PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 94
  • Apa sing Kudu Tak Tindakké Nèk Aku Éntuk Naséhat?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa sing Kudu Tak Tindakké Nèk Aku Éntuk Naséhat?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Piyé tanggepanmu?
  • Apa sebabé aku butuh naséhat?
  • Piyé carané bèn aku isa luwih gampang nampa naséhat?
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 94
Wong-wong ngritik lukisané cah wédok.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa sing Kudu Tak Tindakké Nèk Aku Éntuk Naséhat?

  • Piyé tanggepanmu?

  • Apa sebabé aku butuh naséhat?

  • Piyé carané bèn aku isa luwih gampang nampa naséhat?

  • Kandhané kanca-kancamu

Piyé tanggepanmu?

Kadhang kala, awaké dhéwé butuh naséhat, yaiku saran sing isa mbantu kowé dadi wong sing luwih apik. Gatèkna situasi iki.

  1. ● Gurumu nggatèkké nèk kowé males ngerjakké tugas-tugas sekolah. Gurumu ngomong, ”Kowé kudu luwih sregep.”

    Piyé tanggepanmu wektu dikèki naséhat?

    1. Ora Nampa. (’Guruku pancèn ora seneng karo aku.’)

    2. Nampa. (’Aku bakal luwih sregep.’)

  2. ● Ibumu ngomong nèk kamarmu berantakan, padahal lagi waé mbok resiki.

    Piyé tanggepanmu wektu dikèki naséhat?

    1. Ora nampa. (’Ibuku pancèn senengané nesu-nesu.’)

    2. Nampa. (’Kamarku pancèn isih kurang resik.’)

  3. ● Adhimu ngomong nèk kowé senengané ngongkon-ngongkon.

    Piyé tanggepanmu wektu dikèki naséhat?

    1. Ora nampa. (’Dhèwèké ya kaya ngono, malah luwih parah.’)

    2. Nampa. (’Aku kuduné luwih apikan karo adhiku.’)

Cah-cah enom biasané gampang tersinggung wektu dinaséhati. Apa kowé kaya ngono? Nèk iya, kowé bakal rugi dhéwé. Nèk kowé saiki ngupaya bèn ora tersinggung wektu nampa naséhat, kowé bakal luwih gampang wektu nampa naséhat ing liya dina.

Cah lanang sing ngandhani nèk tali sepatuné kancané ucul.

Aja nganti kowé ora éntuk manfaat saka naséhat sing mbok butuhké mung merga kowé ora péngin dinaséhati

Apa sebabé aku butuh naséhat?

  • Merga kowé mesthi nggawé kesalahan. Alkitab ngomong, ”Kita kabèh kerep nggawé salah.” (Yakobus 3:2) Mula, kabèh wong butuh naséhat.

    ”Aku kudu éling nèk kabèh wong kuwi ora sampurna lan isa nggawé kesalahan. Dadi, wektu dinaséhati, aku ngupaya ngetrapké naséhat kuwi lan ora mbalèni kesalahan sing padha.”​—David.

  • Merga kowé isa dadi wong sing luwih apik. Alkitab ngomong, ”Wong wicaksana pituturana, temah kawicaksanané mundhak.” (Wulang Bebasan 9:9) Kowé isa éntuk manfaat nèk nampa naséhat.

    ”Mbiyèn, aku ora seneng dinaséhati. Aku ngrasa nèk kuwi nggawé réputasiku dadi èlèk. Ning, saiki aku gelem nampa lan malah njaluk naséhat bèn aku isa ngerti apa sing perlu tak owahi.”​—Selena.

Awaké dhéwé biasané luwih gampang nampa naséhat nèk awaké dhéwé sing njaluk. Ning, awaké dhéwé dadi angèl nampa nèk naséhat kuwi ora sesuai karo karepé awaké dhéwé. Cah enom sing jenengé Natalie tau ngalami kaya ngono. Dhèwèké ngomong, ”Aku ngrasa sedhih banget. Aku wis ngupaya sak isa-isané, ning aku tetep dikritik.”

Apa kowé tau ngalami kaya ngono? Nèk iya, piyé carané kowé isa ngatasi kuwi?

Piyé carané bèn aku isa luwih gampang nampa naséhat?

  • Rungokna.

    Alkitab ngomong, ”Wong wasis iku bisa ngampet tembungé, sarta wong kang duwé kapinteran iku sarèh ing budi.” (Wulang Bebasan 17:27) Aja mbantah wektu kowé dinaséhati. Aja nganti kowé ngomongké apa sing bakal nggawé kowé gela.

    ”Wektu dinaséhati biasané aku langsung mbantah. Padahal, aku kuduné gelem ngrungokké naséhat kuwi lan nggawé perubahan.”​—Sara.

  • Gatèkna naséhaté, dudu wongé.

    Ketimbang langsung nesu wektu dinaséhati, luwih apik nèk kowé ngetrapké saran saka Alkitab kanggo ”cepet ngrungokké, aja kesusu ngomong, lan aja gampang nesu”. (Yakobus 1:19) Biasané naséhat sing diwènèhké kuwi ana beneré, lan kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé butuh naséhat. Aja nganti kowé ora éntuk manfaat saka naséhat sing mbok butuhké mung merga kowé ora péngin dinaséhati.

    ”Pas aku dinaséhati wong tuwaku, aku biasané nesu, terus ngomong, ’Iya, iya ngerti’. Ning, wektu aku gelem ngetrapké naséhaté wong tuwaku, aku isa ngrasakké dhéwé manfaaté.”​—Edward.

  • Nduwéa pandhangan sing bener.

    Dinaséhati kuwi ora berarti kowé gagal. Kuwi mung bukti nèk kowé ora sampurna, kaya liyané. Kabèh wong mesthi butuh naséhat, klebu wong sing mènèhi kowé naséhat. Alkitab ngomong, ”Ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawé becik lan ora tau nglakoni dosa.”​—Kohèlèt 7:20.

    ”Aku tau dinaséhati kancaku, ning aku ngrasa nèk ora butuh naséhat kuwi. Wektu kuwi, aku tetep ngomong maturnuwun karo dhèwèké, ning sakjané aku nesu. Akhiré, aku ngerti nèk naséhaté bener. Untung kancaku ngelingké aku, aku dadi ngerti apa sing kudu tak owahi.”​—Sophia.

  • Gawéa perubahan.

    Alkitab ngomong nèk wong ”kang gelem nampani pamelèh iku wicaksana”. (Wulang Bebasan 15:5) Nèk kowé isa nampa naséhat, kowé ora bakal ngrasa lara ati manèh lan luwih fokus kanggo nggawé perubahan. Ngupayaa kanggo terus nampa naséhat. Sakwisé pirang-pirang sasi, deloken apa kowé wis dadi wong sing luwih gampang nampa naséhat.

    ”Nèk kowé ngakoni kesalahanmu, njaluk ngapura, lan nggawé perubahan, kuwi bukti nèk kowé gelem nampa naséhat.”​—Emma.

Intiné: Alkitab ngomong, ”Wesi landhepé menawa diasah nganggo wesi; semono uga manungsa dadi pinter merga sesrawungan karo pepadhané.” (Wulang Bebasan 27:17, Basa Jawi Padintenan) Kowé isa dadi wong sing luwih apik saiki lan wektu wis diwasa nèk kowé gelem nampa naséhat.

Kandhané kanca-kancamu

Renato.

”Naséhat ora kudu saka sing luwih tuwa. Kowé tetep isa sinau saka naséhaté wong sing sak umuran utawa luwih enom saka kowé. Kuwi bukti nèk wong-wong mau nggatèkké kowé lan péngin kowé dadi wong sing luwih apik. Mula, kowé kudu ngupaya kanggo nampa kabèh naséhat.”​—Renato.

Shae.

”Akèh wong saiki gampang tersinggung. Sikap kuwi nggawé wong dadi mung mikirké kepentingané dhéwé lan ora gelem dinaséhati. Padahal, nèk kowé gelem nampa naséhat, kuwi ana manfaaté kanggo kowé lan wong-wong ing sekitarmu.”​—Shae.

Kesimpulan: Apa sing kudu tak tindakké nèk aku éntuk naséhat?

Rungokna. Aja mbantah wektu kowé dinaséhati. Aja nganti kowé ngomongké apa sing bakal nggawé kowé gela.

Gatèkna naséhaté, dudu wongé. Rungokna dhisik naséhaté, lan aja langsung mbenerké tumindakmu. Naséhat saka wong liya isa nggawé kowé dadi wong sing luwih apik.

Nduwéa pandhangan sing bener. Dinaséhati kuwi ora berarti kowé gagal. Kuwi mung bukti nèk kowé ora sampurna, kaya liyané.

Gawéa perubahan. Ngupayaa kanggo terus nampa naséhat. Sakwisé pirang-pirang sasi, deloken apa kowé wis dadi wong sing luwih gampang nampa naséhat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim