PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 58
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Bumi Panas Banget?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Bumi Panas Banget?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa kuwi wis diramalké ing Alkitab?
  • Apa bumi bakalé ora isa dienggoni manèh?
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Taun 2022 Ana Akèh Kekacauan?
    Topik Liyané
  • Gelombang Panas Taun 2023
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Apa Wong Jahat Bakal Ana Terus?
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Ngapa Kok Bumi Iki Rusak?
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 58
Gambar térmomèter.

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Ngapa Kok Bumi Panas Banget?

Selama Juli 2022, ing endi-endi hawané panas banget.

  • ”Selama sasi Juli, wis ping pindho iki hawané panas banget ing 70 kutha ing Tiongkok.”​—25 Juli 2022, CNN Wire Service.

  • ”Merga panas banget, ana akèh banget kebakaran hutan ing Eropa.”​—17 Juli 2022, The Guardian.

  • ”Pas dina Minggu, mèh kabèh kutha-kutha ing Amerika Serikat hawané panas banget.”​—24 Juli 2022, The New York Times.

Apa bumi bakal isa terus dienggoni manungsa? Ing Alkitab ana keterangan apa?

Apa kuwi wis diramalké ing Alkitab?

Ya. Misalé, Yésus ngramalké nèk bakal ana ”perkara-perkara sing nggawé wedi”. (Lukas 21:11) Merga bumi panas banget, wong-wong padha wedi nèk bumi mengko rusak nganti ora isa dienggoni manèh.

Apa bumi bakalé ora isa dienggoni manèh?

Gusti Allah nggawé bumi bèn isa dienggoni manungsa nganti saklawasé. (Mazmur 115:16; Pengkhotbah 1:4) Dadi, Gusti Allah ora bakal meneng waé nèk ana manungsa sing ngrusak bumi. Dhèwèké janji nèk bakal ”nyingkirké wong-wong sing lagi ngrusak bumi”.​—Wahyu 11:18.

Gusti Allah janji apa manèh?

  • ”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.” (Yésaya 35:1) Gusti Allah bakal nggawé bumi iki dadi apik manèh.

  • ”Njenengan ngopèni bumi, nggawé tanahé subur lan ngasilké buah sing akèh.” (Mazmur 65:9) Gusti Allah bakal nggawé bumi iki dadi taman sing apik.

Apa pemanasan global kuwi mémang wis diramalké ing Alkitab? Wacanen artikel ”Apa Bumi Bakal Hancur Merga Pemanasan Global?”

Gusti Allah janji nèk bumi bakal dadi apik manèh. Keterangan luwih akèh ana ing artikel ”Sapa sing Isa Nggawé Bumi Iki Dadi Apik Manèh?”

Selama bulan Juli nganti Agustus 2022, ana pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah sing judhulé Ngupayakké Damai. Acarané isa didelok ing jw.org. Ing kono dibahas piyé carané bèn isa ngrasa ayem lan damai meskipun ana akèh sing marahi wedi. Njenengan diundang mèlu ndelok acarané.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim