PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 31
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Sesat?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Sesat?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Agama sesat kuwi apa, ta?
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Amerika?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Yéhuwah Mimpin lan Nuntun Umaté
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 31
One of Jehovah’s Witnesses teaching a literacy class to a group of people.

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Sesat?

Ora, Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi dudu agama sesat. Malah, Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wong-wong Kristen sing ngupaya niru Yésus lan ngetrapaké ajarané.

Agama sesat kuwi apa, ta?

Saben wong nduwé panemu sing béda-béda bab kaya apa agama sesat kuwi. Ning, pikirna rong panemu sing umum bab agama sesat lan kena apa kuwi ora cocog kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah.

  • Ana sing mikir agama sesat kuwi agama utawa kapercayan sing anyar. Seksi-Seksi Yéhuwah dudu agama anyar. Kosok baliné, Seksi-Seksi Yéhuwah mèlu cara ibadahé lan ajarané wong Kristen abad kapisan sing dicathet ing Alkitab. (2 Timotéus 3:​16, 17) Seksi-Seksi Yéhuwah yakin yèn Alkitab kuwi tuntunan sing bener kanggo ibadah.

  • Ana sing mikir agama sesat kuwi aliran kapercayan sing mbebayani lan dipimpin karo manungsa. Seksi-Seksi Yéhuwah ora dipimpin karo manungsa. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo wulangané Yésus, ”Mung siji Panutanmu, yaiku Sang Kristus.”​—Matéus 23:10.

Seksi-Seksi Yéhuwah dudu agama sesat merga nindakaké ajaran sing mènèhi paédah kanggo anggotané lan wong liya. Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah wis mbantu wong-wong ninggalaké kebiyasaan nganggo narkoba lan seneng mendem. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ngajari wong-wong bèn bisa maca lan nulis, lan mènèhi bantuan wektu ana bencana alam. Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya tenanan kanggo kepentingané wong liya, kaya sing diwulangaké Yésus.​—Matéus 5:​13-​16.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim