PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 93
  • Piyé Carané Aku Isa Ngurangi Berat Badan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Aku Isa Ngurangi Berat Badan?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa aku pancèn kudu ngurangi berat badan?
  • Apa cara sing paling apik kanggo ngurangi berat badan?
  • Sing kudu mbok tindakké
  • Piyé Carané Bèn Kowé Nduwé Kebiasaan Mangan sing Séhat?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 93
Cah lanang lagi ngaca lan ndeloki wetengé

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Carané Aku Isa Ngurangi Berat Badan?

  • Apa aku pancèn kudu ngurangi berat badan?

  • Apa cara sing paling apik kanggo ngurangi berat badan?

  • Sing kudu mbok tindakké

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa aku pancèn kudu ngurangi berat badan?

Ana cah-cah enom sing péngin ngurangi berat badané, padahal . . .

  • kuwi mung merga mentingké penampilané ketimbang keséhatané. Ana cah-cah enom sing nggunakké cara sing cepet kanggo ngurangi berat badané, contoné sengaja ora mangan utawa ngombé obat penurun berat badan. Ning, cara-cara kuwi biasané ora ana pengaruhé lan malah bahaya.

    ”Ana cah-cah wédok sing sengaja ora mangan bèn berat badané cepet mudhun. Padahal sakjané kuwi bahaya lan butuh wektu sing suwé bèn isa pulih manèh.”​—Hailey.

  • kuwi ora perlu. Berat badané cah-cah enom kuwi sakjané normal. Ning, dhèwèké ngrasa lemu merga mbandhingké awaké karo kanca-kancané utawa karo pandhangané wong-wong soal awak sing ”idéal” sing ditampilké ing média.

    ”Wektu umurku 13 taun, aku mbandhingké awakku karo kanca-kancaku. Aku mikir nèk aku kudu langsing banget kaya kanca-kancaku bèn aku isa disenengi.”​—Paola.

Ning, ana cah-cah enom sing pancèn kudu ngurangi berat badané. Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) nglaporké nèk . . .

  • ing sak donya, ana 340 yuta cah enom sing umuré 5 nganti 19 taun sing kelemon.

  • ing taun 1975, ana 4 persèn cah enom saka umur 5-19 taun sing kelemon. Ning, ing taun 2016, jumlahé mundhak dadi 18 persèn.

  • ing akèh negara, luwih akèh wong sing kena obésitas ketimbang wong sing kurus.

  • obésitas ya dialami karo wong-wong ing negara sing miskin. Malah, kuwi ya dialami karo wong-wong sing kurang gizi.

Apa cara sing paling apik kanggo ngurangi berat badan?

Endi sing mbok pilih?

  1. Sengaja ora mangan.

  2. Olahraga lan nduwé kebiasaan mangan sing séhat.

  3. Ngombé obat penurun berat badan.

Sing bener: Nomer 2: Olahraga lan nduwé kebiasaan mangan sing séhat.

Sengaja ora mangan utawa ora mangan salah siji jenis panganan mungkin isa nggawé berat badanmu cepet mudhun. Ning, cara-cara kuwi ora séhat, lan isa waé berat badanmu mbalik manèh nèk kowé nduwé kebiasaan mangan kaya mbiyèn.

Ning, nèk tujuanmu ngurangi berat badan kuwi merga péngin séhat, kowé bakal éntuk hasil sing luwih apik. Dr. Michael Bradley ngomong, ”Cara sing paling aman, paling séhat, lan hasilé paling awèt kuwi . . . nèk kowé ngubah gaya hidup.”a Apa maksudé? Nèk péngin ngurangi berat badan, kowé ora perlu dièt. Kowé mung perlu ngubah gaya hidupmu.

Sing kudu mbok tindakké

Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ”isa ngendhalèni dhiri ing kabèh perkara”, kuwi termasuk kebiasaan mangané awaké dhéwé. (1 Timotius 3:11) Malah Alkitab ya ngomong nèk awaké dhéwé aja nganti kakèhan mangan. (Wulang Bebasan 23:20; Lukas 21:34) Pathokan-pathokan Alkitab kuwi isa mbantu kowé nduwé gaya hidup sing luwih séhat. Apa sing isa mbok tindakké?

  • Cah lanang lagi ndelok panganan nganggo kaca pembesar

    Kudu ngerti apa waé sing termasuk kebiasaan mangan sing séhat.

    Aja berlebihan soal pilih-pilih panganan. Ning, kowé kudu tetep ngerti soal kandungan gizi ing pangananmu. Kuwi isa mbantu kowé nduwé kebiasaan mangan sing séhat. Kebiasaan mangan sing séhat bakal mbantu kowé nduwé berat badan sing normal.

  • Cah lanang lagi mlaku-mlaku

    Kudu luwih akèh gerak.

    Kowé kudu ngupaya bèn isa luwih akèh gerak. Contoné, ketimbang nganggo lift, kowé mendhing nganggo tangga. Ketimbang dolanan games, mendhing kowé mlaku-mlaku.

  • Cah lanang milih panganan sing séhat ketimbang panganan sing ora séhat

    Ngganti panganan sing ora séhat karo panganan sing séhat.

    Cah enom sing jenengé Sophia ngomong, ”Bèn ora jajan sembarangan, aku nggawa bekal, kaya buah lan sayur.”

  • Cah lanang sing ora gelem nambah panganan

    Mangan aja cepet-cepet.

    Ana wong-wong sing merga mangané cepet, dadi ora ngrasa nèk sakjané wis wareg. Mula, aja cepet-cepet wektu mangan. Kowé isa mandheg dhisik sakdurungé arep nambah panganan. Kowé bakal ngerti nèk sakjané kowé wis wareg.

  • Cah lanang lagi maca katrangan gizi ing bungkus panganan

    Kudu ngerti sepira akèhé kalori ing pangananmu.

    Kowé isa maca katrangan gizi sing ana ing bungkusé bèn isa ngerti jumlah kalori ing pangananmu. Élinga nèk minuman bersoda, makanan cepat saji, lan panganan sing manis-manis kuwi akèh kaloriné lan isa nggawé kowé lemu.

  • Cah lanang sing mangan ès krim sakwisé baskèt

    Kudu seimbang.

    Sara sing umuré 16 taun ngomong, ”Mbiyèn, aku mesthi ngitungi jumlah kalori ing pangananku. Saben aku arep mangan, sing tak pikirké mung jumlah kaloriné.” Kowé kudu seimbang. Kowé isa tetep mangan panganan sing énak, ning aja akèh-akèh.

Saran: Kowé isa njaluk saran saka dokter. Dokter isa mbantu kowé bèn nduwé gaya hidup sing luwih séhat.

Kandhané kanca-kancamu

Nikki

”Awaké dhéwé biasané gampang banget kepengaruh karo pandhangané wong-wong soal bentuk tubuh sing apik. Akibaté, pas ngaca, awaké dhéwé dadi ngrasa ora seneng karo badané dhéwé. Ning, awaké dhéwé kudu ngerti nèk kabèh wong nduwé bentuk tubuh lan ukuran sing béda-béda. Nèk awaké dhéwé ngupaya bèn tetep séhat, awaké dhéwé mesthi bakal ngrasa puas karo penampilané awaké dhéwé.”​—Nikki.

Lorenzo

”Nèk ora mikirké apa sing arep tak pangan, aku akhiré dadi mangan makanan cepat saji, sing ora séhat lan malah larang. Aku sakjané ya seneng aérobik. Kuwi nggawé awakku dadi luwih seger. Ning nèk kuwi ora tak jadwalké, aku malah dadi nindakké sing liyané.”​—Lorenzo.

Kesimpulan: Piyé carané aku isa ngurangi berat badan?

Nèk péngin ngurangi berat badan, kowé ora perlu dièt. Kowé mung perlu ngubah gaya hidupmu. Carané:

  • Kudu ngerti apa waé sing termasuk kebiasaan mangan sing séhat. Kowé kudu ngerti soal kandungan gizi ing pangananmu. Kuwi isa mbantu kowé nduwé kebiasaan mangan sing séhat.

  • Kudu luwih akèh gerak. Kowé kudu ngupaya bèn isa luwih akèh gerak.

  • Ngganti panganan sing ora séhat karo panganan sing séhat. Bèn ora jajan sembarangan, kowé isa nggawa bekal.

  • Mangan aja cepet-cepet. Aja cepet-cepet wektu mangan. Kowé isa mandheg dhisik sakdurungé arep nambah panganan. Kowé bakal ngerti nèk sakjané kowé wis wareg.

  • Kudu ngerti sepira akèhé kalori ing pangananmu. Kowé isa maca katrangan gizi sing ana ing bungkusé bèn isa ngerti jumlah kalori ing pangananmu.

  • Kudu seimbang. Kowé kudu ngerti jumlah kalori sing ana ing pangananmu, ning aja berlebihan.

a Saka buku When Things Get Crazy With Your Teen.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim