PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 3 hlm. 10-11
  • Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Faktané
  • Kandhané Alkitab
  • Manfaat Nèk Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda
  • Sing Isa Njenengan Tindakké
  • Wong-Wong sing Isa Nyingkirké Prasangka
    Gatèkna!—2020
  • Nduduhké Katresnan
    Gatèkna!—2020
  • Ngati-ati Wektu Milih Kanca
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Pendhidhikan saka Gusti Allah Isa Ngalahké Prasangka
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 3 hlm. 10-11
Wong wédok papat sing latar belakangé béda lagi ngobrol wektu anak-anaké dolanan ing taman.

Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda

Faktané

Awaké dhéwé bakal terus nduwé prasangka nèk terus-terusan mikir èlèk soal wong liya. Terus, nèk awaké dhéwé mung akrab karo wong-wong sing latar belakangé padha karo awaké dhéwé, kuwi isa nggawé awaké dhéwé mikir nèk perasaan, tumindak, lan cara mikiré awaké dhéwé kuwi sing paling bener.

Kandhané Alkitab

”Bukaken atimu sak amba-ambané.”​—2 KORINTUS 6:13.

Apa artiné? ”Ati” isa dipadhakké karo perasaan lan rasa sayang. Nèk awaké dhéwé mung apikan karo wong-wong sing latar belakangé padha karo awaké dhéwé, kancané awaké dhéwé mung kuwi-kuwi thok. Dadi, awaké dhéwé kudu gelem kekancan karo wong-wong sing latar belakangé béda karo awaké dhéwé.

Manfaat Nèk Nduwé Kanca sing Latar Belakangé Béda

Nèk awaké dhéwé ngupaya luwih kenal karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti apa sebabé dhèwèké béda. Kuwi nggawé awaké dhéwé dadi ora mbédak-mbédakké wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa luwih ngajèni lan isa ngrasakké apa sing wong-wong kuwi rasakké.

Gatèkna conto saka Nazaré sing tau nduwé prasangka karo para imigran. Dhèwèké njelaské apa sing mbantu dhèwèké isa nyingkirké prasangka. Dhèwèké kandha, ”Merga aku kerja bareng karo para imigran, aku dadi ngerti nèk jebulé wong-wong kuwi béda banget karo apa sing dicritakké. Nèk njenengan gelem cedhak karo wong-wong sing béda latar belakangé, njenengan isa nyingkirké pikiran négatif karo wong-wong kuwi. Hasilé, njenengan isa ngajèni lan sayang karo wong-wong kuwi.”

Ati-Ati Wektu Nggolèk Kanca

Ana wong-wong sing nduwé kebiasaan èlèk. Kebiasaan kuwi ana pengaruhé kanggo dhèwèké lan wong liya. Dadi, awaké dhéwé kudu ngati-ati wektu milih kanca. Ora gelem kekancan karo wong sing senengé ngapusi utawa tumindak bejat kuwi ora berarti awaké dhéwé nduwé prasangka. Njenengan ora perlu meksa wong liya bèn nduwé pandangan sing padha karo njenengan, luwih apik njenengan ora usah kekancan wong kuwi.​—Wulang Bebasan 13:20.

Sing Isa Njenengan Tindakké

Golèka kesempatan kanggo omong-omongan karo wong sing béda basa, budaya, utawa bangsa. Terus, njenengan isa nindakké iki:

  • Ngejak ngobrol.

  • Ngejak mangan bareng.

  • Ngrungokké pengalamané.

Nèk njenengan ngerti pengalamané wong-wong kuwi, njenengan isa ngerti apa sebabé wong-wong kuwi nduwé sikap sing béda karo njenengan. Njenengan ya dadi nduwé pandangan sing apik soal wong-wong kuwi.

Pengalaman: Kandasamy lan Sookammah (Kanada)

”Aku lan Sookamah digedhèkké ing Afrika Selatan. Wektu kuwi, pamréntah kulit putih nggawé peraturan bèn wong sing rasé béda dipisah. Kuwi sing nggawé prasangkané wong-wong dadi tambah parah. Aku lan bojoku dudu wong kulit putih. Dadi, aku ora seneng karo wong-wong kulit putih, merga ana wong-wong kulit putih sing tau ngrendhahké aku lan bojoku. Merga ngrasa dadi korban, aku lan bojoku ora sadhar nèk jebulé wis nduwé prasangka.

”Bèn ora mikir kaya ngono, aku lan bojoku ngupaya kanggo nggolèk kanca sing latar belakangé béda. Wektu aku lan Sookammah bergaul karo wong-wong kulit putih, aku sadhar nèk sakjané aku lan wong-wong kuwi ora nduwé akèh perbédaan, termasuk nduwé masalah sing padha.

”Aku lan bojoku ngundang suami istri kulit putih kanggo nginep ing omahku. Aku dadi isa bergaul karo wong-wong kuwi. Akhiré, aku isa nduwé pandangan sing luwih apik karo wong-wong kulit putih.”

Dadi sahabat

Johny lan Gideon lagi salaman karo bocah-bocah ing ngarep Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah.

Senajan béda ras lan nduwé pandangan politik sing béda, Jhony lan Gideon isa dadi sahabat.

Deloken vidéo Johny lan Gideon: Mbiyèn Mungsuhan, Saiki Seduluran. Njenengan isa nggolèki vidéoné ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim