Apa Ana Organisasi sing Isa Nggawé Donya Iki Bener-Bener Damai?
Merga ana akèh perang ing sak donya, mulané Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB) kerja sama karo organisasi liyané kanggo nggawé keadaan dadi luwih damai. Meréka ngirim pasukan penjaga perdamaian ing dhaérah-dhaérah sing lagi perang. Tujuané meréka ngirim pasukan kuwi bèn dhaérah-dhaérah sing perang keadaané isa luwih damai. António Guterres, Sekretaris Jenderal PBB ngomong, ”Ngirim pasukan penjaga perdamaian ing dhaérah-dhaérah sing lagi perang kuwi penting banget bèn keadaané isa luwih damai.”
Selama bertaun-taun, beberapa upayané pasukan penjaga perdamaian wis berhasil. Contoné meréka nglindhungi wong-wong sing ana ing dhaérah perang, mbantu para pengungsi mbalik ing negarané, ngirim bantuan kemanusiaan, lan ndandani bangunan sing rusak. Tapi upayané meréka ora isa bener-bener ngrampungi kabèh masalah. Nèk ngono, apa ana sing bener-bener isa nggawé keadaan donya iki damai? Nèk menurut Alkitab piyé?
Masalah sing ora isa diatasi, tapi ana solusiné ing Alkitab
Masalahé: Angèl kanggo kerja sama. Sing dadi anggota pasukan penjaga perdamaian lan organisasi masyarakat kuwi asalé saka negara lan latar belakang sing béda-béda, kadhang meréka salah paham, terus meréka ya nduwé tujuan sing béda-béda makané dadi angèl kerja sama.
Solusi ing Alkitab: ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan . . . Kerajaan iki bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan [pamréntahané manungsa]. Mung kerajaan iki sing bakal ana nganti saklawasé.”—Danièl 2:44.
Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal ngendhegké kabèh perang lan nggawé keadaan ing donya iki dadi damai. (Mazmur 46:8, 9) Kabèh pamréntahan ing donya iki bakal disingkirké lan diganti karo Kerajaané Gusti Allah. Merga sing mréntah donya iki Kerajaané Gusti Allah, dadi mengkoné ora dibutuhké manèh pasukan penjaga perdamaian lan organisasi masyarakat.
Masalahé: Sumber daya lan kemampuané terbatas. Merga jumlah pasukané ora akèh, terus biaya lan sumber daya liyané terbatas kuwi marakké upayané meréka kanggo njaga perdamaian dadi terbatas. Terus, meréka ya ditugaské ing panggonan sing angèl lan berbahaya.
Solusi ing Alkitab: ”Gusti Allahé Yésus Kristus . . . ngongkon Kristus lungguh ing sebelah tengené ing swarga. Gusti Allah nggawé dhèwèké luwih unggul timbang kabèh pamréntah, pejabat, penguasa.”—Éfésus 1:17, 20, 21.
Yéhuwah,a Gusti Allah sing mahakuwasa wis nglantik Yésus dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah. (Danièl 7:13, 14b) Gusti Allah wis ngekèki Yésus kuwasa sing gedhé, pengetahuan, pemahaman, lan kawicaksanan. Ora ana pamréntahané manungsa sing nduwé kuwi kabèh. (Yésaya 11:2) Yésus ya nduwé kuwasa kanggo mréntah pasukan malaékat sing kuwat. (Wahyu 19:14) Yésus isa ngatasi kabèh masalah.
Yésus ora mung ngendhegké perang, tapi ya bakal nggawé bumi iki dadi ayem, tentrem, lan damai.—Yésaya 32:17, 18.
Masalahé: Wewenangé terbatas. Merga wewenangé pasukan penjaga perdamaian terbatas, meréka ora isa bener-bener mbantu wong-wong ing dhaérah perang lan tujuané ora selalu kelakon. Kadhang, pasukan penjaga perdamaian éntuk arahan sing ora bener-bener jelas lan kuwi marakké meréka bingung kudu piyé.
Solusi ing Alkitab: ”Gusti Allah wis mènèhké kabèh wewenang ing swarga lan ing bumi marang [Yésus].”—Matius 28:18.
Gusti Allah wis ngekèki Yésus wewenang lan arahan sing jelas bèn isa nggawé bumi iki dadi damai. (Yohanes 5:22) Wektu Yésus mréntah dadi Raja, dhèwèké bakal adil. (Yésaya 11:3-5) Mulané Yésus disebut ”Pemimpin sing nggawé rukun lan tentrem” lan pamréntahané mesthi bakal ”bener lan adil”.—Yésaya 9:6, 7.
Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé keadaan ing donya iki bener-bener damai
Pasukan penjaga perdamaian mémang isa nggawé keadaan dadi luwih apik lan mungkin isa ngendhegké perang. Tapi meréka ora isa nyingkirké penyebab utama saka kejahatan, yaiku rasa sengit karo wong liya.
”Piyé isa njaga perdamaian nèk kèt awal keadaané wis ora damai.”—Dennis Jett, Mantan Duta Besar Amerika Serikat.
Tapi Kerajaané Gusti Allah mesthi isa nggawé keadaan dadi damai soalé rakyaté ora ana sing sengit karo wong liya. Misalé, gatèkna wektu Yésus ana ing bumi. Dhèwèké ngandhani lan ngekèki conto murid-muridé bèn isa urip rukun lan sayang karo wong liya:
Yésus ya ngomong nèk wong-wong sing dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah kuwi wong-wong sing nresnani wong liya. Terus ing Alkitab disebutké nèk wong-wong sing jahat ora isa dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah:
Yéhuwah sing nyiptakké manungsa, dadi mung Yéhuwah sing ngerti carané bèn kabèh wong isa urip damai. Ana akèh masalah sing ora isa diatasi manungsa, tapi Kerajaané Gusti Allah mesthi isa ngatasi kuwi kabèh.
a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”
b Ing Danièl 7:13, 14, sebutan ”anaké manungsa” kuwi maksudé Yésus Kristus.—Matius 25:31; 26:63, 64.