PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwwd artikel 13
  • Kulit Jeruk Bali sing Tahan Benturan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kulit Jeruk Bali sing Tahan Benturan
  • Apa Iki Dirancang?
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Kulit Hiu
    Apa Iki Dirancang?
  • Héwan lan Tumbuhan sing Bercahaya
    Apa Iki Dirancang?
Apa Iki Dirancang?
ijwwd artikel 13
Jeruk bali sing isih ning wité.

APA IKI DIRANCANG?

Kulit Jeruk Bali sing Tahan Benturan

Jeruk bali kuwi buah jeruk sing ukurané gedhé lan rasané manis. Buah iki thukul ing wit sing dhuwuré kira-kira 10 mèter. Sing nggumunké, buah iki ora rusak senajan tiba seka wit sing dhuwur. Apa sing nggawé buah iki tahan karo benturan?

Pikirna: Para peneliti wis nliti, nèk lapisan kulit jeruk bali bagéan njero sing wernané putih kuwi mirip kaya spons sing akèh ronggané. Nèk lapisané didelok luwih jero rongga-ronggané kétok luwih gedhé. Isiné rongga kuwi yaiku udara utawa cairan. Dadi, wektu buah kuwi tiba ing tanah, cairan kuwi gunané dadi kaya peredam. Kulit jeruk bali kuwi isa lentur lan dadi keras manèh. Kuwi sing nggawé jeruk bali ora rusak wektu kena benturan.

Jeruk bali sing disigar dadi loro kuwi kulité kaya spons. Terus, nèk didelok nganggo mikroskop ana rongga-ronggané.

Para ilmuwan niru rancangané kulit jeruk bali kanggo nggawé peredam benturan. Para ilmuwan kuwi nggawé uji coba busa peredam sing digawé saka logam. Para ilmuwan ya yakin nèk rancangan iki isa digunakké kanggo nggawé helm kanggo wong sing numpak motor, peredam kanggo kendaraan, lan kanggo nglindhungi stasiun luar angkasa saka meteoroid.

Piyé nurut njenengan? Apa kulit jeruk bali sing tahan benturan kuwi ana merga hasil évolusi? Utawa, apa iki dirancang?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim