PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 104
  • Piyé Carané Bèn Aku Isa Fokus?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Bèn Aku Isa Fokus?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa sebabé aku ora isa fokus?
  • Piyé carané bèn aku isa tambah fokus?
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Pikiran?
    Gatèkna!—2021
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Hubungan karo Wong Liya?
    Gatèkna!—2021
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Suami Istri?
    Gatèkna!—2021
  • Piyé Carané Bèn Sinau ing Omah Isa Nyenengké?
    Pitakonané Cah Enom
Delok Kabèh
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 104
Cah wédok sing lagi sinau malah mikirké musik, vidéo, SMS, lan foto.

PITAKONANE CAH ENOM

Piyé Carané Bèn Aku Isa Fokus?

  • Apa sebabé aku ora isa fokus?

  • Piyé carané bèn aku isa tambah fokus?

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa sebabé aku ora isa fokus?

”Mbiyèn aku seneng maca buku. Ning, saiki aku wis ora tau maca buku manèh.”​—Elaine.

”Aku bakal nyepetké kecepatan vidéo sing tak tonton nèk aku ngrasa vidéoné kuwi suwé.”​—Miranda.

”Nèk aku lagi fokus nindakké sesuatu, terus HP ku muni, aku langsung mikir, ’Sapa ya sing nge-chat aku?’”—Jane.

Beberapa wong setuju nèk tèknologi isa nggawé awaké dhéwé angèl kanggo fokus. Penulis lan konsultan manajemén sing jenengé Nicholas Carr nulis, ”Nèk kerep mbukak internèt, otaké awaké dhéwé dadi bingung lan ora isa fokus merga informasi sing ditampa cepet banget.”a

Ing keadaan telu iki, tèknologi isa nggawé kowé dadi ora fokus.

  • Wektu ngobrol. Cah wédok sing jenengé Maria ngamati, ”Wektu lagi ngobrol, wong-wong malah nyambi chatting-an, dolanan game, utawa mbukak média sosial sing ana ing HP-né, lan malah ora nggatèkké sing ngejak omong.”

  • Wektu ing kelas. Buku Digital Kids kandha, ”Ing sekolah, akèh murid-murid sing ora nggunakké HP-né kanggo sinau. Malah HP-né dienggo chatting-an, browsing, utawa mbukak média sosial.”

  • Wektu sinau. Chris sing umuré 22 taun kandha, ”Angèl banget kanggo ora ndelok HP-ku pas kuwi muni.” Nèk kowé isih sekolah, HP-mu isa nggawé kowé nggarap PR luwih suwé. Sing biasané mung sak jam dadi telung jam utawa malah luwih nèk kowé mung fokus karo HP-mu.

Intiné: Kowé bakal angèl kanggo fokus nèk kowé terlalu akèh nggunakké tèknologi.

 Cah lanang sing ora isa ngendhalèni jaran sing lagi ditumpaki.

Pikiran sing ora fokus kuwi kaya jaran liar sing ora isa mbok kendhalèni

Piyé carané bèn aku isa tambah fokus?

  • Wektu ngobrol. Alkitab kandha, ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.” (Filipi 2:4) Gelem ngrungokké tenanan kuwi nduduhké nèk kowé perduli karo wong liya. Wektu ngobrol, kowé kudu fokus. Aja malah ndeloki HP-mu.

    ”Wektu lagi ngobrol, aja malah dolanan HP. Kowé isa nggatèkké tenanan wektu ana sing ngejak ngobrol. Kuwi nduduhké nèk kowé ngajèni wong kuwi.”​—Thomas.

    SARAN: Kowé isa nyingkirké HP mu wektu lagi ngobrol. Para peneliti kandha nèk HP isa nggawé awaké dhéwé ora fokus.

  • Wektu ing kelas. Alkitab kandha, ”Gatèkna caramu ngrungokké.” (Lukas 8:18) Nèk ing sekolahmu ngijinké nggawa HP, aja ndelok SMS, dolanan game, utawa chatting-an wektu lagi pelajaran.

    ”Kowé isa luwih nggatèkké ing kelas. Kowé isa nyathet utawa lungguh ing ngarep bèn isa tetep fokus.”​—Karen.

    SARAN: Kowé isa nyathet ing buku ketimbang nganggo komputer. Para peneliti wis nliti nèk kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih fokus lan éling karo apa sing wis disinaoni.

    Cah wédok sing lagi sinau ing kamaré. Dhèwèké nyingkirké tas, majalah, lan HP-né.
  • Wektu sinau. Alkitab kandha, ”Mbudidayaa supaya olèh kawicaksanan, marsudia supaya olèh pangretèn.” (Wulang Bebasan 4:5) Kowé kudu sinau tenanan. Aja sinau mung merga bèn lulus ujian.

    ”Tablèt ku tak gawé mode pesawat, lan aku ora ndelok notifikasi bèn isa fokus sinau. Terus, nèk ana sing kudu tak éling-éling, kuwi langsung tak cathet.”​—Chris.

    SARAN: Lingkungan belajarmu kudu resik lan ora berantakan bèn kowé isa fokus sinau.

a Saka buku The Shallows—What the Internet Is Doing to Our Brains.

Kandhané kanca-kancamu

Katie.

”Wektu sinau, kowé isa waé kaya pemain ski air sing mung ana ing permukaan banyu thok. Ning, kowé kudu kaya penyelam skuba sing nyelem nganti jero banget bèn isa sinau luwih akèh.”​—Katie.

Rogelio.

”Nèk séhat, aku dadi luwih gampang kanggo mikir. Mangan panganan sing séhat nggawé aku isa tetep fokus. Terus, nèk turu luwih gasik, sésuké aku isa luwih fokus.”​—Rogelio.

Kesimpulan: Piyé carané bèn aku isa fokus?

  • Wektu ngobrol. Gelem ngrungokké tenanan kuwi nduduhké nèk kowé perduli karo wong liya. Aja nganti kowé ora fokus.

  • Wektu ing kelas. Aja ndelok SMS, dolanan game, utawa chatting-an wektu lagi pelajaran.

  • Wektu sinau. Lingkungan belajarmu kudu resik lan ora berantakan bèn kowé isa fokus sinau.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim