Imagination World/stock.adobe.com
Isiné Kitab Suci—Janji saka Gusti Allah kanggo Pengungsi
Saben taun, jutaan wong kudu ngungsi bèn ora kena bahaya. Apa kuwi sing lagi njenengan alami? Nèk iya, njenengan ora perlu terlalu kuwatir soalé isih ana Gusti Allah sing isa mbantu njenengan. Liwat Kitab Suci, Gusti Allah mènèhi harapan nèk ing masa depan uripé njenengan bakal luwih apik.
”Para pengungsi lan wong-wong sing kudu lunga saka omahéa ora mung butuh cepet dibantu, tapi meréka ya butuh . . . harapan,” kandhané Christos Stylianides, mantan komisaris Uni Eropa.b Wong sing nduwé harapan kuwi ora gampang putus asa merga yakin nèk sukmbèn uripé bakal luwih apik. Sakliyané dikandhani soal harapan, para pengungsi ya butuh disemangati bèn meréka isa tetep kuwat ngadhepi keadaan kuwi.
”Pas aku kudu ninggalké keluargaku lan ngungsi ing negara liya, rasané ora karuan. Aku wis ora kuwat manèh. Aku terus-terusan ngrasa wedi, sedhih, lan kuwatir.”—Emmanuel, Haiti.
Apa njenengan ya ngrasa kaya ngono? Nèk njenengan lagi ngalami kuwi, njenengan mesthi butuh disemangati lan butuh harapan. Ing Kitab Suci ana janji saka Gusti Allah lan nèk ngerti soal kuwi njenengan isa dadi luwih semangat lan dadi nduwé harapan.
Ayat-Ayat sing Isa Nyemangati
Ing Kitab Suci disebutké: ”Yéhuwahc . . . nresnani wong asing.”—Pangandharing Torèt 10:17, 18.
Kuwi berarti njenengan ora dhèwèkan. Allah Yéhuwah, sing ngarang Alkitab, paham keadaané njenengan. Terus, Dhèwèké ya sayang lan bener-bener perduli karo perasaané njenengan.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké.”—Mazmur 145:18.
Kuwi berarti nèk njenengan ndonga, Yéhuwah bakal ngrungokké. Yéhuwah bakal nggawé njenengan ngrasa ayem. Terus, liwat saran-saran sing ana ing Alkitab, Yéhuwah isa mbantu njenengan dadi wong sing luwih wicaksana bèn isa tetep kuwat ngadhepi keadaan sing susah.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Ora mungkin Gusti Allah sing bener tumindak jahat. . . . Sing Mahakuwasa mesthi adil.”—Ayub 34:10, 12.
Kuwi berarti kesusahan sing njenengan alami asalé dudu saka Gusti Allah. Kuwi dudu cobaan lan ya dudu hukuman saka Gusti Allah.
Janji sing Ana ing Kitab Suci
Saka Kitab Suci, awaké dhéwé isa ngerti ing masa depan Gusti Allah bakal ngapa waé. Sakwisé ngerti soal kuwi, ana wong-wong sing isa tetep kuwat lan tetep semangat meskipun dadi pengungsi.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.”—Wahyu 21:4.
Kuwi berarti sukmbèn uripé awaké dhéwé ora bakal sengsara manèh. Gusti Allah janji nèk bakal nyingkirké kabèh penyebab kesusahan sing marakké awaké dhéwé sengsara.
”Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh ketidakadilan lan kejahatan sing kelakon saiki. Merga ngerti janji kuwi, aku isa luwih kerep mikirké hal-hal apik sing bakal tak rasakké sukmbèn wektu Gusti Allah wis nyingkirké kabèh kesusahan.”—Karla, El Salvador.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Kabèh sing mbiyèn kelakon ora bakal diéling-éling manèh, lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati.”—Yésaya 65:17.
Kuwi berarti awaké dhéwé ora bakal sengsara merga kèlingan kenangan sing èlèk. Gusti Allah janji nèk awaké dhéwé ora bakal ngrasa sedhih manèh merga kèlingan peristiwa èlèk sing tau dialami.
”Ing Alkitab ana janji nèk sukmbèn awaké dhéwé ora bakal kèlingan manèh karo kesusahan lan kesedihan sing tau dialami. Merga ngerti janji kuwi, aku lan keluargaku isa tetep kuwat ngadhepi situasi sing susah saiki merga ngerti nèk iki mung sementara.”—Natalia, Ukraina.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan sing . . . bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau.”—Danièl 2:44.
Kuwi berarti Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah bumi saka swarga. Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé keadaan ing bumi dadi damai, aman, makmur, lan ora ana manèh sing diperlakukan ora adil.—Mikha 4:3, 4.
”Aku ngerti nèk masalah sing ana saiki mung sementara, misalé ditindhes, ditudhuh nglakoni kejahatan, lan dibédak-bédakké, misalé merga sukuné. Yéhuwah, liwat Kerajaané, bakal nyingkirké kuwi kabèh. Mikirké janji kuwi nggawé aku dadi ora putus asa.”—Mustafa, Timur Tengah.
Harapan sing dicathet ing Alkitab isa nguwatké lan nyemangati
Saran saka Kitab Suci Kuwi Bermanfaat
Saran-saran ing Alkitab isa mbantu njenengan sanggup ngliwati kesusahan sing lagi dialami. Kuwi ya isa mbantu njenengan sanggup ngadhepi keadaan sing berubah, misalé kélangan harta. Saran-saran iki isa bermanfaat kanggo njenengan sing lagi ngungsi:
Ing Kitab Suci disebutké: ”Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”—Lukas 12:15.
Manfaaté nèk ngetrapké ayat kuwi: Njenengan mesthi bingung, sedhih banget, lan ora nyangka merga kélangan sing diduwèni. Tapi nèk nganggep uripé njenengan luwih berharga timbang apa waé sing wis ilang, njenengan dadi ora terlalu sedhih manèh.
”Urip luwih berharga timbang harta. Kadhang, harta utawa dhuwit ora isa nylametké nyawa.”—Natalia, Ukraina.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Aja takon, ’Ngapa jaman mbiyèn luwih pénak timbang jaman saiki?’”—Pengkhotbah 7:10.
Manfaaté nèk ngetrapké ayat kuwi: Mungkin uripé njenengan saiki susah banget. Tapi luwih apik, aja mbandhingké keadaan sing saiki karo sing sakdurungé supaya njenengan ora jèngkèl.
”Aku ngupaya nampa kenyataan lan kuwi mbantu aku isa luwih kerep mikirké hal-hal sing apik.”—Eli, Rwanda.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Awaké dhéwé bakal puas nèk wis nduwé panganan lan klambi.”—1 Timotius 6:8.
Manfaaté nèk ngetrapké ayat kuwi: Ngupayaa ngrasa puas merga kebutuhané wis tercukupi. Nèk ngrasa puas njenengan ora terlalu strès, dadi isa luwih tenang lan ora terlalu kuwatir.
”Saran-saran ing Alkitab mbantu aku isa nduwé pandhangan sing béda. Aku luwih fokus karo apa sing tak duwèni saiki. Aku karo bojoku bersyukur merga isa tetep urip lan manggon ing panggonan sing aman.”—Ivan, Ukraina.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.”—Matius 7:12.
Manfaaté nèk ngetrapké ayat kuwi: Nèk njenengan ngupaya sabar lan apikan, njenengan isa rukun karo wong liya. Hasilé, wong-wong ora bakal mikir èlèk soal njenengan lan meréka ya gelem nampa njenengan ing kono.
”Wong-wong biasané seneng nèk njenengan ngajèni, apikan, lan sayang karo meréka. Nèk ngupayakké sifat-sifat kuwi, njenengan isa nduwé hubungan sing apik karo wong-wong ing dhaérahé njenengan ngungsi.”—Angelo, Sri Lanka.
Ing Kitab Suci disebutké: ”Kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah . . . Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem . . . bakal njaga ati lan pikiranmu.”—Filipi 4:6, 7.
Manfaaté nèk ngetrapké ayat kuwi: Wektu ndonga, njenengan isa nyritakké perasaané njenengan, apa sing nggawé njenengan wedi, apa sing dikuwatirké, lan apa kebutuhané njenengan. Nèk ndonga kaya ngono, kuwi isa mbantu njenengan bèn ora terlalu kuwatir meskipun kudu nggawé penyesuaian ing dhaérah sing anyar.
”Pas aku ngadhepi masalah, aku selalu ndonga karo Gusti Allah lan dongaku dijawab. Merga sinau Alkitab, pikiranku isa tenang.”—Yol, Sudan Selatan.
”Merga ngetrapké saran-saran ing Alkitab, aku ngrasa ayem lan isa ngadhepi kesusahan iki.”—Valentina, Ukraina.
”Merga ngerti janjiné Yéhuwah nèk sukmbèn uripé manungsa luwih pénak, aku dadi ora nyerah.”—Emmanuel, Haiti
Ing Alkitab ana janji soal urip sing luwih pénak ing masa depan lan janji-janji kuwi isa nguwatké awaké dhéwé. Apa njenengan péngin ngerti luwih akèh soal kuwi? Kenapa njenengan isa percaya karo janji-janji kuwi? Njenengan isa njaluk dikunjungi karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Meréka mesthi seneng mbantu njenengan bèn isa ngerti luwih akèh soal janji-janji kuwi.
a Menurut Badan Pengungsi Perserikatan Bangsa-Bangsa sing dimaksud pengungsi kuwi wong sing dipeksa pindhah ing dhaérah liya tapi isih ing negarané dhéwé, utawa wong sing dipeksa pindhah ing negara liya tapi menurut hukum internasional meréka kétoké durung memenuhi syarat kanggo dadi pengungsi.
b Komisaris Uni Eropa untuk Bantuan Kemanusiaan dan Manajemen Krisis.
c Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”