PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 56
  • Menurut Alkitab, Apa Wong Jahat Bakal Ana Terus?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menurut Alkitab, Apa Wong Jahat Bakal Ana Terus?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Wong Jahat Ora Ana Manèh
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Taun 2022 Ana Akèh Kekacauan?
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Bumi Panas Banget?
    Topik Liyané
  • Ngapa Kok Ana Bocah-Bocah sing Ditémbaki ing Sekolahan?
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Apa Wong Kristen Éntuk Mèlu Perang?
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 56
Bayangan wong lagi némbak.

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Wong Jahat Bakal Ana Terus?

BERITA SING PALING ANYAR: 27 April 2023

Durung suwé iki ana beberapa kasus penémbakan ing sak donya lan akèh sing mati. Misalé:

  • ”Ana laporan saka Amerika Serikat, nèk paling ora saben minggu ana siji kasus penémbakan sing korbané akèh banget.”​—21 April 2023, The Guardian.

  • ”Ing Afrika Selatan, ana sepuluh anggota keluarga sing mati merga ditémbaki ing omahé. Sing dadi korban termasuk wong wédok pitu karo bocah lanang sing umuré lagi 13 taun.”​—21 April 2023, AP News.

  • ”Ana wong lanang sing némbaki wong-wong ing Balai Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Hamburg, Jerman. Sing mati ana enem, lan sing némbaki bunuh diri.”​—10 Maret 2023, Reuters.

Ing Alkitab, ana ayat-ayat sing isa nguwatké wong-wong sing lagi waé ngalami musibah kaya sing disebutké mau. Deloken pengalamané Sedulur DeJanerio Brown: Tetep Kuwat Merga Sedulur-Sedulur.

Ing Alkitab ya ana keterangan ngapa kok uripé manungsa saiki susah. Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, deloken vidéo Ngapa Uripé Manungsa Saiki Susah?

Selama bulan Juli 2022, ana akèh wong sing mati merga ditémbaki:

  • ”Ing Jepang, ana tokoh politik terkenal sing mati merga ditémbak [mantan perdana menteri Shinzo Abe]. Peristiwa kaya ngono kuwi jarang kelakon ing Jepang, soalé ijin kanggo memiliki senjata api waé angèl. Makané, wong-wong ing Jepang lan negara-negara liya padha kagèt.”​—10 Juli 2022, The Japan Times.

  • ”Ing Denmark, ana sing némbaki wong-wong ing mal ing Kopenhagen. Sing mati ana telu.”​—4 Juli 2022, Reuters.

  • ”Ing Afrika Selatan, ana 15 sing mati merga ditémbaki ing kutha Soweto.”​—10 Juli 2022, The Guardian.

  • ”Ing Amerika Serikat, ana 220 sing mati merga ditémbaki pas ngrayakké hari kemerdékaan.”​—5 Juli 2022, CBS News.

Apa wong-wong sing jahat kaya ngono bakal ana terus? Ing Alkitab ana keterangan apa?

Wong Jahat Ora Ana Manèh

Menurut Alkitab, saiki wis ”akhir jaman”. Dadi, ana akèh wong sing jahat lan kejem. (2 Timotius 3:1, 3) Akibaté, akèh wong padha wedi. (Lukas 21:11) Tapi ing Alkitab ya ana janji nèk wong jahat ora bakal ana manèh, terus kabèh wong ”bakal manggon ing panggonan sing aman, tenang, lan nggawé ayem”. (Yésaya 32:18) Piyé carané?

Sukmbèn ora ana manèh senjata, lan wong jahat bakal disingkirké karo Gusti Allah.

  • ”Wong jahat bakal disingkirké saka bumi.”​—Wulang Bebasan 2:22.

  • ”[Gusti Allah] ngendhegké perang ing bumi. Dhèwèké ngremuk busur panah lan tombak. Dhèwèké ngobong kréta-kréta perang.”​—Mazmur 46:9.

Wong-wong bakal diajari karo Gusti Allah bèn isa rukun karo liyané.

  • ”Ora ana sing bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak ing kabèh wilayahé gunung-Ku sing suci, merga pengetahuan soal Yéhuwah bakal ngebaki bumi kaya banyu sing ngebaki laut.”​—Yésaya 11:9.

  • Saiki waé, Gusti Allah ya wis ngajari wong-wong bèn ora seneng karo kekerasan lan ora nggunakké senjata. Wong-wong kuwi wis ”nggawé pedhangé dadi mata bajak lan tombaké dadi arit”.​—Mikha 4:3.

Gusti Allah janji sukmbèn awaké dhéwé ora perlu wedi manèh merga wong jahat wis ora ana. Wacanen artikel ”Bebas dari Ketakutan—Mungkinkah?”

Piyé carané bèn sukmbèn ora ana manèh wong jahat? Wacanen artikel ”Damai di Bumi Akhirnya!”

Selama bulan Juli nganti Agustus 2022, ana pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah sing judhulé Ngupayakké Damai. Acarané isa didelok ing jw.org. Ing kono dibahas piyé carané bèn isa ngrasakké damai saiki lan nganti saklawasé. Njenengan diundang mèlu ndelok acarané.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim