PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 101
  • Piyé Carané Bèn Sinau ing Omah Isa Nyenengké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Bèn Sinau ing Omah Isa Nyenengké?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Limang saran sing isa mbantu
  • Piyé Carané Bèn Aku Isa Fokus?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Pikiran?
    Gatèkna!—2021
  • Piyé Nèk Aku Males Sekolah?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Nèk Kanca-Kancaku Ora Seneng karo Aku?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 101
Cah lanang sing lagi sinau ing méja cedhak jendhéla.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Carané Bèn Sinau ing Omah Isa Nyenengké?

Saiki, ana akèh sing sekolah saka omah. Nèk kowé sekolah ing omah, piyé carané bèn kuwi isa nyenengké? Ana beberapa saran sing isa mbantu kowé.a

  • Limang saran sing isa mbantu

  • Kandhané kanca-kancamu

Limang saran sing isa mbantu

  • Nggawéa jadwal. Nduwéa jadwal kaya wektu ing sekolah. Nggawéa jadwal kanggo sekolah, gawéan ing omah, lan kegiatan penting liyané. Ning, nèk ana sing luwih penting, kowé isa ngatur manèh jadwalmu.

    Pathokané Alkitab: ”Kabèh perkara kudu kelakon kanthi . . . tertib.”​—1 Korintus 14:40, cathetan ngisor.

    ”Anggepen kowé lagi ing sekolah. Tindakna kegiatan sesuai karo jadwalmu.”​—Katie.

    Kanggo dipikirké: Apa manfaaté nèk kowé nggawé jadwal, terus mbok dèlèhké ing panggonan sing gampang didelok?

  • Dadia wong sing dhisiplin. Nèk kowé nggarap tugasmu senajan lagi males, kowé isa dadi wong sing luwih bertanggung jawab. Dadi, aja nundha-nundha tugasmu.

    Pathokané Alkitab: ”Padha sregepa, lan aja males-malesan.”​—Roma 12:11.

    ”Dadi wong sing dhisiplin kuwi ora gampang. Biasané awaké dhéwé seneng nggolèk-nggolèk alesan. Awaké dhéwé mungkin ngomong, ’Aku nggarapé mengko waé.’ Ning, akhiré tugasé ora digarap, lan dadi numpuk.”​—Alexandra.

    Kanggo dipikirké: Apa sebabé kowé isa dadi wong sing luwih dhisiplin nèk nggarap tugas sekolahmu ing panggonan lan wektu sing padha saben dina?

  • Nggolèka panggonan kanggo sinau. Dèlèhna kabèh perlengkapan sinau ing cedhakmu. Gawénen nyaman panggonan sinaumu. Ning, aja terlalu nyaman bèn kowé ora keturon wektu sinau. Nèk kowé ora nduwé panggonan khusus kanggo sinau, mungkin kowé isa sinau ing dapur utawa ing kamar.

    Pathokané Alkitab: ”Rancangané wong sregep iku nekakaké kalubèran.”​—Wulang Bebasan 21:5.

    ”Simpenen sik bal baskèt, game, lan gitarmu. Aturen HP-mu bèn ora muni. Kowé bakal luwih gampang sinau nèk ora ana sing ngganggu.”​—Elizabeth.

    Kanggo dipikirké: Bèn sinaumu luwih nyaman, panggonan sinaumu kudu mbok atur kaya piyé?

  • Kudu fokus. Kowé kudu fokus lan ora nyambi-nyambi wektu nggarap tugas. Nèk nggarap tugas karo disambi-sambi, garapanmu isa waé salah lan dadi ora rampung-rampung.

    Pathokané Alkitab: ”Gunakna wektumu nganggo cara sing paling apik.”—Éfésus 5:16.

    ”Aku dadi ora isa fokus nèk ana HP. Aku malah nggunakké wektuku kanggo kegiatan sing ora penting.”​—Olivia.

    Kanggo dipikirké: Apa kowé isa ngupaya luwih fokus wektu nggarap tugas?

  • Istirahat. Kowé isa mlaku-mlaku, pit-pitan, utawa olahraga. Bèn tambah semangat, kowé ya isa nindakké hobimu. Buku School Power kandha, ”Rampungna tugasmu sik. Wektu istirahatmu bakal luwih nyenengké nèk tugasmu wis rampung.”

    Pathokané Alkitab: ”Katentreman sagegem iku luwih becik tinimbang karo kangèlan rong gegem lan ngudi mburu angin.”​—Kohèlèt 4:6.

    ”Ing sekolah, biasané ana pelajaran musik lan seni. Sakwisé sekolah ing omah, aku lagi ngrasa nèk pelajaran-pelajaran kuwi nyenengké. Mula, wektu sekolah ing omah, awaké dhéwé ya kudu nduwé kegiatan sing nyenengké.”​—Taylor.

    Kanggo dipikirké: Kegiatan apa waé sing isa mbantu kowé semangat wektu sinau?

a Sekolah ing omah kuwi mémang carané béda-béda. Gunakna saran-saran ing artikel iki sing cocog karo keadaanmu.

Kandhané kanca-kancamu

Jacob.

”Lungguh pirang-pirang jam kuwi kesel. Dadi, awaké dhéwé isa kerep istirahat, ning sedhéla waé. Hasilé, awaké dhéwé dadi tambah semangat lan luwih fokus.”​—Jacob.

Juliana.

”Nèk kowé males, tugasmu ora rampung-rampung. Dadi, kowé kudu nggawé rencana saben dina, merga kuwi isa mbantu kowé ngrampungké tugas-tugasmu.”​—Juliana.

Kesimpulan: Piyé carané bèn sinau ing omah isa nyenengké?

  • Nggawéa jadwal. Nèk kowé durung nduwé jadwal, gawénen jadwal, terus tindakna apa sing wis dijadwalké.

  • Dadia wong sing dhisiplin. Garapen tugasmu senajan kowé lagi males.

  • Nggolèka panggonan kanggo sinau. Gawénen nyaman panggonan sinaumu. Singkirna apa waé sing ngganggu kowé sinau.

  • Kudu fokus. Kowé kudu fokus lan ora nyambi-nyambi wektu nggarap tugas.

  • Istirahat. Olahraga utawa hobi isa nggawé kowé semangat manèh.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim