CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ
Bantuan Kemanusiaan Selama Taun 2021
1 JANUARI 2022
Selama taun dinas 2021,a pandemi COVID-19 isih tetep ana. Ing artikel ”Bantuan Selama Pandemi” disebutké nèk organisasi wis ngetokké dhuwit 14 milyar rupiah kanggo mbantu para sedulur lan mbentuk 950 Panitia Penanggulangan Bencana.
Tapi selain pandemi, ya ana luwih saka 200 bencana alam ing sak donya. Makané, Panitia Pengawas wis setuju bèn organisasi ngetokké dhuwit luwih saka 115 milyar rupiah manèh kanggo mbantu sing kena bencana. Dhuwité kuwi dienggo ngapa waé?
Gunung Nyiragongo Mbledhos
Tanggal 22 Mei 2021, Gunung Nyiragongo ing Républik Démokratik Kongo mbledhos. Akibaté, akèh omah lan sekolahan padha rusak. Malah, penampungan banyu ing cedhak kutha Goma nganti ora isa dienggo manèh. Terus pirang-pirang dina bar kuwi, ing kutha Goma ana hujan abu vulkanik lan beberapa gempa susulan. Atusan èwu penduduk kutha kuwi dikon ngungsi ing Rwanda.
Panitia penanggulangan bencana nyiapké bubur kanggo para sedulur ing Balai Ibadah
Ana 5.000 Seksi Yéhuwah sing mèlu ngungsi. Beberapa ana sing omahé rusak merga lahar, tapi ya ana sing omahé kemalingan merga ditinggal. Panitia penanggulangan bencana ing Rwanda lan Républik Démokratik Kongo langsung ngekèki bantuan kemanusiaan. Ana laporan saka kantor cabang Kongo (Kinshasa) ngéné, ”Meskipun situasi ing kutha iki isih kacau, terus durung dikon évakuasi, panitia penanggulangan bencana wis mulai ngekèki bantuan, kaya panganan, banyu, sprèi, selimut, lan klambi.” Panitia penanggulangan bencana ya ngekèki téndha, masker, terus ya njelaské piyé carané bèn ora ketularan COVID-19 lan koléra.
Sakdurungé dikirim, panganané ditimbang sik
Telung sasi bar bencana, panitia kuwi wis ngekèki beras 6 ton, tepung 6 ton, minyak 3.000 liter, lan banyu 3.000 liter. Bèn isa ngirit, tukuné akèh sisan, terus ora tuku saka luar negeri.
Ana sedulur wédok sing éntuk bantuan merga omahé rusak. Dhèwèké ngomong, ”Kami sedhih banget. Tapi, Yéhuwah mbantu kami. Dhèwèké ngekèki apa sing kami butuhké. Yéhuwah kuwi apikan banget.”
Krisis Ékonomi ing Venezuela
Wis pirang-pirang taun ana krisis ékonomi ing Venezuela. Sedulur-sedulur ing kono uripé susah. Meréka ora nduwé panganan, terus ana akèh kejahatan. Piyé organisasiné Yéhuwah mbantu meréka?
Beras sing arep dikirimké kanggo para sedulur ing Venezuela
Selama taun dinas wingi, Panitia Penanggulangan Bencana wis ngetokké luwih saka 21 milyar rupiah kanggo tuku panganan lan sabun kanggo sedulur-sedulur ing Venezuela. Ana laporan saka kantor cabang Venezuela ngéné, ”Saben sasi, panitia kuwi kudu ngirimké 130 ton panganan kanggo para sedulur ing kabèh dhaérah ing Venezuela. Tuku panganané sisan akèh, terus pas regané lagi murah. Bar kuwi ya digolèkké pengiriman sing murah.” Terus, panganan sing dikirimké kuwi panganan sing ora cepet basi.
Merga angèl nggolèk bènsin, para sedulur kudu ngeterké panganan nganggo pit. Total perjalanané nganti 18 kilomèter
Leonel dadi anggota Panitia Penanggulangan Bencana ing Venezuela. Dhèwèké crita, ”Aku seneng banget isa mbantu. Aku lagi waé kélangan bojoku merga COVID-19. Tapi, merga sibuk mbantu wong liya, aku dadi ora pati sedhih manèh. Aku ya ndelok dhéwé nèk Yéhuwah terus ngopèni umaté.”
Ana sedulur liya sing crita, ”Mbiyèn aku tau dadi anggota Panitia Penanggulangan Bencana. Tapi, saiki aku sing dibantu. Sakliyané dikèki panganan lan kebutuhan liyané, aku karo bojoku ya dihibur lan dikuwatké.”
Biasané nèk ana bencana, organisasi isa langsung ngekèki bantuan. Kuwi merga njenengan wis nyumbang kanggo gawéan sak donya liwat cara-cara sing ana ing situs donate.jw.org. Maturnuwun merga njenengan murah hati.
a Taun dinas 2021 kuwi saka 1 September 2020 nganti 31 Agustus 2021.