PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hdu artikel 17
  • Nggawé Buku Nganggo Huruf Braille

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggawé Buku Nganggo Huruf Braille
  • Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Nggawé
  • Sinau Huruf Braille
  • ”Aku Ya Péngin Maca Terus Buku-Buku Kuwi”
  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Wong Wuta
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Umaté Yéhuwah Saling Menyayangi
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Dongané Wong Wédok Wuta Dijawab
    Pengalaman
  • Mbantu Wong Wuta Sinau bab Yéhuwah
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
Delok Kabèh
Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
hdu artikel 17
Wong wédok maca buku nganggo huruf braille.

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Nggawé Buku Nganggo Huruf Braille

1 OKTOBER 2021

Ing The Watchtower 1 Juni 1912 ditulis, ”Ana akèh wong sing wuta. Tapi, merga ana buku ing huruf braille, wong-wong sing wuta isa maca. Wong-wong kuwi seneng banget merga isa ngerti nèk sukmbèn bakal ana donya sing anyar.”

Pas kuwi, huruf braille basa Inggris ing saben negara kuwi béda-béda. Tapi, wektu kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah wis nggawé buku-buku nganggo huruf braille. Saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah isih nggawé buku ing huruf braille, malah wis luwih saka 50 basa. Carané piyé?

Huruf braille kuwi bentuké titik-titik timbul sing jumlahé siji nganti enem

Carané Nggawé

Sing pertama, kudu ngubah tèks dadi huruf braille. Michael Millen saka Layanan Pengolahan Tèks ing Patterson, New York, ngomong, ”Awalé, kami tuku software kanggo ngubah tèks dadi huruf braille. Tapi, kuwi ora isa ngubah ing akèh basa. Saiki, kami nganggo Watchtower Translation System sing isa ngubah tèks ing huruf braille ing akèh basa. Iki program komputer sing apik banget.”

Ing buku-buku sing nganggo huruf braille kuwi gambaré ya dijelaské. Misalé, kanggo njelaské gambar sampul ing buku Bahagia Saklawasé ing huruf braille, ana tulisané ngéné, ”Wong lanang sing lagi mlaku ing dalan sing ménggak-ménggok, terus ing sekitaré ana kembang, bukit, terus ya gunung.” Ana pengalaman saka Jamshed. Dhèwèké kuwi wuta. Dhèwèké dadi abdiné jemaat lan perintis. Jamshed ngomong, ”Aku seneng banget merga gambar-gambaré ya dijelaské.”

Bar kuwi, hasilé dikirim ing beberapa kantor cabang sing nyétak ing huruf braille. Ing kono, buku-buku kuwi dicétak nganggo kertas sing kandel bèn isa awèt lan ora cepet suwèk. Terus, hasilé dijilid lan dikirim nganggo jasa pengiriman sing biasa utawa nganggo jasa pengiriman gratis kanggo wong-wong wuta. Terus, nèk ana sedulur-sedulur sing wuta, kantor cabang ya isa ngirim luwih cepet buku-buku kuwi bèn isa dienggo pas pertemuan ibadah.

Nggawé buku ing huruf braille kuwi butuh akèh wektu lan biaya. Misalé, ing percétakan ing Walkill, New York, wektu sing dibutuhké kanggo nggawé loro Alkitab braille kuwi padha kaya nggawé 50.000 Alkitab biasa. Siji Alkitab braille basa Inggris kuwi dadiné 25 jilid. Biaya kanggo nggawé Alkitab braille siji luwih saka rong yuta. Kuwi berarti ping 123 luwih larang timbang nggawé Alkitab biasa.

Gambar: 1. Siji Alkitab ”Terjemahan Donya Anyar” nèk ing huruf braille dadiné 25 jilid. 2. Nèk 25 jilid Alkitab braille ditumpuk, kuwi luwih dhuwur timbang wong.

Siji Alkitab Terjemahan Donya Anyar ing huruf braille basa Inggris kuwi dadiné 25 jilid

Para sedulur seneng banget isa mèlu nggawé buku ing huruf braille. Misalé Nadia, sing kerja ing kantor cabang Afrika Selatan. Dhèwèké crita, ”Para sedulur sing wuta mesthi uripé wis ora kepénak. Dadi aku seneng banget isa mbantu meréka. Kuwi ya bukti nèk Yéhuwah sayang banget karo meréka.”

Sinau Huruf Braille

Tapi, piyé nèk wong sing wuta ora isa maca huruf braille? Mbiyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah tau nggawé buku Sinau Huruf Braille (Learn to Read Braille). Buku kuwi ana huruf braille karo tulisan biasa, dadi isa dienggo wong sing wuta karo sing ora. Buku kuwi wis termasuk alat tulis huruf braille. Dadi, sing lagi sinau isa langsung nyoba nulis nganggo huruf braille. Hasilé, sing sinau dadi luwih gampang ngapalké huruf braille.

Gambar: 1. Buku ”Sinau Huruf Braille”. 2. Alat tulis huruf braille.

”Aku Ya Péngin Maca Terus Buku-Buku Kuwi”

Apa manfaaté buku ing huruf braille kanggo sedulur-sedulur sing wuta? Sakdurungé ana buku ing huruf braille, Ernst, sing manggon ing Haiti, kudu ngéling-éling sing arep diomongké pas éntuk tugas sekolah utawa pas arep ngekèki koméntar. Tapi, merga saiki wis ana buku ing huruf braille, dhèwèké ngomong, ”Aku dadi isa luwih kerep ngekèki koméntar. Aku dadi ora ngrasa béda dhéwé.”

Ana pinituwa sing wuta ing Austria sing jenengé Jan. Dhèwèké kuwi sing mandhu Sinau Warta Penting lan Sinau Alkitab Jemaat. Dhèwèké crita, ”Buku ing huruf braille saka Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi luwih jelas timbang buku ing huruf braille liyané. Misalé, kuwi ana nomer halamané, nggolèki cathetan ngisoré ya ora angèl, terus gambaré ya dijelaské.”

Ana perintis ing Korea Selatan sing wuta lan budheg jenengé Seon-ok. Pas ngibadah, dhèwèké kudu dibantu wong liya nganggo basa isyarat. Tapi, saiki dhèwèké isa maca Alkitab dhéwé nganggo huruf braille. Dhèwèké crita, ”Buku ing huruf braille biasané angèl diwaca merga titik-titiké ora jelas utawa kertasé sing ketipisen. Tapi, nèk buku ing huruf braille saka Seksi Yéhuwah kuwi kertasé apik, terus titik-titiké luwih jelas. Dadi, aku luwih gampang macané. Mauné pas sinau Alkitab aku kudu dibantu karo wong liya. Tapi, saiki aku isa sinau dhéwé. Aku seneng banget isa persiapan kanggo pertemuan ibadah lan isa mènèhi koméntar. Aku maca kabèh buku nganggo huruf braille. Aku ya péngin maca terus buku-buku kuwi.”

Kaya buku-buku liyané, buku ing huruf braille ya ana tulisan ngéné, ”Buku iki ora diedol, ning hasil sumbangan sukaréla saka wong-wong sak donya. Buku iki digawé kanggo mbantu sinau Alkitab.” Kabèh buku, termasuk sing kanggo wong sing wuta kuwi isa ana merga njenengan wis nyumbang kanggo gawéan sak donya nganggo cara-cara sing ana ing at donate.jw.org. Maturnuwun merga njenengan murah hati.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim