PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwfq artikel 32
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya karo Prajanjian Lawas?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya karo Prajanjian Lawas?
  • Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa sebabé wong Kristen kudu nggunakaké Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar?
  • Alkitab Kuwi Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
ijwfq artikel 32

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Percaya karo Prajanjian Lawas?

Iya. Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn kabèh isiné Alkitab kuwi ”diwangsitaké déning Gusti Allah” lan ”pancèn migunani”. (2 Timotéus 3:​16) Kuwi klebu Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar. Seksi-Seksi Yéhuwah biyasané nyebut Prajanjian Lawas kuwi Kitab-Kitab Ibrani lan Prajanjian Anyar kuwi Kitab-Kitab Yunani. Disebut kaya ngono supaya wong-wong ora nganggep ana bagéan Alkitab sing kuna utawa ora cocog dienggo jaman saiki.

Apa sebabé wong Kristen kudu nggunakaké Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar?

Merga dituntun Gusti Allah, Rasul Paulus nulis, ”Samubarang kang katulisan ing sadurungé, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita.” (Rum 15:4) Mula, Kitab-Kitab Ibrani mesthi ana gunané kanggo awaké dhéwé. Kitab-Kitab Ibrani nyathet bab sejarah sing penting lan tuntunan sing migunani.

  • Sejarah sing penting. Kitab-Kitab Ibrani nyathet bab asal-usulé bumi saisiné lan piyé manungsa nganti nduwé dosa. Yèn ora ana katrangan kuwi, awaké dhéwé ora bakal ngerti asal-usulé manungsa lan alesané manungsa mati. (Purwaning Dumadi 2:7, 17) Sakliyané kuwi, Kitab-Kitab Ibrani uga nyritakaké piyé Yéhuwah ngadhepi wong-wong sing perasaané kaya awaké dhéwé, bisa seneng lan bisa susah.​—Yakobus 5:​17.

  • Tuntunan sing migunani. Kitab Wulang Bebasan lan Kohèlèt, bagéan saka Kitab-Kitab Ibrani, nulis tuntunan-tuntunan sing migunani kanggo saklawasé. Ana tuntunan kanggo keluarga supaya bisa urip ayem tentrem (Wulang Bebasan 15:17), tuntunan bab nyambut gawé (Wulang Bebasan 10:4; Kohèlèt 4:6), lan tuntunan kanggo cah enom bèn uripé bisa seneng (Kohèlèt 11:9–​12:1).

Awaké dhéwé uga bisa éntuk paédah yèn sinau saka Hukum Musa sing dicathet ing Kitab Torèt (Purwaning Dumadi tekan Pangandharing Torèt). Saiki, wong Kristen pancèn ora kudu nindakaké hukum iki, ning tuntunan-tuntunané bisa nggawé uripé awaké dhéwé seneng lan ayem tentrem.​—Kaimaman 19:18; Pangandharing Torèt 6:​5-7.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim