PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 68 hlm. 162-hlm. 163 par. 1
  • Èlisabèt Nduwé Anak

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Èlisabèt Nduwé Anak
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Wong sing Nyiapké Dalan Wis Lair
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Rong Warta saka Gusti Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Patang Kréta lan Makutha sing Ngayomi Panjenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Apa Pengaruhé Wahyu sing Ditampa Zakharia kanggo Panjenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 68 hlm. 162-hlm. 163 par. 1
Zakharia ngandhani kanca-kanca lan seduluré nèk anaké bakal dijenengi Yohanes

PELAJARAN 68

Èlisabèt Nduwé Anak

Luwih saka 400 taun sakwisé témbok Yérusalèm dibangun manèh, ana imam sing jenengé Zakharia. Zakharia nduwé bojo sing jenengé Èlisabèt. Wong loro kuwi manggon ing cedhak Yérusalèm. Zakharia lan Èlisabèt wis suwé nikah, tapi durung nduwé anak. Pas Zakharia lagi nggawé persembahan dupa ing Ruang Kudus ing bait, malaékat Gabrièl muncul. Zakharia wedi. Tapi, Gabrièl ngomong, ’Aja wedi. Ana kabar apik saka Yéhuwah. Bojomu bakal nglairké anak lanang. Anak kuwi kudu mbok jenengi Yohanes. Yéhuwah wis milih Yohanes kanggo nindakké tugas khusus.’ Terus, Zakharia ngomong, ’Apa ya mungkin? Aku karo bojoku kan wis tuwa, ora mungkin isa nduwé anak.’ Gabrièl ngomong, ’Gusti Allah wis ngongkon aku ngomongké iki. Tapi, merga kowé ora percaya, kowé ora bakal isa ngomong nganti anak kuwi lair.’

Zakharia suwé banget ing Ruang Kudus. Pas dhèwèké metu, wong-wong sing ngentèni ing njaba péngin ngerti apa sing kelakon. Zakharia ora isa ngomong. Dhèwèké mung isa nggawé gerakan tangan. Akhiré, wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Zakharia bar éntuk wahyu saka Gusti Allah.

Kaya sing diomongké malaékat, Èlisabèt akhiré hamil lan nglairké anak lanang. Kanca-kanca lan seduluré teka kanggo ndelok bayi kuwi. Wong-wong kuwi seneng banget. Èlisabèt ngomong, ’Anak iki jenengé Yohanes.’ Wong-wong kuwi ngomong, ’Ing keluargamu ora ana sing jenengé Yohanes. Dijenengi Zakharia waé, kaya bapaké.’ Tapi, Zakharia nulis, ’Jenengé Yohanes.’ Pas kuwi, Zakharia langsung isa ngomong manèh. Kabèh wong ing Yudéa krungu soal bayi kuwi. Terus, wong-wong kuwi mikir, ’Nèk wis gedhé, bocah kuwi bakal dadi apa, ya?’

Terus, Zakharia dituntun roh suci. Dhèwèké ngomong, ’Ayo padha muji Yéhuwah. Dhèwèké janji karo Abraham nèk bakal mènèhi juru slamet, yaiku Mésias, sing bakal nylametké awaké dhéwé. Yohanes bakal dadi nabi lan bakal nyiapké dalan kanggo Mésias.’

Seduluré Èlisabèt sing jenengé Maria ya ngalami peristiwa sing luar biasa. Ayo diteruské critané.

”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, ning kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”​—Matius 19:26

Pertanyaan: Apa sing disampèkké Gabrièl kanggo Zakharia? Apa tugasé Yohanes?

Matius 11:7-14; Lukas 1:5-25, 57-79; Yésaya 40:3; Maléakhi 3:1

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim