PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwbq artikel 193
  • Nabi Danièl Kuwi Sapa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nabi Danièl Kuwi Sapa?
  • Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Subjudhul
  • Jawaban ing Alkitab
  • Danièl kuwi sapa?
Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
ijwbq artikel 193
Nabi Danièl ing guwa singa lagi ndonga.

Nabi Danièl Kuwi Sapa?

Jawaban ing Alkitab

Nabi Danièl kuwi wong Yahudi sing urip 600 taun sakdurungé ana Yésus Kristus. Gusti Allah nggawé dhèwèké isa ngerti arti mimpi-mimpi, mènèhi dhèwèké wahyu soal masa depan, lan ngongkon dhèwèké nulis siji buku ing Alkitab.​—Danièl 1:17; 2:19.

Danièl kuwi sapa?

Danièl kuwi saka Yéhuda. Ibukotané Yéhuda kuwi Yérusalèm, terus ing kono ya ana baité wong Yahudi. Taun 617 SM, Nébukhadnézar, raja Babilon, ngalahké Yérusalèm. Terus, ’wong-wong penting ing negara kuwi didadèkké tawanan ing Babilon’. (2 Para Raja 24:15; Danièl 1:1) Sing ditawan ya termasuk Danièl. Wektu kuwi dhèwèké isih remaja.

Danièl karo cah-cah enom liyané digawa ing istana Babilon.

Danièl karo cah-cah enom liyané (termasuk Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo) digawa ing istana Babilon bèn dilatih dadi pejabat. Meskipun dikon nglakoni sing salah, Danièl karo kanca-kancané tetep setya karo Yéhuwah. (Danièl 1:3-8) Bar telung taun dilatih, wong papat kuwi dadi pinter lan trampil, nganti akhiré dipuji karo Raja Nébukhadnézar. Jaréné, wong papat kuwi ”ping sepuluh luwih apik timbang kabèh ahli ilmu gaib lan para peramal ing kabèh wilayah kerajaan kuwi”. Akhiré, Danièl karo kanca-kancané dikon nglayani ing istana.​—Danièl 1:18-20.

Wektu umur 90-an, Danièl diundang ing istana. Raja Bèlsyazar, sing wektu kuwi mréntah ing Babilon, ngongkon Danièl njelaské artiné tulisan sing tiba-tiba muncul ing témbok. Merga dibantu Gusti Allah, Danièl isa ngerti artiné. Danièl ngomong nèk Babilon bakal dikalahké karo Kerajaan Média-Pèrsia. Kata-katané Danièl kelakon tenan bengi kuwi.​—Danièl 5:1, 13-31.

Danièl njelaské artiné tulisan ing témbok.

Bar kuwi, Danièl didadèkké pejabat tinggi ing Kerajaan Média-Pèrsia. Terus, Raja Darius ya péngin ngekèki Danièl jabatan sing luwih dhuwur. (Danièl 6:1-3) Pejabat liyané dadi iri, terus meréka nggawé siasat bèn Danièl dilebokké ing guwa singa. Tapi, Yéhuwah nylametké Danièl. (Danièl 6:4-23) Pas Danièl wis tuwa banget, ana malaékat sing nemoni dhèwèké, terus ping loro ngomong nèk Danièl kuwi ”wong sing bener-bener disayangi” karo Gusti Allah.​—Danièl 10:11, 19.

Deloken kisahé Danièl ing vidéo Danièl—Terus Nduduhké Iman bagéan I karo II.

Apa buktiné nèk sing ditulis ing buku Danièl kuwi mémang bener-bener kelakon?

Danièl nulis: Nébukhadnézar nggawé patung sing gedhé banget, terus ngongkon rakyaté nyembah patung kuwi. Sing ora gelem bakal diuncalké ing ruang pembakaran.​—Danièl 3:1-6.

Buktiné: Menurut Encyclopædia Britannica, ”Ing Babilon kerep ana proyèk pembangunan. Tujuané ora mung bèn Nébukhadnézar dipuji-puji, tapi ya bèn rakyaté nyembah déwa-déwa.”

Ing beberapa tulisan kuna sing ditemokké ya disebutké nèk mémang ing Babilon ana raja-raja sing ngukum wong sing bersalah ing ruang pembakaran. Misalé, ana tulisan saka jaman pas Nébukhadnézar mréntah sing nyebutké hukumané pejabat sing ngécé déwa-déwa Babilon. Ing kono disebutké, ”Wong-wong kuwi kudu dipatèni, dibakar, dipanggang, . . . ing ruang pembakarané juru masak . . . nganti asapé ngebul-ngebul. Meréka kudu dibakar nganti mati.”a

Danièl nulis: Raja Nébukhadnézar nyombongké istanané.​—Danièl 4:29, 30.

Bata sing ditemokké ing Babilon, sing ana jenengé Nébukhadnézar

Buktiné: ”Nébukhadnézar ngomong nèk dhèwèké kuwi raja sing apik lan hébat.”b Misalé Nébukhadnézar nulis ngéné ing témbok, ”Aku mbangun témbok sing kaya gunung, sing ora isa dihancurké . . . Bèntèng-bèntèng ing Esagila lan Babilon tak gawé kuwat banget bèn wong-wong kèlingan karo jenengku nganti saklawasé.”c Bahkan ing bata-bata sing ditemokké ing Babilon ya ana jenengé Nébukhadnézar.

Danièl nulis: Danièl ditawani Raja Bèlsyazar bèn dadi ”penguasa ketelu” ing Kerajaan Babilon.​—Danièl 5:1, 13-16.

Tulisan kuna saka taun 550 SM sing nyebutké jenengé Raja Nabonidus karo anaké, Bèlsyazar

Buktiné: Selama peristiwa sing dicritakké ing Danièl bab 5, sakjané raja ing Babilon kuwi Nabonidus. Tapi, Nabonidus luwih kerep ing Arab. Lha terus, sapa sing mréntah ing Babilon? Menurut ahli sejarah Raymond Philip Dougherty ing buku Nabonidus and Belshazzar, ”Ing tulisan kuna sing ditemokké disebutké nèk Nabonidus masrahké pamréntahan Babilon ing anaké sing pertama, yaiku Bèlsyazar. Dadi selama Nabonidus ora ing Babilon, Bèlsyazar sing mréntah.” Merga penguasa pertama kuwi Nabonidus, terus penguasa keloro kuwi Bèlsyazar, makané Danièl ditawani dadi penguasa ketelu.

a Journal of Biblical Literature, Jilid 128, Nomer 2, halaman 279, 284.

b Babylon—City of Wonders, karyané Irving Finkel lan Michael Seymour, halaman 17.

c Archæology and the Bible, karyané George Barton, halaman 479.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim