PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 111
  • Ana Keterangan Apa Ing Alkitab soal Perang Nuklir?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ana Keterangan Apa Ing Alkitab soal Perang Nuklir?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa ing Alkitab disebutké nèk sukmbèn bakal ana perang nuklir?
  • Apa Gusti Allah ngijinké ana perang nuklir?
  • Apa Bumi bakal tetep ana?
  • Piyé bèn njenengan ora terlalu nguwatirké soal perang nuklir?
  • Apa Armagédon sing disebutké ing Alkitab kuwi maksudé perang nuklir?
  • Menurut Alkitab, sapa sing isa ngendhegké perang?
  • Menurut Alkitab, Apa Perang Nuklir Bakal Marakké Armagédon?
    Topik Liyané
Topik Liyané
mrt artikel 111
Asapé ledakan nuklir sing didelok saka luar angkasa.

Ana Keterangan Apa Ing Alkitab soal Perang Nuklir?

Keadaan bumi saiki tambah bahaya merga isa waé bakal ana perang nuklir. Negara-negara sing berkuasa nggawé luwih akèh senjata nuklir sing luwih canggih. Merga senjata nuklir tambah akèh, wong-wong padha kuwatir piyé nèk mengko tenanan ana perang nuklir. Wong-wong ya kuwatir nèk misalé ana negara sing nyerang nganggo bom nuklir sing cilik, kuwi isa marakké perang nuklir sing luwih gedhé sing isa ngancurké bumi. Merga ndelok keadaan donya iki, Bulletin of the Atomic Scientists nyebutké nèk perang nuklir kemungkinan bakal kelakon tenan.

Apa mémang ing masa depan bakal ana perang nuklir? Nèk iya, apa Buminé isih tetep ana? Piyé bèn awaké dhéwé ora terlalu kuwatir karo perang nuklir sing isa waé kelakon? Ana keterangan apa ing Alkitab?

Isiné artikel iki:

  • Apa ing Alkitab disebutké nèk sukmbèn bakal ana perang nuklir?

  • Apa Gusti Allah ngijinké ana perang nuklir?

  • Apa Bumi bakal tetep ana?

  • Piyé bèn njenengan ora terlalu nguwatirké soal perang nuklir?

  • Apa Armagédon sing disebutké ing Alkitab kuwi maksudé perang nuklir?

  • Menurut Alkitab, sapa sing isa ngendhegké perang?

  • Apa buku Wahyu nyritakké soal perang nuklir?

Apa ing Alkitab disebutké nèk sukmbèn bakal ana perang nuklir?

Ing Alkitab mémang ora ana keterangan sing rinci soal perang nuklir. Tapi, perang nuklir isa waé kelakon merga sifaté wong-wong sing jahat sing wis diramalké ing Alkitab. Sakliyané kuwi, ing Alkitab ya wis disebutké nèk jaman saiki bakal ana akèh perang.

Bandhingna keterangan sing ana ing Alkitab karo peristiwa sing kelakon ing donya:

Ayat Alkitab: Murid-muridé Yésus takon, ”Apa tandhané wektu njenengan bali, lan apa tandhané akhir jaman?” Yésus njawab, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.”—Matius 24:3, 7.

Peristiwa sing kelakon: Akèh negara, termasuk negara sing nduwé utawa isa nggawé senjata-senjata nuklir, saiki dadi luwih kerep perang.

”Selama beberapa taun iki, ing sak donya kejahatan lan perang tambah akèh.”—Proyek Data Lokasi dan Peristiwa Konflik Bersenjata.

Ayat Alkitab: ”Ing akhir jaman, raja lor bakal perang karo raja kidul.”—Danièl 11:40.

Peristiwa sing kelakon: Kaya ramalan ing Alkitab, negara-negara sing berkuasa lan bala-balané padha saingan karo negara-negara liyané bèn isa dadi negara sing paling kuwat. Meskipun saiki negara-negara sing nduwé senjata nuklir ora perang nggunakké senjata nuklir, tapi meréka terus berupaya nggawé senjata nuklir sing luwih canggih.

”Selama sepuluh taun iki, negara-negara luwih kerep perang. Negara-negara sing kuwat mauné balanan karo salah siji negara, tapi pas perang malah dadi mungsuhan.”—Program Data Konflik Uppsala.

Ayat Alkitab: ”Ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal . . . ora gelem setuju karo wong liya, seneng mitnah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem.”—2 Timotius 3:1-3.

Peristiwa sing kelakon: Akèh wong saiki ora gelem akur karo wong liya. Para pemimpin politik ya kaya ngono. Pas ana masalah karo negara liya, meréka ora gelem damai tapi malah ngancem. Nèk kaya ngono terus, mungkin isa marakké perang nuklir.

”Nèk ora ana sing gelem ngalah, keadaané bakal tambah parah.”—S. Saran lan J. Harman, Forum Ekonomi Dunia.

Apa Gusti Allah ngijinké ana perang nuklir?

Ing Alkitab ora ana keterangan soal kuwi. Alkitab mung nyebutké nèk ana ”perkara-perkara sing nggawé wedi”, lan kuwi kelakon ing jaman saiki. (Lukas 21:11) Misalé, pas Perang Donya II ana bom atom. Ing Alkitab dijelaské ngapa kok Gusti Allah ngijinké ana perang. Bèn ngerti jawabané, deloken vidéo Ngapa Uripé Manungsa Saiki Susah?

Apa Bumi bakal tetep ana?

Ya. Bahkan nèk mengkoné ana perang nuklir manèh, Gusti Allah ora bakal ngejarké perang kuwi nganti nggawé bumi sak isiné hancur. Ing Alkitab disebutké Bumi bakal tetep ana lan manungsa bakal urip saklawasé ing bumi.

”Bumi tetep ana saklawasé.”—Pengkhotbah 1:4.

”Gusti Allah . . . Sing Mbentuk bumi, . . . nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa.”—Yésaya 45:18.

Beberapa wong nganggep nèk ing masa depan, buminé bakal rusak merga perang nuklir lan mung sithik sing isa manggon ing kono. Tapi, ing Alkitab disebutké nèk bumi sing rusak merga perang bakal digawé dadi apik manèh.

”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.”—Yésaya 35:1.

Wong-wong sing urip ing donya anyar lagi kerja bakti ing taman lan kétok seneng.

Gusti Allah péngin awaké dhéwé urip bahagia ing bumi sing indah

Gusti Allah wis ngrancang bumi luar biasa. Nèk ana sing rusak, bumi isa pulih dhéwé. Gusti Allah ya bakal nggunakké kuwasané kanggo nggawé bumi dadi apik manèh. Bumi bakal dadi panggonan sing apik banget kanggo manungsa nganti saklawasé.—Mazmur 37:11, 29; Wahyu 21:5.

Piyé bèn njenengan ora terlalu nguwatirké soal perang nuklir?

Ana wong-wong sing mungkin wedi nèk ana perang nuklir lan kuwatir nèk bakal ngalami kesusahan merga perang kuwi. Nah, ing Alkitab ana janji lan saran-saran sing isa mbantu wong-wong kuwi bèn ora terlalu kuwatir.

Ing Alkitab disebutké nèk ana harapan ing masa depan kanggo bumi lan manungsa. Nèk ngrenungké harapan kuwi, awaké dhéwé dadi ora terlalu kuwatir. Ing Alkitab, harapan dipadhakké kaya ”jangkar” sing njaga kapal tetep aman meskipun ana angin gedhé. (Ibrani 6:19) Sakliyané kuwi, bèn ora terlalu kuwatir, awaké dhéwé isa fokus karo apa sing isa dilakoni dina kuwi lan aja terlalu mikirké hal-hal èlèk sing durung mesthi kelakon. Yésus ngomong, ”Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”—Matius 6:34.

Awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo mikirké hal-hal sing apik bèn isa tetep tenang. Carané yaiku aja kakèhan nonton, maca, lan ngrungokké informasi soal perkembangan senjata nuklir sing isa marahi terlalu kuwatir. Kuwi ora berarti awaké dhéwé babar blas ora perduli karo apa sing lagi kelakon, tapi awaké dhéwé ora péngin terlalu nguwatirké hal-hal sing ora isa awaké dhéwé atasi lan durung mesthi kelakon.

”Rasa kuwatir nggawé wong dadi ora semangat, ning omongan sing apik nggawé wong dadi semangat.”—Wulang Bebasan 12:25.

Luwih kerep mikirké hal-hal apik sing awaké dhéwé rasakké timbang mikirké berita-berita sing èlèk.

”Muga-muga Gusti Allah, sing mènèhi kowé harapan, nggawé kowé bener-bener bahagia lan ngrasa ayem merga kowé percaya marang Dhèwèké.”—Roma 15:13.

Gambar: Wong lanang sing lagi mbayangké keadaan ing masa depan. 1. Ing sisih kiwa ana perang, pesawat tempur, bom nuklir, lan asap ledakan nuklir. 2. Ing sisih tengen ana bumi sing resik lan indah. Ana pemandangan gunung, bukit-bukit, kali, lan manuk-manuk.

Harapan soal masa depan sing disebutké ing Alkitab kuwi isa dipercaya

Nèk sinau soal janji-janjiné Gusti Allah, njenengan dadi nduwé harapan, luwih bahagia, lan ngrasa ayem.

Apa Armagédon sing disebutké ing Alkitab kuwi maksudé perang nuklir?

Ana sing mikir nèk Armagédon kuwi perang nuklir ing sak donya. Meréka mbayangké nèk mengko bumi bakal hancur merga perang kuwi.

Ing Alkitab, kata ”Armagédon” kuwi maksudé perang antara Gusti Allah karo ”raja-raja ing bumi” utawa kabèh pamréntahané manungsa.a (Wahyu 16:14, 16) Armagédon ora padha karo bom nuklir. Pas ana bom nuklir, wong-wong sing ana ing sekitaré bakal mati lan lingkungan ing sekitaré ya bakal rusak. Tapi pas Armagédon, Gusti Allah mung matèni wong-wong sing jahat, hasilé keadaan ing bumi bakal dadi ayem lan aman.—Mazmur 37:9, 10; Yésaya 32:17, 18; Matius 6:10.

Menurut Alkitab, sapa sing isa ngendhegké perang?

”Dhèwèké ngendhegké perang ing bumi. Dhèwèké ngremuk busur panah lan tombak. Dhèwèké ngobong kréta-kréta perang.”—Mazmur 46:9.

Gusti Allah Yéhuwahb bakal nduduhké kuwasané sing luar biasa. Dhèwèké bakal ngendhegké perang lan nyingkirké kabèh senjata sing dienggo perang. Carané yaiku Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa lan ngganti kuwi karo pamréntahané Gusti Allah sing ana ing swarga.—Danièl 2:44.

Pas bumi dipréntah karo Gusti Allah, wong-wong bakal diajari carané urip rukun lan damai. Merga ing bumi pamréntahané mung ana siji, kabèh rakyaté bakal rukun lan ora ana perang manèh. (Mikha 4:1-3) Terus apa berkahé? ”Saben wong bakal lungguh ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé. Ora ana sing bakal nggawé wedi.”—Mikha 4:4.

a Wacanen artikel ”Armagédon Kuwi Apa?”

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Deloken artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”

Apa buku Wahyu nyritakké soal perang nuklir?

Ana sing nganggep nèk buku Wahyu kuwi nyritakké soal bumi sing hancur merga perang nuklir. (Wahyu 6:14; 8:7-12; 16:1-21) Misalé, ing buku Wahyu ana kata-kata ”nggawé geni mudhun saka langit”. (Wahyu 13:11-13) Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti nèk ayat kuwi maksudé dudu perang nuklir ing sak donya, tapi bom atom sing ditibakké pas Perang Donya II.

Meskipun ing buku Wahyu ana ayat sing nggambarké perang nuklir, tapi tujuané buku Wahyu ditulis ora kanggo nyritakké peristiwa sing medèn-medèni. Dadi pas maca buku Wahyu, élinga hal-hal iki:

  • Ing buku Wahyu ana akèh lambang-lambang. Tapi, kuwi mung gambaran, dudu tenanan.—Wahyu 1:1.

  • Tujuané buku Wahyu ditulis dudu kanggo nggawé wedi sing maca, tapi nèk isa bener-bener paham isiné malah isa bahagia.—Wahyu 1:3.

Bèn isa ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Buku Wahyu—Apa Artinya?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim