Dibaptis Kuwi Apa?
Jawaban ing Alkitab
Dibaptis kuwi sak awak dilelebké kabèh ing banyu.a Ing Alkitab ana akèh keterangan soal wong-wong sing dibaptis. (Kisah 2:41) Salah sijiné kuwi Yésus, sing dibaptis ing Kali Yordan. (Matius 3:13, 16) Bertaun-taun bar kuwi, ana pejabat Étiopia sing njaluk dibaptis pas ndelok ”panggonan sing akèh banyuné”.—Kisah 8:36-40.
Yésus mulang nèk péngin dadi muridé kuwi syaraté kudu dibaptis. (Matius 28:19, 20) Keterangan kuwi ya ditandheské manèh karo Rasul Pétrus.—1 Pétrus 3:21.
Ing artikel iki bakal dibahas:
Apa artiné dibaptis?
Wektu wong dibaptis, dhèwèké nduduhké ing ngarepé wong akèh nèk wis bertobat saka dosa-dosané lan wis janji bakal melakukan sing dadi karepé Gusti Allah. Kuwi termasuk dhèwèké bakal selalu manut karo Gusti Allah lan Yésus. Kuwi ya berarti dhèwèké gelem terus diarahké Gusti Allah bèn akhiré isa urip saklawasé.
Ngapa kok kudu dilelebké? Soalé kuwi ana artiné. Ing Alkitab, dibaptis kuwi dipadhakké kaya dikubur. (Roma 6:4; Kolose 2:12) Dadi, baptisan nglambangké perubahan sing wis dilakukan wong kuwi. Wektu dilelebké ing banyu, kuwi nggambarké nèk sifat, perbuatan, lan kebiasaané sing mbiyèn seolah-olah dikubur utawa wis ora dilakukan manèh. Terus, wektu metu saka banyu, kuwi nggambarké nèk sejak saat kuwi uripé dienggo ngabdi karo Gusti Allah.
Apa baptisan bayi kuwi sesuai karo ajaran ing Alkitab?
Ing Alkitab ora ana ajaran soal baptisan bayi.b Menurut Alkitab, wong nèk péngin dibaptis kuwi ana persyaratané. Misalé, dhèwèké kudu paham paling ora ajaran dhasar Alkitab lan ngetrapké kuwi. Dhèwèké ya kudu wis bertobat saka dosa-dosané. Terus, liwat donga ngomong nèk uripé bakal dienggo nglayani Gusti Allah. (Kisah 2:38, 41; 8:12) Nah, bayi ora isa melakukan hal-hal kuwi.
Apa maksudé dibaptis nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci?
Yésus ngongkon murid-muridé, ”Dadèkna wong-wong . . . dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci. Wulangen wong-wong kuwi bèn nindakké kabèh sing wis tak préntahké marang kowé.” (Matius 28:19, 20) ”Nganggo jenengé” kuwi maksudé wong sing dibaptis kudu paham lan ngakoni wewenang lan kedudukané Bapak karo Anak lan perané roh suci. Rasul Pétrus ya tau nggunakké istilah kuwi wektu ngomong karo wong lanang sing lumpuh kèt lair, ”Nganggo jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, mlakua.” (Kisah 3:6) Saka kata-kata kuwi, Pétrus ngakoni wewenangé Yésus lan nduduhké nèk sing kuduné dipuji merga wis marèkké wong lanang kuwi ya mung Yésus.
”Bapak” kuwi maksudé Gusti Allah Yéhuwah.c Yéhuwah kuwi Pencipta, Sing Mènèhi Urip, lan Sing Mahakuwasa. Wewenangé Yéhuwah ora ana batesé.—Purwaning Dumadi 17:1; Wahyu 4:11.
”Anak” kuwi maksudé Yésus Kristus, sing wis mati kanggo manungsa. (Roma 6:23) Nèk péngin urip saklawasé, awaké dhéwé kudu ngakoni nèk Yésus sing nduwé peran penting bèn karepé Gusti Allah kanggo manungsa kelakon.—Yohanes 14:6; 20:31; Kisah 4:8-12.
”Roh suci” kuwi maksudé kuwasa utawa kekuwatané Gusti Allah.d Liwat roh suci, Gusti Allah nyiptakké, ngekèki urip, nyampèkké omongané kanggo para nabiné lan umaté, lan ngekèki umaté kekuwatan bèn isa melakukan karepé. (Purwaning Dumadi 1:2; Ayub 33:4; Roma 15:18, 19) Liwat roh suciné, Gusti Allah ya nyampèkké pikirané bèn ditulis ing Kitab Suci.—2 Pétrus 1:21.
Dibaptis manèh kuwi éntuk apa ora?
Ana akèh wong sing pindhah agama. Nah nèk ing gréja sakdurungé meréka wis tau dibaptis, nèk dibaptis manèh kuwi dosa apa ora? Ana sing ngomong nèk kuwi dosa, merga ing Éfésus 4:5 disebutké, ”Mung ana Gusti siji, iman siji, baptisan siji”. Padahal sakjané ayat kuwi dudu maksudé nèk ora éntuk dibaptis manèh. Kok isa?
Kontèks. Menurut kontèksé, ing Éfésus 4:5 iki Rasul Paulus lagi njelaské nèk wong Kristen kudu nduwé iman lan kepercayaan sing padha. (Éfésus 4:1-3, 16) Kuwi mung isa kelakon nèk meréka padha-padha manut Gusti sing padha yaiku Yésus Kristus, nduwé iman sing padha yaiku pemahaman soal ajaran ing Alkitab, lan padha-padha manut syarat ing Alkitab soal baptisan.
Rasul Paulus tau ngongkon wong-wong sing wis dibaptis kanggo dibaptis manèh. Soalé, wektu dibaptis sakdurungé, meréka durung bener-bener paham ajaran ing Alkitab.—Kisah 19:1-5.
Baptisan sing sesuai karepé Gusti Allah. Baptisan sing sesuai karo karepé Gusti Allah kuwi dhasaré kudu merga pengetahuan sing bener soal ajaran ing Alkitab. (1 Timotius 2:3, 4) Nèk wong dibaptis tapi sing dipercaya kuwi ajaran sing ora sesuai karo Alkitab, baptisané ora dianggep sah karo Gusti Allah. (Yohanes 4:23, 24) Isa waé wong kuwi bener-bener tulus, tapi baptisané kuwi ”ora sesuai karo pengetahuan sing bener”. (Roma 10:2, cathetan ngisor) Bèn isa nyenengké Gusti Allah, dhèwèké kudu mempelajari ajaran ing Alkitab, ngetrapké kuwi, nggawé janji ngabdi, terus dibaptis manèh. Nah, baptisan sing keloro iki dudu dosa. Malah, kuwi berarti dhèwèké melakukan sing dikarepké Gusti Allah.
Baptisan-baptisan liyané sing disebutké ing Alkitab
Sakliyané baptisan sing dilakukan murid-muridé Yésus, sing carané sak awak dilelebké kabèh ing banyu, ing Alkitab ana keterangan soal baptisan liya sing artiné béda. Contoné:
Baptisan sing dilakukan Yohanes Pembaptis.e Sing dibaptis Yohanes kuwi wong Yahudi lan wong sing pindhah agama dadi Yahudi. Baptisané kuwi lambang nèk meréka wis bener-bener bertobat saka dosané lan sadhar nèk wis nglanggar Hukum Musa, yaiku hukum sing dikèki Gusti Allah kanggo bangsa Israèl. Baptisan sing dilakukan Yohanes ya nyiapké meréka bèn isa nitèni lan percaya nèk Yésus saka Nazarèt kuwi Mésias.—Lukas 1:13-17; 3:2, 3; Kisah 19:4.
Baptisané Yésus. Sing mbaptis Yésus kuwi Yohanes Pembaptis. Baptisané Yésus béda karo baptisan-baptisan liyané. Yésus kuwi manungsa sempurna lan ora dosa. (1 Pétrus 2:21, 22) Dadi, baptisané dudu lambang nèk dhèwèké bertobat utawa nèk dhèwèké ”njaluk marang Gusti Allah bèn nduwé hati nurani sing apik”. (1 Pétrus 3:21) Tapi, kuwi lambang nèk kèt dibaptis, Yésus dadi Mésias sing dijanjèkké utawa Kristus sing bakal melakukan karepé Gusti Allah, termasuk mati kanggo nebus manungsa.—Ibrani 10:7-10.
Baptisan nganggo roh suci. Yohanes Pembaptis lan Yésus Kristus padha-padha tau nyebutké soal baptisan nganggo roh suci. (Matius 3:11; Lukas 3:16; Kisah 1:1-5) Baptisan iki ora padha karo baptisan nganggo jenengé roh suci. (Matius 28:19) Lha ngapa?
Ora kabèh muridé Yésus dibaptis nganggo roh suci. Sing dibaptis nganggo roh suci kuwi dilantik kanggo munggah swarga bèn dadi raja lan imam bareng karo Kristus.f (1 Pétrus 1:3, 4; Wahyu 5:9, 10) Ing swarga, meréka mengko bakal mréntah jutaan muridé Yésus sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi Firdaus.—Matius 5:5; Lukas 23:43.
Baptisan kanggo bersatu karo Kristus Yésus lan dibaptis ing kematiané. Sing dibaptis nganggo baptisan iki kuwi wong-wong sing dibaptis nganggo roh suci. (Roma 6:3) Makané, baptisan iki mung kanggo para pengikuté Yésus sing dilantik kanggo mréntah bareng Yésus ing swarga. Bar dibaptis lan bersatu karo Kristus Yésus, meréka dadi anggota jemaaté Yésus ing swarga. Yésus sing dadi Kepala, lan meréka sing dadi badané.—1 Korintus 12:12, 13, 27; Kolose 1:18.
Meréka ya ”dibaptis ing kematiané” Yésus. (Roma 6:3, 4) Merga niru Yésus, uripé meréka mung dienggo manut karo Gusti Allah lan ora nyenengké diri sendiri. Bahkan, meréka ya réla ngorbanké kesempatan urip saklawasé ing bumi. Nah, wektu meréka mati lan diuripké manèh dadi makhluk roh ing swarga, kuwi seolah-olah wektuné meréka rampung dibaptis.—Roma 6:5; 1 Korintus 15:42-44.
Baptisan nganggo geni. Yohanes Pembaptis tau ngomong, ”[Yésus] bakal mbaptis kowé nganggo roh suci lan geni. . . . Dhèwèké nyekel sekop sing dienggo misahké gandum saka kulité lan bakal ngresiki panggonan kanggo nggiles gandum, terus nglumpukké gandumé ing gudhang. Ning, kulit gandumé bakal diobong nganggo geni sing ora isa dipatèni.” (Matius 3:11, 12) Baptisan nganggo geni kuwi béda karo baptisan nganggo roh suci. Apa bédané?
Gandum nggambarké wong-wong sing bakal ngrungokké lan manut karo Yésus. Meréka nduwé kesempatan dibaptis nganggo roh suci. Nèk kulit gandum nggambarké wong-wong sing ora gelem ngrungokké Yésus. Meréka bakal dibaptis nganggo geni, sing maksudé bakal dipatèni saklawasé.—Matius 3:7-12; Lukas 3:16, 17.
a Menurut Vine’s Complete Expository Dictionary of Old and New Testament Words, kata Yunani sing diterjemahké dadi ”dibaptis” kuwi maksudé ”sak awak dilelebké kabèh ing banyu, terus ditokké manèh”.
b Baptisan bayi kuwi upacara sing dilakukan ing beberapa gréja. Ing upacara kuwi, bayi dikèki jeneng baptis, terus sirahé diciprati utawa disirami banyu.
c Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Deloken artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”
d Deloken artikel ”Roh Suci Kuwi Apa?”
e Deloken artikel ”Yohanes Pembaptis Kuwi Sapa?”
f Deloken artikel ”Sapa sing Bakal Munggah ing Swarga?”
g Ing Alkitab, kata ”dibaptis” ya digunakké kanggo njelaské ritual ngresiki peralatan, misalé ngekum alat makan. (Markus 7:4; Ibrani 9:10) Ritual iki béda karo baptisané Yésus lan para muridé.