PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 3 hlm. 14-hlm. 15 par. 2
  • Wong sing Nyiapké Dalan Wis Lair

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wong sing Nyiapké Dalan Wis Lair
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Èlisabèt Nduwé Anak
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Rong Warta saka Gusti Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Yésus Dihormati Sakdurungé Lair
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Gabrièl Nemoni Maria
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 3 hlm. 14-hlm. 15 par. 2
Élisabèt nduduhké bayiné marang wong-wong

BAB 3

Wong sing Nyiapké Dalan Wis Lair

LUKAS 1:57-79

  • ANAKÉ ÉLISABÈT LAIR LAN DIJENENGI

  • ZAKHARIA NGRAMALKÉ TUGASÉ YOHANES

Wis telung sasi Maria manggon bareng karo Élisabèt. Saiki wektuné Maria kanggo mulih lan nglakoni perjalanan sing adoh menyang omahé ing Nazarèt. Élisabèt wis arep nglairké, lan kira-kira enem sasi manèh Maria uga bakal nglairké anak lanang.

Ora suwé sakwisé Maria lunga, Élisabèt nglairké. Dhèwèké lan bayiné séhat. Élisabèt lan Zakharia bungah banget. Wektu Élisabèt nduduhké bayiné marang para sedulur lan tanggané, kabèh wong kuwi uga padha mèlu bungah.

Hukumé Gusti Allah kanggo bangsa Israèl kandha nèk bayi lanang kudu disunat lan dijenengi wektu umuré wolung dina. (Kaimaman 12:2, 3) Ana wong-wong sing ngrasa nèk bayi kuwi kudu dijenengi Zakharia, kaya jenengé bapaké. Nanging Élisabèt kandha, ”Aja! Dhèwèké kudu dijenengi Yohanes.” (Lukas 1:60) Iki cocog kaya kandhané malaékat Gabrièl.

Para sedulur lan tanggané padha kandha, ”Ora ana ing antarané sedulurmu sing jenengé kaya ngono.” (Lukas 1:61) Wong-wong kuwi banjur padha takon marang Zakharia nganggo isyarat, jeneng apa sing dikarepké kanggo anaké. Zakharia njaluk papan kayu lan nulis, ”Jenengé Yohanes.”​—Lukas 1:63.

Zakharia nulis ing papan kayu; Sakwisé isa ngomong, Zakharia mènèhi ramalan

Ing wektu kuwi uga, Zakharia isa ngomong manèh. Sakdurungé, Zakharia ora isa ngomong merga dhèwèké ora percaya karo kandhané malaékat yaiku nèk Élisabèt bakal nduwé anak lanang. Mula, wektu Zakharia isa ngomong manèh, tangga-tanggané padha nggumun lan mbatin, ’Bocah iki mbésuk bakal dadi apa?’ (Lukas 1:66) Wong-wong kuwi padha ngerti nèk Gusti Allah péngin bocah kuwi dijenengi Yohanes.

Zakharia sing kapenuhan roh suci banjur kandha, ”Pinujia Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, merga Panjenengané wis nggatèkké lan mbébaské umaté. Panjenengané wis maringi kita juru slamet sing prakosa saka keturunané Daud, abdiné.” (Lukas 1:68, 69) ”Juru slamet sing prakosa” kuwi maksudé Gusti Yésus sing sedhéla manèh bakal lair. Zakharia kandha, ”Sakwisé Gusti Allah nylametké kita saka tangané mungsuh, Panjenengané bakal maringi kita kaurmatan nindakké tugas suci marang Panjenengané tanpa rasa wedi, kanthi kasetyan lan tumindak sing bener ing ngarsané Panjenengané saksuwéné kita urip.”​—Lukas 1:74, 75.

Zakharia mènèhi ramalan bab anaké, ”Lan kowé, anakku, kowé bakal disebut nabiné Sing Mahaluhur, merga kowé bakal ndhisiki Yéhuwah kanggo nyiapké dalané, kanggo mènèhi kawruh marang umaté nèk Panjenengané bakal nylametké umaté nganggo cara ngapurani dosa-dosané merga sipat welas asihé Gusti Allah kita. Merga welas asih iki, kita bakal ndelok cahya saka swarga sing sumunar kaya srengéngé sing mlethèk ing wayah ésuk, kanggo madhangi wong-wong sing lungguh ing pepeteng lan panggonan sing ditutupi bayang-bayang pati, sarta nuntun lakuné kita ing dalan katentreman.” (Lukas 1:76-79) Iki bener-bener ramalan sing nguwatké!

Wektu kuwi, Maria wis tekan omahé ing Nazarèt. Apa sing bakal kedadéan wektu wong-wong padha ngerti nèk dhèwèké mbobot padahal durung nikah?

  • Yohanes karo Yésus umuré kacèk pirang sasi?

  • Apa sing kedadéan wektu Yohanes umuré wolung dina?

  • Yohanes bakal éntuk tugas apa saka Gusti Allah?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim