PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Januari hlm. 14-19
  • Ngapa Kok Awaké Dhéwé Butuh Banget Tebusan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngapa Kok Awaké Dhéwé Butuh Banget Tebusan?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ISA DIAMPUNI MERGA TEBUSAN
  • NDUWÉ HARAPAN DADI SEMPURNA MERGA TEBUSAN
  • NDUWÉ HUBUNGAN SING AKRAB KARO GUSTI ALLAH MERGA TEBUSAN
  • TEBUSAN KUWI BUKTI NÈK YÉHUWAH GAMPANG MESAKKÉ
  • Apa sing Isa Dipelajari saka Tebusané Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Piyé Carané Njenengan Nduduhké Nèk Menghargai Tebusan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Manfaat saka Tebusané Yésus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bersyukur Banget Merga Wis Diampuni Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Januari hlm. 14-19

16-22 MARET 2026

LAGU 20 Anak-Mu Wis Dikorbanké

Ngapa Kok Awaké Dhéwé Butuh Banget Tebusan?

”Sapa sing bakal nylametké aku saka badan sing nyebabké aku mati?”—RM. 7:24.

INTI

Merga ana tebusané Yésus, awaké dhéwé isa diampuni dosané, nduwé harapan dadi sempurna, lan isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.

1-2. Awaké dhéwé butuh dislametké saka apa, lan ngapa kok butuh ana sing nylametké? (Roma 7:​22-24) (Deloken gambar.)

BAYANGNA ana wong lanang sing kejebak ing reruntuhan bangunan sing ambruk. Dhèwèké isih urip, tapi bahkan kanggo obah waé ora isa. Dhèwèké mung isa bengok-bengok njaluk tulung lan berharap ana sing nylametké.

2 Situasi kuwi padha kaya sing dirasakké keturunané Adam. Pas Adam ora manut Yéhuwah, dhèwèké dadi dosa. Nah, dosané kuwi diwariské ing keturunané. Akibaté, kabèh manungsa saiki seolah-olah kejebak lan ora isa bébas saka dosa. Dadi, meréka butuh dislametké. Ing suraté kanggo wong Kristen ing Roma, Rasul Paulus nyebutké nèk kabèh wong kuwi ’tawanané’ dosa. (Wacanen Roma 7:​22-24.) Paulus ngrasa nèk dhèwèké seolah-olah kejebak lan bakalé mati merga dosa. Makané dhèwèké berharap ana sing nylametké. (Rm. 6:23) Sakjané, situasiné awaké dhéwé ya kaya ngono. Awaké dhéwé butuh dislametké.

Wong lanang sing kejebak ing reruntuhan bangunan sing ambruk. Dhèwèké ora isa apa-apa lan mung berharap ana sing nylametké.

Awaké dhéwé saiki ora isa bébas saka dosa lan butuh dislametké, kaya wong lanang sing kejebak ing reruntuhan bangunan sing ambruk (Deloken paragraf 1-2)


3. Apa waé manfaaté korban tebusané Yésus?

3 Nah, kata-katané Paulus bar kuwi nduduhké nèk ana harapan. Bar takon, ”Sapa sing bakal nylametké aku”, Paulus ngomong, ”Aku ngucap syukur marang Gusti Allah sing nylametké aku liwat Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé”. (Rm. 7:25) Sing dimaksud Paulus kuwi: Yéhuwah nylametké awaké dhéwé nganggo korban tebusané Yésus. Merga korban tebusan kuwi, awaké dhéwé isa (1) diampuni dosané, (2) nduwé harapan dadi sempurna, lan (3) isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki. Nèk mempelajari kuwi, awaké dhéwé bakal dadi semakin sayang karo Yéhuwah, ’Gusti Allah sing mènèhi harapan’. (Rm. 15:13) Terus, ya dadi semakin bersyukur karo Yésus sing ”wis mbébaské awaké dhéwé nganggo tebusan”.—Kol. 1:14.

ISA DIAMPUNI MERGA TEBUSAN

4-5. Ngapa kok kabèh wong butuh tebusan? (Pengkhotbah 7:20)

4 Awaké dhéwé butuh tebusan bèn isa diampuni dosa-dosané. Soalé, kabèh wong mesthi nggawé dosa. (Wacanen Pengkhotbah 7:20.) Mémang, ana sing disebut dosa gedhé. Misalé, matèni utawa melakukan hubungan sèks sing ora pantes. Nèk menurut Hukum Musa, wong sing melakukan dosa kuwi kudu dihukum mati. (Km. 20:10; Wi. 35:​30, 31) Tapi, dosa-dosa sing mungkin ora separah matèni ya dianggep dosa. Bahkan liwat omongan, wong ya isa nggawé dosa. (Yak. 3:2) Makané, Daud tau ngomong, ”Aku bakal ngati-ati bèn aku ora nggawé [dosa] merga omonganku.”—Mzm. 39:1.

5 Coba renungna, kabèh wong termasuk njenengan, mesthi tau ta ngomong utawa melakukan sesuatu sing akhiré disesali? Ing Alkitab disebutké, ”Nèk awaké dhéwé kandha, ’Aku ora nduwé dosa,’ kuwi artiné awaké dhéwé ngapusi lan ora percaya karo ajaran sing bener.”—1 Yoh. 1:8.

6-7. Apa sing dadi dhasar Yéhuwah ngampuni dosané manungsa? (Deloken gambar.)

6 Merga sifat adilé Yéhuwah, Dhèwèké butuh sesuatu kanggo dadi dhasar kanggo ngampuni. Nah, tebusan kuwi sing dadi dhasar kanggo Yéhuwah ngampuni dosané manungsa. (Éf. 1:7) Tapi, kuwi ora berarti Yéhuwah ngrèmèhké perbuatan dosa. Yéhuwah tetep sengit karo dosa.—Yés. 59:2.

7 Nèk ing Hukum Musa, bèn dosané wong Israèl isa diampuni, meréka kudu ngekèki korban kéwan. (Km. 4:​27-31; 17:11) Korban-korban kuwi nduduhké nèk meréka butuh korban sing luwih apik, yaiku kematiané Yésus. Kuwi sing dadi dhasar sing kuwat kanggo Yéhuwah ngampuni dosané manungsa. Paulus ngerti nèk kematiané Yésus kuwi manfaaté gedhé banget. Kuwi diduduhké ing suraté kanggo wong Kristen ing Korintus. Bar nyebutké soal perbuatan ora nggenah sing dilakukan wong Kristen ing Korintus mbiyèn, Paulus ngomong, ”Saiki kowé wis digawé resik, digawé suci, lan dianggep bener nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus lan nganggo roh suciné Gusti Allahé awaké dhéwé.”—1 Kor. 6:​9-11.

Wong lanang Israèl karo anak lan bojoné kétok bahagia wektu nyerahké domba ing imam kanggo dikorbanké.

Korban kéwan sing dipersembahké wong Israèl nduduhké nèk bèn dosané isa diampuni, manungsa butuh korban tebusané Yésus (Deloken paragraf 6-7)


8. Apa sing isa direnungké selama minggu-minggu sakdurungé Peringatan?

8 Selama minggu-minggu sakdurungé Peringatan taun iki, coba renungna manfaat pengampunané Yéhuwah kanggo njenengan. Misalé, nèk tau nggawé dosa gedhé tapi wis bertobat, merga ana tebusan, ora perlu terus-terusan ngrasa bersalah. Tapi, mungkin njenengan isih mikir, ’Aku ngerti nèk Yéhuwah wis ngampuni aku, tapi kanggoku, kesalahanku kuwi ora isa diampuni.’ Nah nèk ngrasa kaya ngono, élinga: Sing ngampuni dosa kuwi Yéhuwah, lan sing dikèki wewenang kanggo ngadili kuwi Yésus. Yéhuwah ora ngekèki njenengan utawa manungsa liyané hak kanggo nentokké sapa sing bakal diampuni utawa ora diampuni. Ing Alkitab disebutké, ’Nèk mlaku ing cahaya, kaya Yéhuwah ya ana ing cahaya, getihé Anaké, yaiku Yésus, ngresiki awaké dhéwé saka kabèh dosa.’ (1 Yoh. 1:​6, 7) Awaké dhéwé isa percaya soal kuwi kaya percaya karo ajaran liyané ing Alkitab. Merga ana tebusan, Yéhuwah nduwé dhasar sing kuwat kanggo ngampuni awaké dhéwé. Menurut Alkitab, Yéhuwah ”siap ngapura”.—Mzm. 86:5.

NDUWÉ HARAPAN DADI SEMPURNA MERGA TEBUSAN

9. Menurut Alkitab, ”dosa” kuwi apa? (Mazmur 51:5)

9 Ing Alkitab, sing dimaksud ”dosa” kuwi ora mung perbuatan salah sing dilakukan, tapi ya ketidaksempurnaan sing wis diduwèni kèt lair. (Wacanen Mazmur 51:5.) Merga ketidaksempurnaan kuwi, manungsa ora mung gampang mikir utawa melakukan hal sing salah, tapi badané ya bakal dadi lara, tuwa, lan mati. Kuwi sebabé bahkan bayi sing lagi lair, sing durung melakukan perbuatan salah, ya isa waé lara lan mati. Terus, ya kuwi alesané ngapa kok ora soal wongé jahat utawa apik, kabèh bakalé menderita lan mati. Merga dosané Adam, kabèh keturunané dadi ora sempurna.

10. Apa waé sing dirasakké Adam lan Hawa merga wis dosa?

10 Lha nèk Adam karo Hawa piyé? Merga wis dosa lan ora sempurna, ing atiné mulai ana perasaan-perasaan négatif. Sakwisé nggawé dosa, hati nuraniné meréka langsung marakké meréka ngrasa bersalah. (Rm. 2:15) Kuwi sesuatu sing durung tau meréka rasakké sakdurungé. Makané, meréka ngrasa kudu nutupi badané lan ndhelik saka Yéhuwah. (PD. 3:​7, 8) Kanggo pertama kaliné, Adam lan Hawa ngrasa bersalah, isin, lan wedi, lan perasaan-perasaan kuwi digawa terus nganti mati.—PD. 3:​16-19.

11. Apa akibat sing dirasakké kabèh manungsa merga wis ora sempurna?

11 Nah merga ora sempurna, awaké dhéwé saiki ya nduwé perasaan-perasaan négatif kaya Adam lan Hawa. Badan lan pikiran ya wis ora sempurna. Embuh apa waé sing diupayakké, awaké dhéwé tetep ora isa ngatasi masalah kuwi nganggo upayané dhéwé. Soalé menurut Alkitab, kèt Adam lan Hawa dosa, ’uripé manungsa wis ora ana gunané’. (Rm. 8:20) Kenyataané, kuwi sing dialami kabèh manungsa. Misalé, coba pikirna upayané manungsa kanggo nggawé lingkungan iki dadi luwih apik, nyingkirké kejahatan, kemiskinan, lan perang. Meskipun upaya-upaya kuwi mungkin ana manfaaté, tapi ora isa bener-bener ngatasi kabèh masalah. Nah, tebusané Yésus marakké awaké dhéwé nduwé harapan. Harapané apa?

12. Merga ana tebusané Yésus, awaké dhéwé dadi nduwé harapan apa?

12 Menurut Roma 8:​21, ”Harapané yaiku kabèh ciptaan bakal dibébaské bèn ora dadi budhaké dosa lan kematian.” Kuwi berarti, manungsa bakal dadi sempurna ing donya anyar. Manungsa ora bakal sengsara merga lara-laranen, déprèsi, utawa nduwé perasaan-perasaan négatif. Sakliyané kuwi, kabèh masalah ing donya iki sing saiki ora isa dirampungi nganggo upayané manungsa dhéwé bakal rampung tuntas wektu Yésus, sing wis nebus manungsa lan dadi ”Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem”, mréntah.—Yés. 9:​6, 7.

13. Hal-hal apa waé sing isa direnungké sakdurungé teka ing acara Peringatan?

13 Coba bayangna wektu njenengan wis dadi sempurna. Saben tangi ésuk awaké pénak, atiné ayem, lan ora perlu kuwatir nèk njenengan utawa kanca lan keluarga bakalé kelaparan, lara, utawa mati. Bahkan saiki, njenengan isa ngrasa damai nèk terus mikirké harapan soal masa depan. (Ibr. 6:​18, 19) Kaya jangkar sing isa marakké kapal tetep stabil, nèk terus mikirké harapan kuwi, imané njenengan isa dadi tambah kuwat lan njenengan isa terus semangat ngadhepi akèh masalah saiki. Njenengan ya isa yakin nèk Yéhuwah bakal ”mènèhi upah marang wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké”. (Ibr. 11:6) Harapan kanggo masa depan lan perasaan damai sing isa njenengan rasakké saiki kuwi ora bakal isa kelakon nèk ora ana tebusan.

NDUWÉ HUBUNGAN SING AKRAB KARO GUSTI ALLAH MERGA TEBUSAN

14. Sakwisé Adam lan Hawa dosa, hubungané manungsa karo Yéhuwah dadi piyé, lan kok isa?

14 Kèt Adam lan Hawa berdosa, hubungané manungsa dadi adoh saka Gusti Allah. Bahkan menurut Alkitab, manungsa ”dadi mungsuhé Gusti Allah”. (Rm. 8:​7, 8; Kol. 1:21) Kok isa? Élinga nèk Yéhuwah kuwi sempurna. Dhèwèké sengit banget karo dosa. Ing Alkitab disebutké, ”[Yéhuwah] suci banget, mula ora tahan ndelok apa sing jahat. [Yéhuwah] ya ora isa meneng waé nèk ndelok kejahatan.” (Hab. 1:13) Dosa marakké seolah-olah ana jurang sing gedhé antarané manungsa karo Yéhuwah. Bèn manungsa isa cedhak manèh karo Yéhuwah, seolah-olah kudu ana jembatan sing ngubungké. Nah, jembatané kuwi korban tebusané Yésus.

15. Kok isa korban tebusané Yésus marakké manungsa rukun manèh karo Yéhuwah?

15 Menurut Alkitab, Yésus kuwi ”korban kanggo dosané awaké dhéwé, sing nggawé awaké dhéwé rukun manèh karo Gusti Allah”. (1 Yoh. 2:2) Kok isa korban tebusané Yésus marakké manungsa rukun manèh karo Yéhuwah? Élinga nèk Yéhuwah nduwé standar keadilan. Nah, korban tebusané Yésus memenuhi standar keadilané Yéhuwah kuwi lan dadi dhasar kanggo Yéhuwah gelem akrab manèh karo manungsa. (Rm. 3:​23-26) Bahkan wong-wong sing nyembah Yéhuwah sakdurungé kematiané Yésus, ya isa ’dianggep bener’ merga tebusan kuwi. (PD. 15:​1, 6) Lha ngapa? Soalé Yéhuwah yakin banget nèk Yésus mesthi gelem mati dadi tebusan. (Yés. 46:10) Dadi, tebusan kuwi seolah-olah mbukak dalan bèn manungsa isa nduwé hubungan sing akrab manèh karo Gusti Allah.

16. Apa manèh sing isa direnungké sakdurungé teka ing acara Peringatan? (Deloken gambar.)

16 Coba renungna manfaat sing wis dirasakké saiki merga nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Misalé, isa nyebut Yéhuwah ”Bapak” kaya sing dipréntahké Yésus. (Mat. 6:9) Utawa, ya isa nyebut Yéhuwah ”Kanca”. Wektu nyebut Yéhuwah ”Bapak” utawa ”Kanca”, ya kudu tetep nduduhké nèk ngajèni. Lha ngapa? Élinga nèk awaké dhéwé kuwi sakjané dosa lan ora isa cedhak karo Yéhuwah nganggo upayané dhéwé. Kuwi isa kelakon mung merga tebusané Yésus. Menurut Alkitab, Yéhuwah sing marakké ’kabèh dadi rukun manèh karo Dhèwèké merga getihé Yésus sing wis diecurké ing cagak hukuman’. (Kol. 1:​19, 20) Makané, meskipun isih ora sempurna, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah bahkan kèt saiki.

Para prajurit Romawi siap-siap maku Yésus ing cagak hukuman. Sing loro nyekeli Yésus, sing siji nyekel palu lan paku.

Manungsa isa cedhak manèh karo Yéhuwah kuwi mung merga tebusané Yésus (Deloken paragraf 16)


TEBUSAN KUWI BUKTI NÈK YÉHUWAH GAMPANG MESAKKÉ

17. Ngapa kok anané tebusan kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah gampang mesakké? (Éfésus 2:​4, 5)

17 Yéhuwah kuwi gampang ”ngrasa mesakké”. Ing Alkitab disebutké, ”Senajan awaké dhéwé wis mati merga kesalahané awaké dhéwé, Dhèwèké mènèhi awaké dhéwé urip.” (Wacanen Éfésus 2:​4, 5.) Kaya wong sing kejebak ing reruntuhan, wong-wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé” seolah-olah ya bengok-bengok njaluk tulung bèn dislametké. (Kis. 13:48) Nah, Yéhuwah ngekèki meréka kesempatan kanggo belajar kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah bèn isa kenal karo Yéhuwah lan Yésus lan ngerti nèk tebusané Yésus isa marakké meréka bébas saka dosa lan kematian. (Yoh. 17:3) Dadi, nèk Sétan ngira wis nggagalké rencanané Yéhuwah, dhèwèké salah banget.

18. Hal apa manèh sing isa direnungké soal tebusan?

18 Sakliyané ngrenungké manfaaté tebusan kanggo njenengan, ana manèh sing kudu direnungké. Yéhuwah nganti gelem ngekèki tebusan kuwi ora mung kanggo nylametké manungsa. Ana alesan sing luwih penting. Tebusan kuwi carané Yéhuwah njawab tudhuhané Sétan ing Taman Èden. (PD. 3:​1-5, 15) Liwat tebusan, Yéhuwah nggawé jenengé dadi suci manèh lan mbuktèkké nèk kabèh tudhuhané Sétan ora bener. Merga mbébaské manungsa saka dosa lan kematian, Yéhuwah ya terbukti dadi Gusti Allah sing kebak katresnan. Terus, merga apikan banget, Yéhuwah ngekèki manungsa sing isih durung sempurna kesempatan kanggo mèlu mbuktèkké tudhuhané Sétan. (WB. 27:11) Nah, piyé carané mbuktèkké nèk menghargai tebusan? Kuwi sing bakal dibahas ing artikel berikuté.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok tebusan isa marakké awaké dhéwé dadi diampuni?

  • Merga ana tebusan, awaké dhéwé dadi nduwé harapan apa?

  • Ngapa kok tebusan isa marakké manungsa rukun manèh karo Yéhuwah?

LAGU 19 Ngéling-éling Pengorbanané Yésus

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim