PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • km 4/15 hlm. 2
  • Nginjil Nganggo Méja lan Rak Buku sing Ana Rodané

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nginjil Nganggo Méja lan Rak Buku sing Ana Rodané
  • Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pas Nginjil Gunakna Wektu sing Ana kanggo Ngetrapké Cara Werna-Werna
    Kagiyatané Abdiné Allah—2015
  • Tambah Trampil Nginjil—Carané Mulai Ngekèki Kesaksian sing Ora Resmi
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Paédahé Nginjil Nganggo Rak Buku sing Ana Rodané
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Tambah Trampil Nginjil—Nginjil marang Sapa Waé sing Ana ing Dhaérah Kita
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Kagiyatané Abdiné Allah—2015
km 4/15 hlm. 2

Nginjil Nganggo Méja lan Rak Buku sing Ana Rodané

Nginjil nganggo méja lan rak buku sing ana rodané wis kebukti dadi cara sing cespleng kanggo mbantu wong-wong sing péngin ngerti sing bener saka Alkitab. (Yo. 6:44) Mula, para pinituwa perlu ngatur bèn méja lan rak buku sing ana rodané didèlèh ing panggonan sing wongé mlaku sliwar-sliwer, ing dhaérah jemaaté dhéwé-dhéwé. Merga rak buku sing ana rodané isa digèrèd ing endi-endi, biasané ora perlu njaluk ijin saka pamréntah. Sapa waé sing isa mèlu njaga? Para penginjil sing waspada, sing dandanan lan kelakuané nggenah, lan sing supel utawa trampil ngajak omongan. Gatèkna tuntunan iki.

Kudu:

  • Grapyak, apikan, lan gatèkan. Para penginjil kudu sumèh lan seneng aruh-aruh. Nèk ana sing ndelok-ndelok, panjenengan isa kandha, ”Mangga, arep njupuk sing endi?”

  • Ngupaya bèn njagané ora kadohan utawa kecedhaken. Ana penginjil sing rumangsa nèk njagané cedhak-cedhak waé, isa nggawé sing liwat gelem nyedhak. Ning, liyané rumangsa cara iku malah nggawé sing liwat ora gelem nyedhak. Dadi, njagané rada adoh sithik bèn sing liwat ora wedi mara, lan nunggu mbokmenawa ana sing mandheg banjur ndelok-delok. Nèk ana sing mara, panjenengan isa takon, ”Apa panjenengan péngin ngerti jawaban saka pitakonan iki?”

  • Kerep nggunakké Alkitab, nèk cocog.

  • Nerangké carané sinau Alkitab nèk ana sing njupuk wacan sing dinggo sinau Alkitab, contoné buku Alkitab Ajarkan. Panjenengan isa nawani wong kuwi apa gelem disetèlké vidhéo Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab?

  • Takon alamat utawa nomer tilpuné wong sing gelem diparani. Nèk alamaté kuwi dudu ing dhaérahé awaké dhéwé, isa ngisi formulir Silakan Tindak Lanjuti (S-43-IN), banjur ndang dikèkké sekretarisé jemaat.

Aja:

  • Meksa-meksa wong kon nampa wacan, utawa njaga méja/rak kaya satpam.

  • Nganggep cara iki mung kanggo mbagi-bagi wacan sakakèh-akèhé. Tujuané nginjil kuwi kanggo miwiti sinau Alkitab, mula kuduné awaké dhéwé ngupaya ngajak omong sing mara.

  • Ngadeg ing ngarep méja utawa rak buku bèn ora nutupi sing arep ndelok, utawa malah ngobrol karo penginjil liyané. Nèk arep nilpun, isa ngadoh dhisik saka kono.

  • Padu karo wong sing ora seneng. Nèk wong sing ora seneng kuwi mulai kasar, mbokmenawa isa pindhah nggon.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim