PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 2 hlm. 4
  • Gusti Allah Isa Dadi Kanca Sing Paling Apik Kanggo Panjenengan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gusti Allah Isa Dadi Kanca Sing Paling Apik Kanggo Panjenengan
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dadi Kancané Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Kanca sing Apik Kuwi sing Kaya Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • ”Aku Nyebut Kowé Sahabat”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 2 hlm. 4

BAB 2

Gusti Allah Isa Dadi Kanca Sing Paling Apik Kanggo Panjenengan

Seorang wanita membaca Alkitab

Dadi kancané Gusti Allah kuwi perkara sing paling aji kanggo panjenengan. Gusti Allah bakal mulang panjenengan carané urip seneng, merga mbantu panjenengan ngibadah manut karo kersané lan nindakké sing bener. Gusti Allah bakal mirengké donga panjenengan. Panjenengan uga bakal dibantu bèn isa urip ayem tentrem. (Jabur 71:5; 73:28) Gusti Allah bakal nulungi panjenengan pas ngadhepi masalah. (Jabur 18:19) Lan, Gusti Allah isa maringi urip saklawasé.​—Rum 6:23.

Seorang wanita bertemu dengan satu keluarga yang adalah sahabat-sahabat Allah

Saya suwé panjenengan dadi kancané Gusti Allah, panjenengan uga dadi saya cedhak karo kanca-kancané Gusti Allah. Kanca-kancané Gusti Allah uga bakal dadi kanca panjenengan. Malah isa dadi kaya seduluré dhéwé. Kanca-kancané Gusti Allah bakal mbantu panjenengan ngerti bab Gusti Allah lan bakal nggedhèkké ati panjenengan.

Awaké dhéwé ora padha drajaté karo Gusti Allah. Ana sing perlu dingertèni pas ngupaya dadi kancané Gusti Allah. Nduwé kanca Gusti Allah kuwi béda karo nduwé kanca manungsa. Gusti Allah luwih sepuh, luwih pinter, lan luwih kwasa timbang awaké dhéwé. Merga Gusti Allah sing nggawé manungsa, mung Gusti Allah sing nduwé wewenang ngatur manungsa. Mula, nèk awaké dhéwé arep dadi kancané, perlu manut lan nglakoni tuntunané. Kuwi kabèh ana paédahé kanggo uripé manungsa.​—Yésaya 48:18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim