PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwwd artikel 12
  • Carané Manuk Gannet Nyelem

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Manuk Gannet Nyelem
  • Apa Iki Dirancang?
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Paus Berparuh Cuvier Isa Nyelem Jero Banget
    Apa Iki Dirancang?
  • Héwan lan Tumbuhan sing Bercahaya
    Apa Iki Dirancang?
  • Kulit Jeruk Bali sing Tahan Benturan
    Apa Iki Dirancang?
Apa Iki Dirancang?
ijwwd artikel 12
Manuk gannet nyelem.

APA IKI DIRANCANG?

Carané Manuk Gannet Nyelem

Manuk Gannet kuwi manuk laut sing ukurané gedhé. Wektu manuk kuwi mabur lan arep nyelem ing laut kecepatané isa nganti 190 kilomèter per jam. Pas nabrak banyu, kekuwatan tabrakané kuwi luwih saka ping 20 gaya gravitasi. Piyé manuk gannet isa nindakké kuwi bola-bali lan ora cedera?

Pikirna: Sakdurungé nyelem, manuk gannet narik sayapé ing arah mburi. Kuwi sing nggawé bentuk awaké dadi kaya panah. Manuk gannet ya nduwé selaput sing nglindhungi matané. Terus, manuk gannet isa ngisi udara ing njero gulu lan dhadhané bèn ora lara wektu nabrak banyu.

Wektu manuk gannet arep nyelem ing laut, cucuké, sirahé, lan guluné mbentuk kaya kerucut. Bentuk kerucut kuwi nggawé tekanan sing ditampa manuk gannet isa dibebanké ing otot guluné. Sakliyané kuwi, manuk gannet tetep isa ndelok senajan ing njero banyu.

Sepira jeroné manuk gannet isa nyelem? Manuk gannet isa nyelem nganti 11 meter merga kecepatané banter lan bentuk awaké kaya kerucut. Ning, kuwi isa luwih jero manèh nèk manuk gannet renang nggunakké sayap lan sikilé. Manuk gannet isa nyelem luwih saka 25 meter. Sakwisé nyelem, manuk gannet isa langsung munggah ing permukaan lan siap kanggo mabur manèh.

Deloken carané manuk gannet nyelem

Para peneliti ngrancang robot sing mirip karo manuk gannet kanggo mbantu nggolèki lan nylametké ing keadaan sing darurat. Para peneliti péngin nggawé robot sing isa mabur, nyelem, lan isa mabur manèh. Ning, wektu diuji coba ana salah siji robot sing rusak pas nabrak banyu merga nabraké banter banget. Akhiré, para peneliti dadi ngerti nèk ”kemampuan manuk gannet kanggo nyelem kuwi luwih apik” ketimbang robot rancangané manungsa.

Piyé nurut njenengan? Apa carané manuk gannet nyelem kuwi ana merga hasil évolusi? Utawa, apa iki dirancang?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim