PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hdu artikel 19
  • Berita sing Isa Dipercaya lan Isa Nguwatké

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Berita sing Isa Dipercaya lan Isa Nguwatké
  • Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nggawé Berita
  • Tanggepané Para Sedulur
  • Dongakna Para Sedulur sing Dianiaya
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Cobanen Iki
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Bersyukur karo Yéhuwah Merga Njenengan Wis Apikan
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Naséhat saka Alkitab ing JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
Delok Kabèh
Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
hdu artikel 19
Sedulur lanang maca nganggo tablèt.

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Berita sing Isa Dipercaya lan Isa Nguwatké

1 DESEMBER 2021

Seksi-Seksi Yéhuwah perduli karo sedulur seimané. (1 Pétrus 2:17) Contoné Sedulur Tannis ing Kenya ngomong, ”Aku seneng nèk isa ngerti kabaré para sedulur sak donya.” Nah, saka endi ngertiné? Kèt taun 2013, ing jw.org ana bagéan Berita.

Ing bagéan Berita kuwi isiné laporan soal Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya. Misalé laporan soal rilis Alkitab, bantuan kemanusiaan, proyèk pembangunan, lan liya-liyané. Ing kono ya ana berita soal para sedulur sing dipenjara. Terus, ya ana pengalamané para sedulur selama kegiatan khusus lan Peringatan. Sapa sing nyiapké berita-berita kuwi? Piyé carané?

Nggawé Berita

Kantor Humas Pusat éntuk arahan saka Panitia Pengawas kanggo nyiapké artikel ing bagéan Berita. Ana luwih saka 100 sedulur sing mbantu ing Kantor Humas Pusat, akèh-akèhé rélawan jarak jauh. Ana sing tugasé nulis berita, mastèkké beritané bener, nggolèkké foto, lan nerjemahké. Ana manèh sing tugasé njawab nèk ana pejabat, wartawan, utawa liyané sing takon-takon. Kantor Humas Pusat ya dibantu karo luwih saka 80 Bagian Humas ing kantor cabang sak donya.

Piyé carané nggawé berita? Nèk éntuk crita sing isa didadèkké berita, meréka nglumpukké informasi lan mastèkké critané. Kadhang ya wawancara lan takon-takon karo para ahli. Nèk wis, beritané ditulis, di-edit, dicèk penulisané, digolèkké foto, terus njaluk persetujuan Panitia Pengawas.

Tanggepané Para Sedulur

Piyé kesané para sedulur wektu maca bagéan Berita ing jw.org? Sedulur Cheryl ing Filipina crita, ”Saben ésuk aku mesthi maca berita ing jw.org.”

Ngapa kok para sedulur seneng maca berita ing jw.org? Sedulur Tatiana ing Kazakhstan ngomong, ”Berita ing jw.org kuwi mesthi isa dipercaya.” Sedulur Alma ing Meksiko ngomong, ”Berita ing TV lan radio kuwi isiné èlèk-èlèk thok. Ning, nèk berita ing jw.org isiné isa nyemangati aku.”

Sedulur-sedulur sing maca berita ing jw.org ya isa dikuwatké. Misalé, Sedulur Bernard ing Kenya ngomong, ”Merga maca berita ing jw.org, wektu ndonga aku dadi isa nyebutké jeneng lan keadaané para sedulur sak donya. Aku dadi ngrasa nèk meréka kuwi keluargaku.” Sedulur Bybron ing Kenya ya ngomong, ”Aku seneng banget maca berita-berita soal rilis Alkitab. Aku dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi ora mbédak-mbédakké.”

Sedulur lanang ndonga. Ana gambar sedulur wédok éntuk bantuan kemanusiaan, omah hancur, sedulur lanang ing penjara, lan kebakaran hutan.

Merga maca bagéan Berita, awaké dhéwé dadi isa ndongakké para sedulur sak donya

Bahkan berita-berita soal sedulur sing dianiaya ya isa nguwatké. Sedulur Jackline ing Kenya crita, ”Ing berita-berita kuwi, para sedulur isa tetep setya merga kerep ndonga, maca Alkitab, lan malah nyanyi. Wektu maca critané, imanku isa dikuwatké.”

Sedulur Beatriz ing Kosta Rika seneng maca berita soal bantuan kemanusiaan. Dhèwèké ngomong, ”Para sedulur mesthi cepet banget ngekèki bantuan kanggo sedulur seimané sing kena bencana. Aku ya dadi tambah yakin nèk iki mémang organisasiné Yéhuwah.”

Awaké dhéwé mesthi seneng banget isa ngerti kabaré para sedulur sak donya. Berita-berita kuwi isa ana merga njenengan wis nyumbang kanggo gawéan sak donya liwat donate.jw.org. Maturnuwun merga njenengan murah hati.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim