CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ
Yéhuwah Sayang karo Wong-Wong sing Tunarungu
1 JULI 2022
Yéhuwah péngin kabèh wong isa kenal karo Dhèwèké lan ngerti soal Kerajaané. (1 Timotius 2:3, 4) Makané, Seksi-Seksi Yéhuwah nerjemahké Alkitab lan buku kanggo sinau Alkitab kanggo kabèh wong, termasuk sing tunarungu. Organisasi ya nggawé éwonan vidéo basa isyarat,a sing saiki wis diterjemahké nganti luwih saka 100 basa isyarat. Piyé organisasi nggawé lan ngirimké vidéo-vidéo kuwi? Terus ana perkembangan apa waé nganti saiki?
Vidéo-Vidéo Basa Isyarat Kuwi Nggawéné Piyé?
Vidéo-vidéo basa isyarat diterjemahké karo tim-tim penerjemah ing sak donya. Sakdurungé nerjemahké, tim bakal mbahas sik bahan sing arep diterjemahké, bèn mengko hasil terjemahané isa jelas lan sederhana. Bar kuwi, meréka ngrekam vidéoné. Saiki ana 60 tim sing nerjemahké vidéo-vidéo basa isyarat, terus ya ana 40 tim sementara sing mèlu mbantu.
Mbiyèn, nggawé vidéo basa isyarat kuwi biayané gedhé banget. Soalé, wektu kuwi kaméra karo alat-alat liyané isih larang. Terus vidéoné kudu direkam ing studio, dadi kudu nggawé studio utawa ngrénovasi bangunan dadi studio. Nèk ditotal, kanggo tim penerjemah siji waé biayané isa luwih saka 400 juta rupiah.
Bèn isa luwih hémat, organisasi nggolèk cara-cara sing luwih sederhana. Misalé, nganggo peralatan sing luwih sederhana lan luwih murah. Saiki tim-tim penerjemah rekaman vidéo nganggo greenscreen. Dadi nèk butuh bantuané sedulur-sedulur kanggo rekaman, meréka ya isa ngrekam ing panggonané dhéwé-dhéwé, ora perlu ing studio.
Organisasi ya nggawé software bèn sedulur-sedulur sing kerja saka omah isa luwih gampang pas nerjemahké. Hasilé meréka dadi isa nerjemahké luwih akèh vidéo, terus wektuné ya luwih cepet. Ana sedulur sing jenengé Alexander ngomong, ”Saiki vidéo basa isyarat kuwi ana akèh banget. Aku nonton vidéo-vidéo kuwi saben dina. Aku seneng banget.”
Merga cara-cara kuwi, organisasi dadi isa luwih hémat. Saiki, kanggo tim penerjemah siji kira-kira mung butuh 70 juta rupiah. Dadi, organisasi isa nggawé vidéo ing luwih akèh basa isyarat.
Bar Diterjemahké, Terus Piyé?
Bar rampung rekaman, hasil rekamané dikirim ing jasa copy vidéo. Terus, kasèt vidéo karo DVD kuwi isa dikirim ing jemaat-jemaat. Nggawé kasèt vidéo karo DVD kuwi suwé banget, terus biayané ya gedhé. Misalé, taun 2013 organisasi kudu ngetokké dhuwit luwih saka 28 milyar rupiah kanggo nggawé DVD basa isyarat.
Para tunarungu bersyukur banget merga ana vidéo-vidéo kuwi. Tapi, nèk mèh nyetèl vidéo kuwi répot banget merga kasèt karo DVD-né ana akèh. Biasané, siji buku Alkitab waé isa dadi beberapa DVD. Sedulur saka Brasil sing jenengé Gilnei ngomong, ”Pas arep maca siji ayat, kami kudu nggolèki sik ayaté ana ing kasèt sing endi. Kuwi angèl banget.” Sedulur wédok sing jenengé Rafayane crita, ”Pelajaran pribadi nganggo DVD ki angèl. Kami butuh waktu luwih akèh kanggo nggolèki ayat lan réferènsiné.” Terus nèk pas nginjil, sedulur-sedulur ya kudu nggawa kabèh DVD karo kasèt vidéoné bèn meréka isa nyetèlké ing TV-né wong-wong sing dikunjungi. Malah ana sedulur-sedulur sing nggawa DVD player dhéwé bèn isa nyetèlké kuwi. Terus pas DVD player portable wis ana, sedulur-sedulur akèh sing nganggo kuwi. Sedulur Bobby saka Amerika Serikat ngomong, ”Nèk bar nyetèlké siji ayat, terus péngin nyetèlké ayat liyané, kami kudu ngganti DVD-né. Kuwi suwé banget. Dadi, répot banget nèk arep mbahas ayat-ayat Alkitab.”
Taun 2013 organisasi ngrilis aplikasi JW Library Sign Language. Sedulur-sedulur dadi isa download lan nonton vidéo-vidéo basa isyarat ing HP utawa tablèt. Aplikasi kuwi pertama kali dirilis ing basa isyarat Amerika. Tapi, pas taun 2017 aplikasiné wis ana ing akèh basa isyarat liyané. Sedulur-sedulur ing sak donya seneng banget. Sedulur Juscelino saka Brasil ngomong, ”Iki bener-bener luar biasa. Pengurus Pusat sayang banget karo kami para tunarungu. Meréka péngin kami isa luwih akrab karo Yéhuwah, padha kaya wong-wong normal. Aku seneng banget. Aku dadi luwih semangat kanggo sinau Alkitab.”
Nonton vidéo nganggo aplikasi JW Library Sign Language
Nah, saiki kabèh vidéo basa isyarat di-upload ing jw.org lan aplikasi JW Library Sign Language. Dadi saka nerjemahké nganti rilisé isa cepet banget. Malah akèh vidéo basa isyarat isa rilis bareng karo basa asliné.
Ana koméntar apik saka sedulur-sedulur sing tunarungu. Sedulur wédok sing jenengé Klízia ngomong, ”Organisasiné Yéhuwah ki luar biasa. Kami isa nonton vidéo-vidéo sing wis diterjemahké ing basa isyarat. Kami dadi isa tetep akrab karo Yéhuwah. Ora ana organisasi liya sing kaya ngéné.” Sedulur lanang sing jenengé Vladimir ngomong, ”Vidéo-vidéo kuwi bukti nèk Yéhuwah sayang banget karo wong-wong sing tunarungu.”
Ing vidéo-vidéo basa isyarat sering disebutké ngéné, ”Vidéo-vidéo iki isa ana merga njenengan wis nyumbang kanggo gawéan sak donya.” Merga njenengan wis nyumbang ing donate.jw.org, organisasi isa nerjemahké Alkitab, buku, lan vidéo kanggo kabèh wong, termasuk sing tunarungu. Maturnuwun merga njenengan wis murah hati.
a Wong tunarungu komunikasiné nganggo gerakan tangan lan èksprèsi wajah. Makané, publikasi-publikasi basa isyarat diterjemahké ing bentuk vidéo, dudu tercétak.