PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 75
  • Piyé Nèk Kancaku Nggawé Aku Lara Ati?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Kancaku Nggawé Aku Lara Ati?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing isa mbok pikirké
  • Saran-saran sing isa mbok coba
  • Aja Nglarani Atiné ”Wong sing Kaya Bocah Cilik Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • 4 Ngapura
    Gatèkna!—2018
  • Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Piyé nurut panjenengan?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 75
Cah wédok ngomongké sing nggawé kancané lara ati

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Kancaku Nggawé Aku Lara Ati?

  • Sing isa mbok pikirké

  • Saran-saran sing isa mbok coba

  • Kandhané kanca-kancamu

Sing isa mbok pikirké

  • Kabèh wong mesthi tau nggawé salah. Merga ora sempurna, kanca utawa wong sing mbok anggep sahabat mesthi tau nggawé salah lan nggawé kowé lara ati. Kowé dhéwé ya ora sempurna. Kowé mesthi ya tau nggawé salah lan nggawé wong liya lara ati ta?​—Yakobus 3:2.

  • Saka sing didelok ing Internèt, isa nggawé lara ati. Misalé, cah enom sing jenengé David ngomong, ”Pas internètan terus ndelok postingané kanca-kancamu lagi kumpul-kumpul, kowé mungkin mikir, ’Kok aku ra dijak ya?’ Terus, kowé dadi ngrasa kecéwa lan sedhih.”

  • Kowé isa berupaya ngrampungké masalahé.

Saran-saran sing isa mbok coba

Pikirna kowé kuwi wong sing kaya apa. Ing Alkitab disebutké, ”Aja gampang tersinggung, merga kuwi tandha wong bodho.”​—Pengkhotbah 7:9, cathetan ngisor.

”Kadhang kowé gèk sadhar nèk jebulé masalahé kuwi mung sepélé.”​—Alyssa.

Pikirna: Apa aku wongé gampang tersinggung? Apa aku isa luwih sabar karo wong liya?​—Pengkhotbah 7:​21, 22.

Gelem ngapura. Ing Alkitab disebutké, ”[Wong] bakal diajèni nèk gelem ngapura kesalahan.”​—Wulang Bebasan 19:11.

”Meskipun jèngkèl, luwih apik nèk kowé tulus ngapura. Kuwi berarti ora ngungkit-ungkit salahé wong liya bèn dhèwèké ora terus ngrasa bersalah. Nèk wis ngapura aja diéling-éling salahé.”​—Mallory.

Pikirna: Apa masalahé mémang serius banget? Apa aku gelem ngapura bèn isa tetep rukun?​—Kolose 3:​13.

Mbukak lawang pas ana badai salju

Kerep ngungkit-ungkit masalah kuwi kaya mbukak lawang pas ana badai salju

Pikirna perasaané wong liya. Ing Alkitab disebutké, ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—Filipi 2:4.

”Merga sayang lan menghargai sahabatmu, nèk ana masalah kowé bakal cepet-cepet ngrampungké masalahé. Kowé berupaya tenanan bèn isa tetep rukun.”​—Nicole.

Pikirna: Apa aku isa memahami perasaané lan ngapa kok dhèwèké kaya ngono?​—Filipi 2:3.

Intiné: Nèk saiki kowé isa ngatasi perasaan lara ati, kuwi isa berguna pas kowé déwasa. Apa kowé péngin ngupayakké kuwi saiki?

Kandhané kanca-kancamu

Kiana

”Ora kabèh masalah kudu dibahas. Nèk aku wis ngapura, ya berarti masalahé wis rampung. Kuwi isa nggawé rukun, daripada apa-apa digawé masalah.”​—Kiana.

Treigh

”Pas ana masalah, aku mikir, ’Nèk masalah iki tak bahas, kancaku isa waé dadi lara ati terus ora gelem kancanan manèh.’ Kadhang masalahé mung sepélé, dadi isa tak lalèkké waé.”​—Treigh.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim