Ngrampungi Masalah lan Ngupaya Rukun
ALLAH YÉHUWAH péngin umaté urip ayem lan rukun karo liyané. Nèk ngupaya rukun, jemaat Kristen isa dadi ayem tentrem. Kuwi isa nggawé akèh wong dadi péngin nggabung ing jemaat.
Contoné, ana dhukun ing Madagaskar sing nggatèkké nèk umaté Yéhuwah kuwi rukun. Dhèwèké kandha, ’Nèk aku péngin nggabung ing salah siji agama, ya agama sing kaya ngéné iki sing tak péngini.’ Akiré, dhèwèké mandheg dadi dhukun, ndandani urip bebojoané, lan mulai ngabdi marang Yéhuwah, Gusti Allah sing maringi katentreman.
Saiki, éwonan wong saben taun uga nggabung ing jemaat Kristen lan ngrasakké kahanan ayem tentrem kaya sing dipéngini. Ning, Alkitab kandha nèk ’rasa mèri sarta mung mikir marang awaké dhéwé’ kuwi isa ngrusak sesrawungan sing apik ing jemaat lan nggawé masalah. (Yb. 3:14-16) Ning, Alkitab mènèhi naséhat sing apik bab carané bèn ora kena masalah kaya ngono lan carané bèn saya rukun karo para sedulur. Ayo ngrembug naséhaté Alkitab sing wis kebukti migunani.
MASALAHÉ LAN SOLUSINÉ
”Aku ora isa rukun karo sedulur lanang sing kerja bareng aku. Wis tau aku lan dhèwèké padu karo mbengok-mbengok, banjur ana wong loro sing teka lan ndelok kuwi kabèh.”—CHRIS.
”Ana sedulur wédok sing biyasané kerep nginjil karo aku ujug-ujug mbatalké janjian dinasé. Dhèwèké uga wis ora gelem omongan manèh karo aku. Aku ora ngerti apa sebabé.”—JANET.
”Aku lagi tilpun-tilpunan wong telu. Wektu sing siji pamit, tak kira tilpuné wis ditutup. Aku banjur ngomongké sing èlèk bab wong kuwi karo wong sing sijiné manèh. Jebulé tilpuné mau durung ditutup.”—MICHAEL.
”Ing jemaatku, ana perintis loro sing nduwé masalah. Sing siji nesu-nesu karo sing sijiné. Masalah kuwi nggawé sedulur liyané dadi cilik ati.”—GARY.
Kuwi kabèh kétoké dudu masalah sing serius. Ning, kuwi isa nggawé lara ati lan ngrusak karukunan ing jemaat. Untungé, para sedulur kuwi manut karo tuntunané Alkitab lan dadi isa rukun manèh. Apa waé tuntunané Alkitab kuwi?
”Ana ing dalan aja padha tutuh-tinutuh [nyenèni siji lan sijiné]!” (Pd. 45:24) Kuwi naséhaté Yusuf marang para seduluré wektu padha arep bali menyang omahé bapaké. Nèk ora isa ngendhalèni perasaan lan gampang nesu, masalahé isa dadi saya parah. Wong liya uga isa dadi mèlu nesu. Chris sadhar nèk dhèwèké kadhang kala angèl kanggo andhap asor lan manut karo arahan. Chris péngin malih. Mula, dhèwèké njaluk ngapura marang sedulur mau. Chris ngupaya tenanan bèn ora gampang nesu. Wektu nggatèkké upayané Chris, sedulur kuwi uga dadi ngupaya nindakké sing padha. Saiki, wong loro kuwi isa rukun lan ngabdi bebarengan.
”Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan.” (WB. 15:22) Wektu kancané Janet ora gelem omongan manèh, Janet mutuské kanggo ngetrapké ayat iki. Janet nemoni sedulur wédok kuwi lan ngejak omong-omongan. Janet takon apa dhèwèké wis tau nglarani ati utawa nggawé nesu. Awalé rasané rada ora kepénak. Ning, sakwisé omong-omongan kanthi apikan, kahanané dadi luwih kepénak. Sedulur kuwi sadhar nèk dhèwèké mung salah paham bab sing wis kelakon mbiyèn lan Janet sakjané ora nindakké bab sing nglarani atiné. Dhèwèké njaluk ngapura karo Janet, lan wong loro kuwi saiki isa kekancan manèh sarta ngabdi bebarengan.
”Mulané manawa kowé nggawa pisungsung menyang misbyah, mangka banjur kèlingan yèn sadulurmu lagi sengit karo kowé, pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepé misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik.” (Mt. 5:23, 24) Kuwi naséhaté Yésus wektu Ceramah ing Gunung. Michael rumangsa gela banget merga wis ngomong èlèk bab sedulur kuwi. Mula, Michael mutuské kanggo nemoni sedulur kuwi lan njaluk pangapura. Michael kandha, ”Sedulur kuwi gelem ngapurani aku kanthi tulus.” Wong loro kuwi akiré isa kekancan apik manèh.
”Padha tulung-tinulunga lan apura-ingapuraa, samasa panunggalanmu ana sing duwé rasa ora kepénak atiné.” (Kl. 3:12-14, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Apa panjenengan éling karo perintis loro sing udur-uduran mau? Ana pinituwa sing kanthi apikan ngandhani wong loro kuwi nèk sikapé kuwi isa nggawé wong liya dadi rumangsa ora kepénak. Wong loro kuwi diélingké supaya padha sabar lan njaga kahanan ing jemaat bèn tetep rukun. Perintis loro kuwi gelem nampa lan ngetrapké naséhaté, lan saiki dadi rukun martakké injil bebarengan.
Naséhat ing Kolosé 3:12-14 kuwi uga isa mbantu panjenengan bèn tetep andhap asor, ngapurani wong sing nglarani ati, lan ora ngéling-éling masalahé. Ning, piyé nèk awaké dhéwé tetep ora isa ngapurani senajan wis ngupaya? Pathokané Alkitab ing Matéus 18:15 isa mbantu awaké dhéwé. Pancèn, ing ayat kuwi, Yésus kususé lagi ngrembug bab dosa serius. Ning, ayat kuwi uga nerangké apa sing isa ditindakké wektu ngalami masalah karo para sedulur. Kita isa nemoni sedulur kuwi kanggo ngomongké lan ngrampungi masalahé kanthi cara sing apikan lan andhap asor.
Ing Alkitab ana akèh naséhat liyané sing isa ditrapké. Alkitab kerep ngélingké supaya kita ngendelké roh suciné Yéhuwah bèn isa nduduhké ’wohing roh’, yaiku ”katresnan, kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sarèh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebudèn, bisa ngemudhèni dhiri”. (Gl. 5:22, 23) Kuwi kayadéné mesin sing isa mlaku lancar nèk bagéan-bagéané dikèki minyak. Semono uga, nèk kita nduduhké sipat-sipaté Yéhuwah kuwi, kita isa dadi luwih gampang ngrampungi masalah lan nduwé hubungan sing apik karo wong liya.
SIPAT SING BÉDA-BÉDA NGGAWÉ KAHANAN DADI NYENENGKÉ
Awaké dhéwé kabèh nduwé sipat, pandhangan, lan cara ngomong utawa tumindak sing béda-béda. Kuwi isa nggawé sesrawungan dadi nyenengké. Ning, kuwi uga isa marahi padu lan salah paham. Salah siji pinituwa sing wis nduwé akèh pengalaman kandha, ”Wong sing isinan isa waé ora gampang srawung karo wong sing grapyak lan blak-blakan. Senajan kuwi kétoké sepélé, ning isa dadi masalah sing gedhé.” Apa pancèn wong sing sipaté béda ngono kuwi ora bakal isa rukun? Coba digatèkké contoné Pétrus lan Yokanan, rasul loro sing béda sipaté. Pétrus kuwi terkenal blak-blakan, nèk Yokanan kuwi wong sing kalem lan biyasané mikir dhisik sakdurungé ngomong utawa tumindak. Senajan sipaté béda banget, wong loro kuwi isa rukun ngabdi bebarengan marang Yéhuwah. (PR. 8:14; Gl. 2:9) Wong-wong Kristen jaman saiki uga isa rukun kerja bebarengan senajan sipaté béda-béda.
Ning, piyé nèk ana sedulur ing jemaat sing ngomong utawa tumindak sing nglarani ati? Élinga nèk Yésus mati ora mung kanggo panjenengan thok, ning uga kanggo sedulur kuwi, lan kita kudu nresnani para sedulur. (Yo. 13:34, 35; Rm. 5:6-8) Dadi, aja nganti awaké dhéwé ngedohi dhèwèké utawa ora gelem kekancan manèh. Coba dipikir, ’Apa sedulur kuwi nindakké bab sing nglanggar hukumé Yéhuwah? Apa dhèwèké pancèn sengaja nglarani atiku? Utawa sakjané iki mung merga béda sipat? Malah, apa dhèwèké nduwé sipat apik sing péngin tak upayakké?’
Contoné, nèk panjenengan menengan, coba nginjila bareng karo sedulur sing seneng ngomong. Apa ana bab sing isa diconto saka dhèwèké? Utawa, mbokmenawa ana sedulur sing luwih loma timbang panjenengan. Apa panjenengan nggatèkké nèk seneng mbantu wong sing lara, luwih tuwa, utawa sing mbutuhké bantuan kuwi isa nggawé bungah? Apa panjenengan isa niru sipat lomané sedulur kuwi? Nèk ana sing sipaté béda karo panjenengan, coba gatèkna sipat-sipat apiké waé. Panjenengan isa dadi rukun lan luwih cedhak karo dhèwèké, senajan mbokmenawa ora nganti dadi kanca raket. Kuwi isa nggawé jemaat dadi rukun lan ayem tentrem.
Ing abad kapisan, ana sedulur wédok sing jenengé Euodhia lan Sintikhé. Senajan wong loro kuwi sipaté béda banget, rasul Paulus ngandhani supaya ’padha golong-gilig [nduwé pikiran sing padha] ana ing Gusti’. (Fp. 4:2) Kita kabèh uga péngin ngabdi bebarengan karo para sedulur lan ngupaya rukun ing jemaat.
KUDU NDANG CEPET DIRAMPUNGI
Apa sebabé kita kudu ngilangi perasaan èlèk marang sedulur liya? Perasaan èlèk kuwi padha karo alang-alang sing ngèlèk-èlèki pemandhangan ing kebon sing akèh kembangé. Nèk dijarké waé, alang-alang kuwi suwé-suwé isa ngebaki kebon. Semono uga, nèk ora diilangi, perasaan èlèk kuwi isa ana pengaruhé kanggo kabèh sing ana ing jemaat. Ning, nèk nduwé rasa tresna marang Yéhuwah lan para sedulur, kita bakal ngupaya kanggo njaga karukunan ing jemaat.
Panjenengan isa waé ora nyangka nèk asilé isa dadi apik nèk ngupaya rukun kanthi andhap asor
Kita isa waé ora nyangka nèk asilé isa dadi apik nèk wis ngupaya rukun. Ana sedulur wédok sing crita, ”Aku rumangsa dianggep kaya cah cilik karo salah siji sedulur wédok. Kuwi nglarani atiku banget. Suwé-suwé aku mulai dadi kasar karo dhèwèké. Aku mikir, ’Dhèwèké ora ngajèni aku, dadi aku ya ora bakal ngajèni dhèwèké.’”
Sedulur wédok kuwi banjur mikirké sikapé, ”Aku rumangsa gela wektu ndelok sikap èlèkku dhéwé. Aku sadhar nèk kudu ngowahi pikiranku. Sakwisé ndongakké bab iki, aku ngekèki hadiah cilik kanggo sedulur mau lan nulis surat sing isiné njaluk ngapura merga sikapku sing èlèk. Aku rangkulan karo dhèwèké lan padha-padha ngapurani. Masalahé dadi rampung.”
Kabèh wong péngin urip rukun. Ning, sikap sombong utawa perasaan sing ora kepénak isa marahi ana tumindak sing nggawé kahanan dadi ora rukun. Kuwi wis lumrah ing donya iki. Ning, Yéhuwah ora péngin umaté kaya ngono. Kahanan ing antarané Seksi-Seksi Yéhuwah kudu rukun lan ayem tentrem. Yéhuwah maringi wahyu marang Paulus kanggo ngandhani bèn wong-wong Kristen padha ’urip dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku’. Paulus kandha, ’Ditansah andhap-asor, sarèh lan sabar. Padha ngétokna katresnanmu kalawan tulung-tinulung. Lan ngudia lestariné anggonmu tetunggalan ing roh sarana suhing atut rukun.’ (Éf. 4:1-3) Karukunan ing antarané umaté Yéhuwah kuwi aji banget. Mula, ayo ngupaya rukun lan ngrampungi masalah karo para sedulur.