PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 76
  • Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Acarané apa waé?
  • Ngapa kok kudu teka?
  • Apa Manfaaté Teka ing Pertemuan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Sebabé Kudu Ngibadah Bareng?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Luwih Trampil Nginjil—Ngajak Wong sing Tanggepané Apik Teka ing Pakumpulan Ibadah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Ngumpul Bareng kanggo Ngibadah
    Kratoné Allah Wis Mréntah
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 76
Cah enom lagi nggatèkké wong-wong sing lagi mlebu ing Balé Ibadah

PITAKONANÉ CAH ENOM

Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?

Seksi-Seksi Yéhuwah ngibadah ing Balé Ibadah seminggu ping loro. Acarané apa waé? Apa manfaaté teka ing kono?

  • Acarané apa waé?

  • Ngapa kok kudu teka?

  • Kandhané kanca-kancamu

Acarané apa waé?

Ing Balé Ibadah, wong-wong ngrembug Alkitab karo carané ngetrapké saran-saran ing Alkitab. Ing kono kowé isa:

  • sinau soal Gusti Allah.

  • ngerti makna peristiwa-peristiwa sing lagi kelakon.

  • nduwé sifat-sifat sing apik.

  • éntuk kanca-kanca sing apik.

Ngapa kok kudu teka?

Sing dirembug ing kono ana manfaaté kanggo kowé. Nèk teka ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah, kowé isa éntuk ”kawicaksanan”. (Wulang Bebasan 4:5) Kowé dadi isa nggawé keputusan sing bener. Kowé ya isa éntuk keterangan soal:

  • Ngapa kok manungsa diciptakké?

  • Apa Gusti Allah sing nyebabké manungsa susah?

  • Piyé mengko nèk manungsa mati?

Judhul ceramah ing pertemuan ibadah Setu utawa Minggu misalé:

  • Apa Sebabé Manungsa Kudu Manut Tuntunané Alkitab?

  • Saka Endi Awaké Dhéwé Éntuk Bantuan Pas Mangsa kang Rekasa?

  • Apa sing Wis Ditindakké Kratoné Gusti Allah kanggo Awaké Dhéwé Saiki?

”Pas kancaku sak kelas teka ing Balé Ibadah, dhèwèké tak ajak lungguh bareng, terus bukuné ya barengan karo aku. Dhèwèké ngomong nèk seneng banget krungu jawabané para sedulur pas acara tanya-jawab soalé ing gréjané ora ana acara kaya ngono.”​—Brenda.

Keterangan. Ing Balé Ibadah acarané gratis lan ora dijaluki kolèkte.

Wong-wong ing kono isa nguwatké imanmu. Menurut Alkitab, nèk teka ing Balé ibadah, awaké dhéwé isa ”padha-padha nguwatké”. (Ibrani 10:24, 25) Awaké dhéwé mesthi seneng isa bergaul karo wong sing ngutamakké Gusti Allah lan ngutamakké kepentingané wong liya.

”Biasané bar mulih sekolah, aku ngrasa kesel, terus ora semangat. Tapi ing Balé Ibadah, para sedulur padha nyemangati aku. Makané bar mulih saka kono, aku dadi semangat manèh.”​—Elisa.

Keterangan. Ana luwih saka 120.000 jemaat Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya lan ana luwih saka 60.000 panggonan ibadahé. Merga sing teka saya akèh, saben taun ana kira-kira 1.500 Balé Ibadah sing dibangun.a

Kandhané kanca-kancamu

Jessica

”Pas SMA, ana kancaku sak kelas sing tak ajak ing pertemuan ibadah. Dhèwèké terkesan soalé kabèh isa sinau Alkitab bareng-bareng padahal umuré béda-béda. Durung suwé iki bosku ya teka ing pertemuan ibadah. Dhèwèké ya terkesan soalé kabèh sing dirembug saka Alkitab. Aku dadi tambah seneng teka ngibadah.”​—Jessica.

Timothy

”Wektu teka ngibadah, aku dadi ora terlalu mikirké masalahku. Aku dadi ngerti carané bèn isa bahagia lan piyé bèn sifatku dadi luwih apik. Bar mulih pertemuan ibadah, aku mesthi ngrasa seneng lan semangat manèh.”​—Timothy.

Jacob

”Wong sing tak undang ing pertemuan ibadah ngomong, ’Awalé aku teka mung péngin mbuktèkké nèk ajarané Seksi Yéhuwah salah, jebulé ajaran agamaku sing salah.’ Dhèwèké ya terkesan merga para sedulur ramah. Dhèwèké ngomong, ’Aku wis dianggep kaya kanca akrabé padahal lagi waé ketemu.’”​—Jacob.

Madison

”Kadhang aku péngin langsung mulih bar rampung pertemuan ibadah, tapi merga menikmati acarané, aku ora mikir ngono manèh. Bar rampung acarané, terus ngobrol-ngobrol karo para sedulur, aku dadi ora péngin mulih. Aku dadi nduwé kanca sing apik soalé aku teka ing pertemuan ibadah.”​—Madison.

a Bèn isa ngerti panggonan ibadahé, deloken ”Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah”, terus dudulen ”Golèk Panggonan sing Paling Cedhak”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim