PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 2 hlm. 13-15
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Pikiran?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Pikiran?
  • Gatèkna!—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING KUDU DIPIKIRKÉ
  • SING PERLU DIUPAYAKKÉ
  • Apa Nindakké Beberapa Gawéan ing Wektu sing Padha Kuwi Apik?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Carané Bèn Aku Isa Fokus?
    Pitakonané Cah Enom
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2021
  • Pembuka
    Gatèkna!—2021
Delok Kabèh
Gatèkna!—2021
g21 No. 2 hlm. 13-15
Wong lanang lagi masak karo nonton vidéo tutorial masak.

Apa Pengaruhé Tèknologi Kanggo Pikiran?

Wong-wong selalu butuh informasi, misalé dienggo sekolah, gawéan, utawa sing liyané. Merga ana tèknologi, nggolèk informasi saiki gampang banget, bahkan karo lungguh waé isa, ora perlu metu saka omah.

Tapi, nèk terlalu sering nggunakké tèknologi, akèh sing akhiré dadi . . .

  • susah konsèntrasi pas maca.

  • susah fokus pas nglakoni sesuatu.

  • gampang bosen pas lagi dhèwèkan.

SING KUDU DIPIKIRKÉ

Cah wédok lagi chatting-an nganggo HP, video call karo kancané, lan sinau nganggo buku lan komputer.

PAS MACA

Wong sing kerep nggunakké perangkat èlèktronik biasané ora seneng maca akèh-akèh, terus macané mung sekilas.

Sakjané maca sekilas kuwi ora apa-apa nèk mémang butuh cepet jawabané. Tapi, nèk péngin bener-bener ngerti apa sing diwaca, macané aja mung sekilas thok.

COBA DIPIKIR: Nèk maca sing dawa-dawa njenengan piyé? Manfaaté apa nèk njenengan seneng maca?​—WULANG BEBASAN 18:15.

FOKUS

Merga ana tèknologi, wong-wong isa nglakoni sesuatu karo nyambi nglakoni liyané. Misalé sinau karo nyambi chatting-an. Tapi, nèk disambi-sambi biasané dadi ora fokus, terus loro-loroné hasilé dadi ora apik, apa manèh nèk loro-loroné butuh konsèntrasi.

Konsèntrasi kuwi mémang ora gampang, kudu berupaya. Tapi manfaaté akèh. Cah enom sing jenengé Grace ngomong, ”Nèk isa fokus, kowé dadi ora salah-salah, terus ya ora gampang strès. Aku wis ngrasakké dhéwé nèk luwih apik fokus pas nglakoni sesuatu lan aja karo disambi-sambi.”

COBA DIPIKIR: Apa njenengan dadi susah fokus lan gampang laliné nèk sinau nganggo perangkat èlèktronik?​—WULANG BEBASAN 17:24.

PAS LAGI DHÈWÈKAN

Ana wong-wong sing ora seneng nèk dhèwèkan. Dadi bèn ora bosen, wong-wong kuwi biasané dolanan HP utawa sing liyané. Ana wong wédok sing jenengé Olivia ngomong, ”Nèk mung lungguh thok ora karo dolanan HP, tablèt, utawa nonton TV, 15 menit waé aku wis bosen.”

Tapi sakjané, kadhang awaké dhéwé butuh wektu kanggo dhèwèkan bèn isa mikir. Misalé, nèk pas lagi dhèwèkan awaké dhéwé isa ngrenungké apa sing wis dipelajari, iki ora mung kanggo cah enom thok tapi ya kanggo wong déwasa.

COBA DIPIKIR: Nèk pas lagi dhèwèkan, apa njenengan sok mikirké hal-hal sing bermanfaat?​—1 TIMOTIUS 4:15.

SING PERLU DIUPAYAKKÉ

PIKIRNA PENGARUHÉ TÈKNOLOGI KANGGO NJENENGAN

Njenengan biasané nggunakké perangkat èlèktronik dienggo apa? Apa dienggo sinau? Nèk sinauné nganggo perangkat èlèktronik, apa sing biasané marahi susah konsèntrasi?

KANDHANÉ ALKITAB: ”Terusa tumindak wicaksana lan gunakna kemampuan kanggo mikir.”​—WULANG BEBASAN 3:21.

PIKIRNA . . .

  • Nèk pas maca sing dawa-dawa nganggo perangkat èlèktronik, apa aku isa konsèntrasi? Nèk ora isa, biasané gara-gara apa?

  • Bèn isa konsèntrasi aku kudu piyé?

Saran: Macané sithik-sithik sik, mengko suwé-suwé isa ditambahi. Bèn isa fokus, macané isa nganggo swara lan aja kesusu.

  • Bar maca, apa aku mikirké sing tak waca kuwi?

Saran: Sisihna wektu 10 menit kanggo mikirké manèh apa sing wis dipelajari.

  • Biasané aku susah fokus pas lagi ngapa?

  • Bèn aku isa fokus nglakoni sesuatu ora karo disambi-sambi, aku kudu piyé?

Saran: Pas sinau, apa waé sing isa marahi ora fokus disingkirké dhisik.

KANDHANÉ ALKITAB: ”Kowé kudu nduwé pemahaman lan kawicaksanan.”​—WULANG BEBASAN 4:5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim