CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ
Lagu-Lagu sing Nggawé Luwih Cedhak karo Gusti Allah
1 NOVEMBER 2021
Musik kuwi hadiah saka Yéhuwah. Musik isa nggawé awaké dhéwé seneng lan semangat. Nah, nèk lagu-lagu saka JW Broadcasting malah isa nggawé awaké dhéwé luwih cedhak karo Yéhuwah.
Lagu-lagu ing JW Broadcasting mulai ana kèt taun 2014, lan nganti saiki wis ana luwih saka 70. Paling ora ana siji lagu sing wis ana ing 500 basa. Sapa sing nggawé lagu-lagu kuwi? Terus, piyé carané?
Carané Lagu-Lagu Kuwi Digawé
Lagu-lagu kuwi digawé karo tim lagu ing Layanan Audio/Vidéo, lan kuwi diarahké karo Panitia Pendidikan saka Pengurus Pusat. Ing tim lagu, ana 13 sedulur sing ditugasi dadi komposer, tèknisi, sing ngatur jadwal, lan liya-liyané. Terus, ya ana rélawan jarak jauh saka endi-endi sing dadi komposer, musisi, lan penyanyi. Para sedulur kuwi gelem kerja keras kanggo Yéhuwah.
Piyé carané lagu-lagu kuwi digawé? Pertama, Panitia Pendidikan milih sik ayat kanggo laguné lan nentokké tujuané lagu kuwi. Terus, tim lagu nggawé musiké, nggawé liriké, lan nggawé rekaman awalé. Panitia Pendidikan bakal ngecèk hasilé, terus ngandhani apa sing kudu dibenakké. Nèk hasilé wis apik, tim lagu isa nggawé rekaman akhiré. Rekamané isa ing kantor cabang, tapi ya isa ing omah-omah.
Pas nggawé lagu, para sedulur kuwi nganggo akèh program komputer. Para sedulur kuwi ya butuh alat musik, mixer audio, amplifier, speaker, lan mikrofon. Regané mikrofon siji kira-kira 1,4 juta nganti 14 juta rupiah. Taun 2020, organisasi ngetokké kira-kira 1,6 milyar rupiah kanggo tuku peralatan rekaman.
Piyé carané bèn isa hémat? Ana akèh rélawan jarak jauh sing mbantu. Terus, nggawé musiké ora perlu rekaman karo wong akèh, tapi mung nganggo program komputer.
”Isa Nggawé Aku Semangat Manèh”
Para sedulur seneng banget ngrungokké lagu-lagu saka JW Broadcasting. Tara, sing asalé saka Jerman, ngomong, ”Pas ngrungokké lagu-lagu kuwi, aku ngrasa tenang. Terus merga laguné nganggo basaku dhéwé, aku ngrasa kaya lagi dipeluk karo Yéhuwah.” Sedulur sing jenengé Dmitry, sing asalé saka Kazakhstan, ngomong, ”Aku ora perlu kuwatir, merga laguné mesthi sesuai karo pathokan ing Alkitab. Malah lagu-lagu kuwi isa nggawé aku luwih cedhak karo Yéhuwah.”
Delia, sing asalé saka Afrika Selatan, ngomong, ”Pas aku lagi sedhih utawa ngadhepi masalah, lagu-lagu kuwi isa nggawé aku semangat manèh. Malah, krungu musiké waé aku wis semangat.”
Ana beberapa sing nduwé lagu favorit. Contoné Lerato, sing asalé saka Afrika Selatan. Dhèwèké ngomong, ”Pas aku ngrungokké lagu ’Donya Anyar Wis Cedhak’ lan ’Donya sing Anyar’, aku mbayangké isa ketemu ibuku lan isa meluk dhèwèké.”
Ana cah enom saka Sri Lanka sing ngrasakké manfaaté ngrungokké lagu-lagu saka JW Broadcasting. Dhèwèké crita, ”Ing ngarepé kanca-kancaku, aku diécé guruku merga aku Seksi Yéhuwah. Aku wedi, terus bingung kudu ngomong apa. Pas aku crita karo ibuku, dhèwèké ngongkon aku ngrungokké lagu ’Rajin Belajar’. Aku dadi ngerti nèk kudu sinau luwih akèh bèn isa njelaské soal kepercayaanku karo guruku. Sésuké, aku nyoba njelaské karo guruku. Ternyata, dhèwèké gelem ngrungokké. Aku bersyukur banget merga ana lagu-lagu saka JW Broadcasting.”
Lagu-lagu kuwi isa ana merga njenengan nyumbang nganggo cara-cara sing ana ing donate.jw.org. Maturnuwun merga njenengan wis murah hati.