PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 129
  • Menurut Alkitab, Apa Kabèh Agama Bakal Disingkirké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menurut Alkitab, Apa Kabèh Agama Bakal Disingkirké?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Menurut Alkitab, ing masa depan apa sing bakal dialami agama-agama?
  • Piyé carané agama palsu disingkirké?
  • Kenapa agama palsu disingkirké?
  • Apa kabèh agama bakal disingkirké?
  • Merga ngerti nèk agama palsu bakal disingkirké, apa manfaaté kanggo njenengan?
  • Wong-Wong sing Agamané Palsu Nggawé Èlèk Jenengé Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Pertanyaan saka Pembaca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Ramalan ing Buku Wahyu soal Mungsuh-mungsuhé Gusti Allah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Kepriyé Dadiné Agama-Agama Mbésuk?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
Topik Liyané
mrt artikel 129
Ana wong lanang sing lagi ngadeg ing ngarepé beberapa panggonan ngibadah karo nyekel Alkitabé sing kebukak.

Menurut Alkitab, Apa Kabèh Agama Bakal Disingkirké?

Apa njenengan lagi ngrasa kecéwa utawa sengit karo agama? Mémang ana wong-wong sing ngrasakké manfaaté merga nduwé agama, tapi agama ya dadi sumberé akèh masalah. Menurut buku Encyclopedia of Religion and War, ”Beberapa perang sing gedhé sing ana ing cathetan sejarah kuwi kelakon merga ana perbédaan kepercayaan.” Terus, para pemimpin agama ya ora fokus ngibadah, tapi malah mèlu-mèlu urusan politik. Sakliyané kuwi, ya ana para pemimpin agama sing nindakké pelècèhan sèksual lan kejahatan liyané, misalé pencucian uang, tapi meréka ngupaya nutup-nutupi kuwi.

Nèk njenengan kecéwa karo agama, mungkin njenengan mikir piyé perasaané Gusti Allah karo agama-agama kuwi. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah ora seneng karo agama-agama sing ngajarké ajaran sing ora bener. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngerti sukmbèn agama-agama kuwi bakal diapakké karo Gusti Allah. Ing Alkitab, ana gambaran sing digunakké kanggo nyritakké peristiwa kuwi lan peristiwa kuwi durung tau kelakon sakdurungé.

Menurut Alkitab, ing masa depan apa sing bakal dialami agama-agama?

Ramalan: Ing buku Wahyu dicritakké ana pelacur sing disebut Babilon Gedhé. Pelacur kuwi lungguh ing ndhuwuré kéwan buas sing wernané abang mbranang. Terus, kéwan buas kuwi bakal nyerang lan matèni pelacur kuwi.​—Wahyu 17:3, 5, 16.

Artiné: Pelacur utawa Babilon Gedhé nggambarké kabèh agama palsu sing ibadahé ora ditampa Gusti Allah.a Kéwan buas sing wernané abang mbranang nggambarké Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB).b Pelacur sing lungguh ing ndhuwuré kéwan buas sing wernané abang mbranang nggambarké agama palsu sing ngupaya ngendhalèkké lan mempengaruhi PBB. Terus, kéwan buas sing matèni pelacur kuwi nggambarké nèk PBB karo bangsa-bangsa sing dadi balané bakal nyerang lan nyingkirké kabèh agama palsu. Peristiwa kuwi durung tau kelakon sakdurungé.

Pelacur sing disebutké ing buku Wahyu lagi lungguh ing ndhuwuré kéwan buas sing wernané abang mbranang. Ing sebelah kiwané ana gedhung Perserikatan Bangsa-Bangsa lan ing sebelah tengené ana beberapa panggonan ngibadah.

Piyé carané agama palsu disingkirké?

Ramalan: ”Sungu sepuluh sing mbok delok lan kéwan buas kuwi bakal sengit karo pelacur kuwi, ngrampas kabèh duwèké, . . . lan ngobong dhèwèké nganti entèk. Kuwi kelakon merga Gusti Allah mènèhi kepénginan ing atiné raja sepuluh kuwi [ing atiné para penguasa ing donya] bèn nindakké karepé Gusti Allah. Mula, raja sepuluh kuwi nduwé tujuan sing padha, yaiku nyerahké kerajaané marang kéwan buas kuwi. . . . Kuwi sebabé, ing wektu mung sedina, dhèwèké bakal langsung kena bencana, yaiku kematian, rasa sedhih, lan kelaparan. Dhèwèké ya bakal diobong nganti entèk merga Gusti Allah Yéhuwah,c sing ngadili dhèwèké kuwi kuwat.”​—Wahyu 17:16, 17; 18:8.

Artiné: Gusti Allah mènèhi kepénginan ing atiné para pemimpin bangsa-bangsa bèn nindakké ”karepé Gusti Allah”. Yéhuwah bakal nggerakké para pemimpin bangsa-bangsa bèn nyerahké ”kerajaané” utawa kekuasaané marang PBB. Bar kuwi PBB, sing kuwasané dadi luwih gedhé, bakal nyingkirké kabèh agama palsu ing donya. Menurut ayat ing buku Wahyu, peristiwa kuwi kelakoné ”mung sedina”, kuwi berarti kelakoné cepet banget lan marahi wong-wong padha kagèt.​—Wahyu 18:21.

Kenapa agama palsu disingkirké?

Ramalan: ”Dosa-dosané wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit, lan Gusti Allah bakal ngadili kabèh kejahatané.”​—Wahyu 18:5.

Artiné: Selama atusan taun, agama palsu wis nggawé dosa sing gedhé nganti Gusti Allah péngin nyingkirké meréka. Apa waé ”dosa-dosané”?

  • Gambar tangané pemimpin politik sing lagi salaman karo pemimpin agama.

    Mèlu-mèlu urusan politik. Yésus Kristus mulang murid-muridé bèn meréka ora mèlu-mèlu urusan politik, tapi ndhukung Kerajaané Gusti Allah sing ana ing swarga sing bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.d (Danièl 2:44; Matius 6:9, 10; Yohanes 6:15; 18:36) Tapi, agama palsu malah ngajarké bèn wong-wong percaya karo pamréntahané manungsa. Merga agama palsu mènèhi pengaruh sing gedhé kanggo pamréntahané manungsa, mula ing buku Wahyu agama palsu utawa Babilon Gedhé digambarké lagi ”nindakké hubungan sèks sing ora pantes”. Dadi masuk akal nèk Babilon Gedhé disebut ”pelacur gedhé”.​—Wahyu 17:1, 2; Yakobus 4:4.

  • Gambar tangané pemimpin agama sing lagi nyekel salib lan ndongakké tentara sing arep perang.

    Kejem. Agama palsu kudu tanggung jawab merga wis matèni ’kabèh wong ing bumi’. (Wahyu 18:24) Akèh agama ora ngajarké umaté bèn padha rukun. Beberapa agama malah ndhukung lan ngongkon umaté kanggo mèlu perang lan dadi téroris.

  • Gambar tangané pemimpin agama sing lagi nyekel akèh dhuwit.

    Srakah. Agama palsu ”urip méwah tanpa ngrasa isin”. (Wahyu 17:4; 18:7) Meréka nggunakké kekuasaané lan pengaruhé bèn isa dadi sugih banget. Hal-hal kaya ngono kuwi ora disenengi Gusti Allah.​—Titus 1:7.

  • Gambar pemimpin agama sing lagi ceramah.

    Nyesatké wong-wong. Ajaran lan ibadahé agama palsu kuwi ora sesuai karo isiné Alkitab.e Akibaté, akèh wong disesatké saka ajaran sing bener lan Gusti Allah ora diluhurké. Mula ing buku Wahyu, Babilon Gedhé disebut ”mbok-mbokané . . . perkara-perkara sing njijiki ing bumi”.​—Wahyu 17:5; 18:23.

Apa kabèh agama bakal disingkirké?

Ora. Ing buku Wahyu disebutké nèk ana ”kumpulan gedhé wong” sing asalé saka akèh bangsa. (Wahyu 7:9) Meréka ya disebutké nganggo ”jubah putih” kuwi maksudé meréka setya karo Gusti Allah lan ibadahé nyenengké Gusti Allah. Meréka slamet saka ”sengsara gedhé” yaiku peristiwa sing dicathet ing Alkitab pas Gusti Allah nyingkirké kabèh agama palsu lan wong-wong sing nentang Gusti Allah. (Wahyu 7:13, 14; 19:11, 19-21) Kumpulan gedhé wong sing nganggo jubah putih kuwi dadi umaté agama sing bener lan mung agama kuwi sing ora disingkirké Gusti Allah.f

Akèh wong lanang, wédok, lan bocah-bocah sing mlaku bareng lan wajahé kétok seneng. Ing mburiné, ana beberapa panggonan ngibadah sing wis rusak lan kosong.

Kumpulan gedhé umaté Gusti Allah sing slamet wektu agama palsu dihancurké

Merga ngerti nèk agama palsu bakal disingkirké, apa manfaaté kanggo njenengan?

Sakwisé ngerti nèk Gusti Allah ora seneng karo tingkah lakuné wong-wong sing dadi umaté agama palsu, njenengan mesthi isa ngrasa luwih ayem. Njenengan ya isa ngrasa luwih lega merga ngerti nèk sukmbèn ora ana manèh agama sing nyesatké lan nggawé sengsara umaté.

Njenengan ya dadi ngerti nèk isih ana ibadah sing nyenengké Gusti Allah. Ing Alkitab disebutké, ”Para penyembah sing sejati bakal nyembah Gusti Allah sesuai karo tuntunané roh suci lan sesuai karo apa sing bener. Gusti Allah nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Dhèwèké.” (Yohanes 4:23) Gusti Allah ya ngomong, ”Umat-Ku, metua saka kono [Babilon Gedhé] supaya kowé ora mèlu nindakké dosa-dosané lan ora mèlu kena bencana-bencanané.” (Wahyu 18:4, 5) Gusti Allah ngundang wong-wong bèn nyembah Dhèwèké sesuai karo ajaran sing ana ing Alkitab. (1 Timotius 2:3, 4) Gusti Allah janji nèk bakal mènèhi urip saklawasé kanggo wong-wong sing gelem nampa undangan kuwi.​—1 Yohanes 2:17.

Saka Alkitab, njenengan isa ngerti ibadah kaya apa sing ditampa Gusti Allah. Nèk péngin ngerti soal kuwi, njaluka sinau Alkitab gratis karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

Apa agama-agama sing ngaku ”Kristen” kuwi termasuk Babilon Gedhé?

Iya. Yésus ngomong nèk bakal ana akèh wong sing ngaku Kristen lan percaya karo Yésus, tapi ibadahé ora ditampa karo Gusti Allah. (Matius 7:21-23) Saka ajaran agamané lan tingkah lakuné umaté, nduduhké nèk meréka dudu wong Kristen sing sejati. (Matius 7:18-20) Mulané, meréka termasuk Babilon Gedhé.

Iki beberapa ajaran lan tingkah lakuné wong-wong sing ngaku Kristen sing ora disenengi Gusti Allah:

  • Ngajarké nèk Gusti Allah kuwi Tritunggal lan wong sing jahat bakal disiksa ing neraka

  • Ora ngajarké nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah

  • Ngajarké ajaran sing salah soal keadaané wong mati

  • Nggunakké patung wektu ngibadah

a Nèk péngin ngerti keterangan sing luwih lengkap soal Babilon Gedhé, wacanen artikel ”Apa Babilon Besar Itu?”

b Keterangan sing luwih akèh ana ing artikel ”Siapa yang Dimaksud dengan Binatang Berwarna Merah di Penyingkapan Pasal 17?”

c Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”

d Bèn isa ngerti luwih akèh soal Kerajaané Gusti Allah, deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

e Contoné ana ing kothak ”Apa Agama-Agama sing Ngaku ’Kristen’ Kuwi Termasuk Babilon Gedhé?”

f Menurut Alkitab, apa waé ciri-ciriné agama sing bener? Jawabané ana ing artikel ”Bagaimana Mengenali Agama yang Benar?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim