PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 100
  • Piyé Nèk Aku Nglanggar Aturané Wong Tuwaku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Aku Nglanggar Aturané Wong Tuwaku?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing aja mbok tindakké
  • Sing kudu mbok tindakké
  • Kenapa Wong Tuwaku Ora Ngijinké Aku kanggo Seneng-Seneng?
    Pitakonané Cah Enom
  • Kenapa Aku Kudu Njaluk Ngapura?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 100
Wong tuwa sing lagi ngandhani anaké wédok merga bali kewengèn.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Aku Nglanggar Aturané Wong Tuwaku?

Saben keluarga nduwé aturan. Contoné, jam pira kowé kudu bali omah, sepira suwéné kowé éntuk dolanan HP, lan piyé kuduné sikapmu karo wong liya.

Piyé nèk misalé kowé nglanggar aturané wong tuwamu? Senajan kowé ora isa ngubah keadaané, ning ana sing isa mbok tindakké bèn keadaané ora tambah parah. Artikel iki bakal nduduhké piyé carané.

  • Sing aja mbok tindakké

  • Sing kudu mbok tindakké

  • Kandhané kanca-kancamu

Sing aja mbok tindakké

  • Nèk kowé nglanggar aturan lan ora ana sing ngerti, kowé isa waé péngin ngumpetké kesalahanmu.

  • Nèk kowé nglanggar aturan lan ana sing ngerti, kowé isa waé nggawé-nggawé alesan utawa malah nyalahké wong liya.

Loro-loroné dudu cara sing apik. Merga nèk kowé ngumpetké kesalahan utawa nggolèk-nggolèk alesan, wong tuwamu bakal nganggep kowé isih kaya cah cilik.

”Nèk kowé ngapusi, masalahmu ora bakal rampung. Malah nèk wong tuwamu ngerti kowé ngapusi, kowé bakal tambah disenèni.”​—Diana.

Sing kudu mbok tindakké

  • Ngakoni kesalahanmu. Alkitab kandha, ”Sing sapa ndhelikaké paneraké ora bakal begja.” (Wulang Bebasan 28:13) Wong tuwamu ngerti nèk kowé isa waé nggawé kesalahan. Ning, wong tuwamu péngin kowé isa jujur.

    ”Wong tuwamu bakal luwih gampang ngapurani kowé nèk kowé jujur. Nèk kowé jujur, wong tuwamu bakal luwih percaya karo kowé.”​—Olivia.

  • Njaluk ngapura. Alkitab kandha, ”Kowé kabèh kudu padha andhap asor.” (1 Pétrus 5:5) Kowé kudu rendah hati wektu njaluk ngapura lan ora nggolèk-nggolèk alesan.

    ”Wong sing seneng nggolèk-nggolèk alesan isa nggawé hati nuraniné dadi ora peka. Dhèwèké ora bakal ngrasa salah wektu nggawé kesalahan.”​—Heather.

  • Nampa akibaté. Alkitab kandha, ”Nilingna pamerdi [utawa, naséhat].” (Wulang Bebasan 8:33) Kowé kudu nampa hukuman saka wong tuwamu lan aja nggrundel.

    ”Nèk kowé nggrundel wektu éntuk hukuman, wong tuwamu bakal dadi tambah jèngkèl karo kowé. Dadi, cobanen tampa hukumané lan aja mbantah.”​—Jason.

  • Ngupaya bèn isa dipercaya manèh. Alkitab kandha, ”Nyingkirké kepribadian lawas yaiku uripmu mbiyèn.” (Éfésus 4:22) Kowé kudu terus nindakké apa sing apik bèn wong tuwamu isa percaya manèh karo kowé.

    ”Nèk kowé terus nggawé keputusan sing apik lan ora mbalèni kesalahan sing padha, wong tuwamu bakal percaya manèh karo kowé.”​—Karen.

SARAN: Kowé isa nindakké luwih saka apa sing dijaluk wong tuwamu kanggo nduduhké nèk kowé isa dipercaya. Contoné, wektu kowé lunga, kowé isa ngabari wong tuwamu wektu kowé arep bali omah senajan durung kewengèn. Kuwi nggawé wong tuwamu ngerti nèk kowé ngupaya bèn isa dipercaya manèh.

Kandhané kanca-kancamu

Darius.

”Nèk kowé ngumpetké kesalahan saka wong tuwamu, kuwi artiné kowé ngapusi. Suwé-suwé kuwi ya bakal konangan lan wong tuwamu bakal tambah nesu karo kowé.”​—Darius.

Sierra.

”Nèk awaké dhéwé malah nyalahké wong liya lan ora gelem njaluk ngapura, kuwi artiné awaké dhéwé ora gelem tanggung jawab. Kuwi nggawé wong tuwané awaké dhéwé ora isa percaya lan nganggep nèk awaké dhéwé isih kaya cah cilik.”​—Sierra.

Kesimpulan: Piyé nèk aku nglanggar aturané wong tuwaku?

  • Ngakoni kesalahanmu. Wong tuwamu ngerti nèk kowé isa waé nggawé kesalahan. Ning wong tuwamu péngin kowé isa jujur.

  • Njaluk ngapura. Kowé kudu rendah hati wektu njaluk ngapura lan ora nggolèk-nggolèk alesan.

  • Nampa akibaté. Kudu gelem nampa hukuman saka wong tuwamu.

  • Ngupaya bèn isa dipercaya manèh. Terus nindakké apa sing apik lan dadi wong sing nduwé tanggung jawab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim