PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 1 hlm. 14-15
  • Keterangan sing Bener soal Masa Depan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Keterangan sing Bener soal Masa Depan
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PAMRÉNTAHAN SING APIK
  • KESÉHATAN SING SAMPURNA
  • KEADAAN SING BENER-BENER DAMAI
  • BUMI BAKAL DIENGGONI WONG-WONG SING SIFATÉ APIK
  • BUMI BAKAL DADI FIRDAUS
  • Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah Bumi
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Kerajaané Gusti Allah Wis Mréntah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Pungkasané Donya Wis Cedhak?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Apa Ana Siji Pamréntahan sing Stabil ing Bumi?
    Topik Liyané
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 1 hlm. 14-15
Wong-wong sing urip ing Firdaus

Keterangan sing Bener soal Masa Depan

Apa njenengan péngin ngerti ing masa depan keadaané piyé? Ing Alkitab ana keterangan soal peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon ing masa depan lan manfaaté kanggo manungsa.

Yésus wis tau njelaské tandha-tandhané nèk ”Kerajaané Gusti Allah wis cedhak”. (Lukas 21:31) Yésus ngramalké nèk bakal ana akèh perang, gempa bumi, kurang pangan, lan penyakit. Peristiwa-peristiwa kuwi wis kelakon saiki.​—Lukas 21:10-17.

Menurut Alkitab, ing ”akhir jaman” wong-wong bakal dadi tambah jahat. Njenengan isa maca keterangané ing 2 Timotius 3:1-5. Ramalan kuwi wis kelakon saiki. Kuwi nduduhké nèk ramalané Alkitab bener-bener isa dipercaya.

Ora suwé manèh, Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé perubahan sing gedhé. Perubahan kuwi bakal nggawé bumi dadi panggonan sing luwih apik. (Lukas 21:36) Ing Alkitab, Gusti Allah janji nèk bumi lan uripé manungsa bakal dadi luwih apik. Gatèkna conto-conto iki.

PAMRÉNTAHAN SING APIK

”Dhèwèké [Yésus] diwènèhi kuwasa, kehormatan, lan kerajaan bèn wong-wong saka kabèh bangsa lan basa nglayani dhèwèké. Dhèwèké mréntah kanggo saklawasé, lan kekuasaané ora bakal berakhir. Kerajaané ora bakal dihancurké.”​—DANIÈL 7:14.

Artiné: Njenengan isa bahagia merga dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah sing dipimpin Yésus.

KESÉHATAN SING SAMPURNA

Cah wédok lumpuh sing akhiré isa mlaku

”Wong-wong sing manggon ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”​—YÉSAYA 33:24.

Artiné: Ora bakal ana sing lara utawa cacad. Njenengan bakal urip séhat nganti saklawasé.

KEADAAN SING BENER-BENER DAMAI

Senjata sing hancur

”Dhèwèké ngendhegké perang ing bumi.”​—MAZMUR 46:9.

Artiné: Ora bakal ana perang manèh.

BUMI BAKAL DIENGGONI WONG-WONG SING SIFATÉ APIK

”Wong sing jahat ora bakal ana manèh. . . . Tapi wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi.”​—MAZMUR 37:10, 11.

Artiné: Ora bakal ana wong sing jahat. Kabèh wong manut karo Gusti Allah.

BUMI BAKAL DADI FIRDAUS

”Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono. Wong bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé.”​—YÉSAYA 65:21, 22.

Artiné: Bumi bakal dadi panggonan sing apik lan nyenengké. Kuwi jawaban saka dongané awaké dhéwé sing péngin bèn karepé Gusti Allah kelakon ”ing bumi”.​—Matius 6:10.

Wong-wong sing urip ing Firdaus
    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim