIS

8. Kok isa wong sing wis dibaptis kuwi berarti wis nduduhké nèk menghargai tebusan?

8 Nèk njenengan saiki wis dibaptis, sakjané wis ana akèh hal sing njenengan lakukan sing nduduhké nèk menghargai tebusané Yésus. Misalé, njenengan gelem nggawé perubahan bèn isa nggawé Yéhuwah seneng lan dadi kancané. Njenengan ya gelem manut préntahé Yésus kanggo martakké kabar apik. Njenengan gelem janji ngabdi lan dibaptis. Mungkin njenengan ya ngadhepi penganiayaan merga nglayani Yéhuwah. (2 Tim. 3:12) Nah, kesetiaané njenengan kanggo terus nglayani Yéhuwah kuwi bukti nèk njenengan sayang Yéhuwah lan menghargai tebusan.—Ibr. 12:​2, 3.

9. Wong Kristen sing wis dibaptis kudu ngati-ati soal apa?

9 Tapi meskipun wis dibaptis, ya kudu tetep ngati-ati. Soalé, suwé-suwé, wong isa dadi ora menghargai manèh nilai korban tebusané Yésus. Gatèkna sing dialami wong Kristen ing Éfésus. Bar diuripké manèh, Yésus muji meréka merga tetep setya. Tapi Yésus ya ngomong, ”Ana sing ora tak senengi saka kowé. Saiki, katresnanmu marang aku wis ora kaya mbiyèn manèh”. (Why. 2:​3, 4) Saka kata-katané Yésus kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk ibadahé wong Kristen isa waé mulai dadi rutinitas. Mungkin isih ndonga, teka ing pertemuan ibadah, lan mèlu nginjil, tapi melakukan kuwi mung merga kebiasaan dudu merga rasa sayang ing Yéhuwah. Nah, nèk kuwi sing lagi njenengan rasakké saiki, njenengan kudu piyé?

10. Nèk ngetrapké naséhat ing 1 Timotius 4:​13, 15, wong Kristen sing wis dibaptis bakal piyé?

10 Rasul Paulus ngandhani Timotius bèn ”mikirké tenanan” ibadahé. Dhèwèké dikon luwih ”ngupaya tenanan” manèh wektu melakukan kegiatan rohani. (Wacanen 1 Timotius 4:​13, 15.) Nah, njenengan ya isa mikirké cara-cara bèn njenengan ”nduwé semangat sing gedhé” wektu melakukan kegiatan rohani. (Rm. 12:11) Misalé, bèn isa fokus ing pertemuan ibadah, sisihna luwih akèh wektu kanggo persiapan sakdurungé. Utawa, bèn isa éntuk luwih akèh manfaat wektu pelajaran pribadi, golèka panggonan sing sepi lan tenang. Kaya geni bèn isa tetep murub kudu ditambahi kayu, bèn isa terus menghargai kabèh sing wis disedhiakké Yéhuwah kanggo njenengan, termasuk tebusan, ya kudu terus melakukan hal-hal kuwi. Sakliyané kuwi, ing minggu-minggu sakdurungé Peringatan, coba pikirna berkah-berkah istiméwa sing njenengan nikmati merga dadi Seksi Yéhuwah. Kuwi kabèh isa marakké njenengan dadi luwih bersyukur merga tebusan, sarana saka Yéhuwah bèn njenengan isa akrab karo Yéhuwah.

11-12. Nèk mulai ora semangat melakukan kegiatan rohani, apa kuwi berarti njenengan wis ora dikèki roh suci manèh karo Yéhuwah? Jelasna. (Deloken gambar.)

11 Tapi, piyé nèk kadhang ngrasa ora semangat wektu melakukan kegiatan rohani? Aja cilik ati utawa langsung nyimpulké nèk wis ora dikèki roh suci manèh. Mbiyèn, Rasul Paulus tau ngomong, ”Nèk aku nindakké kuwi merga kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi.” (1 Kor. 9:17) Apa maksudé Paulus?

12 Rasul Paulus kadhang ora semangat nginjil. Tapi, Paulus bertékad kanggo tetep nginjil, ora soal piyé perasaané wektu kuwi. Nah, kaya Paulus, tetepa melakukan kegiatan rohani bahkan wektu ngrasa males melakukan kuwi. Ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah bèn dikèki ”kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kuwi”. (Flp. 2:13) Terusa melakukan hal-hal sing isa marakké njenengan tambah cedhak karo Yéhuwah. Nèk terus melakukan kuwi, yakina nèk kuwi mengko bakal marakké njenengan semangat manèh.

Sedulur wédok sing kétok ora semangat pas nginjil. Dhèwèké nginjil karo nggawa bayiné. Sedulur wédok sing dadi kanca nginjilé nepuk-nepuk pundhaké sedulur kuwi.

Terusa melakukan kegiatan rohani meskipun kadhang ora semangat (Deloken paragraf 11-12)


13. Hal-hal apa waé sing isa dipikirké kanggo ’mriksa apa uripé wis cocog karo iman Kristen’?

13 Ing 2 Korintus 13:5 awaké dhéwé dikon ’terus mriksa apa uripé wis cocog karo iman Kristen lan terus mriksa kaya apa awaké dhéwé saktenané’. Carané mriksa piyé? Misalé pikirna, ’Ing uripku saiki, apa nglayani Yéhuwah kuwi isih dadi sing paling penting?’ (Mat. 6:33) ’Apa pilihan hiburanku mbuktèkké nèk aku sengit karo apa sing jahat?’ (Mzm. 97:10) ’Apa omongan lan perbuatanku nduduhké nèk aku péngin para sedulur terus rukun lan bersatu?’ (Éf. 4:​2, 3) Minggu-minggu sakdurungé Peringatan kuwi kesempatan sing apik kanggo mikirké hal-hal kuwi. Nèk ngrenungké sing wis dilakukan Yéhuwah lan Yésus, mengko ya bakal dadi péngin nduduhké nèk menghargai tebusan lan nggunakké urip kanggo nyenengké Yéhuwah lan Yésus, dudu diri sendiri.c

NÈK NJENENGAN LAGI NGEDOH SAKA JEMAAT

14. Apa sing mungkin marakké beberapa umaté Yéhuwah mulai ngedoh saka jemaat?

14 Ana beberapa umaté Yéhuwah sing mulai ora gelem teka ing pertemuan ibadah meskipun meréka wis setya nglayani Yéhuwah bertaun-taun. Alesané, beberapa ana sing kewalahan merga ”kuwatir soal urip saben dina”. (Luk. 21:34) Terus, sing liyané tersinggung karo omongan utawa perbuatané sedulur seiman. (Yak. 3:2) Ana manèh sing melakukan dosa gedhé tapi ora gelem njaluk bantuan. Ora soal apa alesané, nèk kuwi sing lagi njenengan rasakké saiki, njenengan kudu piyé? Apa pengaruhé nèk njenengan ngrenungké soal tebusan?

15. Yéhuwah piyé karo umaté sing wis ngedoh saka jemaat? (Yèhèzkièl 34:​11, 12, 16)

15 Renungna perasaané Yéhuwah karo wong-wong sing wis ngedoh saka jemaat. Yéhuwah ora nesu lan ora lali karo meréka. Kaya domba sing ilang, meréka bakal digolèki, dibantu bèn isa bali, lan dikèki mangan. (Wacanen Yèhèzkièl 34:​11, 12, 16.) Élinga, wektu narik njenengan bèn dadi umaté, Yéhuwah ndelok nèk njenengan péngin melakukan sing bener. Nah, saiki Yéhuwah narik njenengan bèn bali manèh, soalé Dhèwèké ndelok njenengan isih péngin melakukan sing bener. Buktiné, njenengan saiki lagi maca artikel iki.

16. Hal-hal apa waé sing isa direnungké wong-wong sing wis ngedoh saka jemaat? (Deloken gambar.)

16 Ing brosur Kembalilah kepada Yehuwa disebutké: ”Yakina nèk selama berjuang kanggo bali ing Yéhuwah, njenengan ora dhèwèkan. Yéhuwah bakal ngekèki kekuwatan bèn isa ngatasi rasa kuwatir soal urip saben dina. Yéhuwah bakal nambani lara atiné njenengan. Yéhuwah ya bakal ngampuni lan mbantu bèn hati nuraniné njenengan pénak manèh. Bar kuwi, mungkin njenengan dadi gelem nglayani Yéhuwah manèh bareng karo para sedulur.” Terus ya élinga nèk para pinituwa siap mbantu. Meréka bakal dadi kaya ”panggonan berlindung pas ana angin gedhé [lan] badai” kanggo njenengan. (Yés. 32:2) Kanggo nduduhké nèk menghargai tebusan, coba pikirna, ’Apa sing kudu tak lakukan bèn isa ngrampungké masalahku karo Yéhuwah?’ (Yés. 1:18; 1 Ptr. 2:25) Misalé, teka ing pertemuan ibadah secara fisik. Utawa, ngubungi pinituwa lan njaluk bantuan kanggo bali ing Yéhuwah. Mungkin pinituwa bakal ngatur bèn ana sedulur sing mbantu njenengan belajar Alkitab selama beberapa waktu. Yakina nèk Yéhuwah mesthi bakal mberkahi upayané njenengan kuwi.

Wong lanang ngadeg ing ngarepé Balai Ibadah karo nyekel Alkitab. Dhèwèké ndelok saka kadohan para sedulur lagi saling menyambut.

Coba pikirna, ’Apa sing kudu tak lakukan bèn isa ngrampungké masalahku karo Yéhuwah?’ (Deloken paragraf 16)


APA TÉKADÉ NJENENGAN?

17-18. Ing dina-dina sakdurungé acara Peringatan, apa sing isa njenengan upayakké?

17 Yésus ngomong nèk Yéhuwah nyedhiakké tebusan ”supaya saben wong sing nduduhké iman marang [Yésus] ora mati, ning isa urip saklawasé”. (Yoh. 3:16) Liwat tebusan, Yéhuwah seolah-olah nylametké manungsa saka dosa lan kematian. Kuwi sesuatu sing kudu dihargai. (Rm. 3:​23, 24; 2 Kor. 6:1) Ing dina-dina sakdurungé acara Peringatan, sisihna wektu kanggo ngrenungké kasih sayangé Yéhuwah lan Yésus. Mengko, njenengan bakal tergerak kanggo nduduhké nèk bersyukur merga wis disayangi Yéhuwah lan Yésus.

18 Mémang, carané saben wong nduduhké nèk menghargai tebusan kuwi isa béda-béda. Tapi, yakina nèk Yéhuwah mesthi bakal mberkahi upayané njenengan lan sedulur liyané sing ”ora urip kanggo kepentingané dhéwé, ning kanggo Kristus sing wis mati kanggo kabèh wong”.—2 Kor. 5:15.

APA JAWABANÉ?

  • Nèk njenengan lagi sinau Alkitab, piyé carané nduduhké nèk menghargai tebusan?

  • Nèk njenengan wis dibaptis, piyé carané nduduhké nèk menghargai tebusan?

  • Nèk njenengan saiki lagi ngedoh saka jemaat, piyé carané nduduhké nèk menghargai tebusan?

LAGU 14 Pujinen Raja Anyar ing Bumi

a Kothak ”Rencana” ing akhir saben pelajaran ing buku Bahagia Saklawasé isa bermanfaat kanggo njenengan wektu arep ngetrapké sing dipelajari.

b Nèk péngin ngerti saran-saran soal sing isa dilakukan bèn tambah akrab karo Yéhuwah, wacanen artikel ”Cita-Cita Rohani Isa Dadi Kenyataan” ing Warta Penting Mei 2023.

c Nèk péngin ngerti saran-saran bèn isa terus nduwé rasa maturnuwun karo Yéhuwah, wacanen artikel ”Apa yang Memotivasi Saudara untuk Melayani Allah?” ing Menara Pengawal 15 Juni 1995.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim