PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 102
  • Apa Aku Kudu Mandheg Sekolah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Aku Kudu Mandheg Sekolah?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa sebabé ana sing mandheg sekolah?
  • Pikirna dampaké
  • Sing kudu mbok tindakké
  • Piyé Nèk Aku Males Sekolah?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Nèk Nilaiku Èlèk?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 102
Bocah lanang sing mlaku ngedoh saka sekolah merga wegah sekolah.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Aku Kudu Mandheg Sekolah?

”Aku ora gelem sekolah.” Apa kowé tau ngrasa kaya ngono? Nèk iya, mungkin kowé tau kepikiran arep mandheg sekolah. Ing artikel iki ana beberapa saran sing isa mbantu kowé.

  • Apa sebabé ana sing mandheg sekolah?

  • Pikirna dampaké

  • Sing kudu mbok tindakké

  • Kandhané kanca-kancamu

Apa sebabé ana sing mandheg sekolah?

Nurut para ahli, alesané yaiku:

  • Kangèlan sinau. ’Nilaiku èlèk terus merga aku ora isa ngikuti pelajaran.’

  • Ora perduli. ’Aku ngrasa nèk sinau kuwi ora penting.’

  • Masalah ékonomi. ’Aku kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhané keluargaku.’

Pikirna dampaké

Alkitab kandha, ”Wong kang wicaksana iku nggatèkaké lakuné.” (Wulang Bebasan 14:15) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Nèk kowé arep mandheg sekolah, kowé kudu mikirké sik apa akibaté.

Pikirna:

  • ’Nèk aku mandheg sekolah, apa sukmbèn aku isa éntuk gawéan?’

    ”Sukmbèn, mungkin kowé kudu kerja lan nyukupi kebutuhané keluargamu. Saiki, akèh gawéan mung gelem nampa paling ora lulusan SMA. Dadi, nèk kowé mandheg sekolah, kowé bakal luwih angèl éntuk gawéan.”​—Julia.

  • ’Nèk aku mandheg sekolah, apa sukmbèn aku siap ngadhepi masalah sing luwih abot?’

    ”Sukmbèn kowé kudu urusan karo akèh wong, kudu ngadhepi masalah sing angèl, lan nindakké akèh gawéan. Kuwi padha kaya sing mbok alami ing sekolah. Dadi, sekolah bakal mbantu kowé bèn isa siap ngadhepi kuwi.”​—Daniel.

  • ’Nèk aku mandheg sekolah, apa aku isa nduwé ketrampilan sing tak butuhké?’

    ”Apa sing mbok sinaoni ing sekolah mungkin ora ana gunané saiki. Ning, mengko nèk umurmu wis 23 taun lan kudu ngatur keuanganmu dhéwé, kowé mesthi mikir, ’Untung ndhisik aku sinau matematika.’”​—Anna.

Sing kudu mbok tindakké

  • Nggolèka bantuan. Alkitab kandha, ”Manawa juru pirembug [utawa, sing mènèhi naséhat] akèh banjur ana katentreman.” (Wulang Bebasan 11:14) Nèk nilaimu èlèk, njaluka bantuan saka wong tuwa, guru, utawa wong liyané sing isa dipercaya.

    ”Nèk kowé angèl éntuk nilai sing apik, njaluka bantuan saka gurumu. Kadhang awaké dhéwé mikir nèk nilai èlèk kuwi merga guruné. Ning, nèk kowé njaluk bantuané gurumu, dhèwèké mungkin isa mbantu kowé.”​—Edward.

  • Pikirna manfaaté. Alkitab kandha, ”Wekas-wekasaning prakara iku luwih becik katimbang karo wiwitané.” (Kohèlèt 7:8) Ngrampungké sekolah kuwi ana akèh manfaaté. Kowé ora mung nduwé pengetahuan, ning ya isa nduwé ketrampilan lan sipat-sipat sing berguna.

    ”Pas diwasa, mungkin kowé ora perlu nggarap tugas utawa sinau kanggo ujian. Ning, nèk kowé isa ngatasi strès pas sekolah, kowé bakal luwih siap ngatasi masalah sukmbèn.”​—Vera.

    Bocah lanang sing arep mudhun saka prau padahal durung tekan panggonané. Kanca-kanca lan guruné ngélingké dhèwèké bèn ora mudhun saka prau.

    Mandheg sekolah kuwi kaya mudhun saka prau padahal durung tekan panggoné. Kowé mesthi ora péngin kaya ngono.

  • Pikirna pilihan liyané. Alkitab kandha, ”Sing sapa kesusu bakal ngalami kecingkrangan.” (Wulang Bebasan 21:5, Basa Jawi Padintenan) Aja mikir nèk pilihanmu mung mandheg sekolah. Kowé mungkin isa mèlu kejar paket utawa homeschooling.

    ”Ing sekolah, kowé isa sinau carané ngrampungké masalah, kerja sama karo wong liya, lan kerja keras. Nèk kowé ngrampungké sekolah, kowé bakal éntuk manfaat sing gedhé.”​—Benjamin.

Intiné: Kowé bakal luwih siap dadi wong diwasa sing bertanggung jawab nèk ngrampungké sekolahmu.

Kandhané kanca-kancamu

Annabelle.

”Kowé bakal luwih gampang ditampa kerja nèk wis ngrampungké sekolahmu. Kuwi bukti nèk kowé wong sing bertanggung jawab. Dadi, mandheg sekolah kuwi dudu keputusan sing apik.”​—Annabelle.

Cole.

”Ngrampungké sekolah kuwi ora gampang. Mungkin kowé ngrasa luwih gampang nèk mandheg waé. Ning, nèk tetep sekolah, kowé bakal luwih siap wektu ana masalah.”​—Cole.

Brynn.

”Wektu diwasa, kowé mungkin ora perlu nggarap soal matematika sing angèl. Ning pas sekolah, kowé dilatih bèn isa ngatur wektu, ngrampungké gawéan sesuai jadwal, lan tangi ésuk.”​—Brynn.

Kesimpulan: Apa aku kudu mandheg sekolah?

  • Pikirna dampaké. Nèk kowé mandheg sekolah, apa sukmbèn kowé isa éntuk gawéan, isa nduwé ketrampilan sing mbok butuhké, lan siap ngadhepi masalah sing luwih abot?

  • Nggolèka bantuan. Nèk nilaimu èlèk, njaluka bantuan saka wong tuwa, guru, utawa wong liya sing isa dipercaya.

  • Pikirna manfaaté. Ngrampungké sekolah kuwi ana akèh manfaaté. Kowé ora mung nduwé pengetahuan, ning ya ngerti carané sinau, ngrampungké gawéan sesuai jadwal, lan dadi wong sing bertanggung jawab.

  • Pikirna pilihan liyané. Nèk kudu mandheg sekolah, kowé isa mikirké pilihan liyané. Misalé, kejar paket utawa homeschooling.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim