PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 2 hlm. 4-6
  • Donya Iki Arep Disingkirké​—⁠Maksudé Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Donya Iki Arep Disingkirké​—⁠Maksudé Apa?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sing Bakal Tetep Ana
  • Sing Bakal Disingkirké
  • Pemerintahané Manungsa PERLU DISINGKIRKÉ
  • Apa Bumi Bakal Dihancurké?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Wulangan Saka Jaman Mbiyèn
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 2 hlm. 4-6
Sak keluarga lagi mangan bareng ing njaba. Bapaké sing masak, terus panganané digawa ing méja.

Donya Iki Arep Disingkirké —Maksudé Apa?

Mungkin njenengan ngerti nèk menurut Alkitab donya iki arep disingkirké. (1 Yohanes 2:17) Apa kuwi berarti manungsané arep disingkirké kabèh? Apa kuwi berarti planèt buminé arep dihancurké?

MENURUT ALKITAB, LORO-LORONÉ JAWABANÉ ORA

Sing Bakal Tetep Ana

MANUNGSA

Keterangan ing Alkitab: Gusti Allah ”nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa”.—YÉSAYA 45:18.

Danau, pegunungan, lan hutan.

PLANÈT BUMI

Keterangan ing Alkitab: ”Siji generasi lunga, lan siji generasi teka, tapi bumi tetep ana saklawasé.”—PENGKHOTBAH 1:4.

ARTINÉ: Bumi iki ora bakal dihancurké, ning bakal terus dienggoni manungsa. Dadi, donya iki arep disingkirké maksudé apa?

COBA DIPIKIR: Alkitab ngomong nèk sukmbèn pas donya iki arep disingkirké, keadaané bakal kaya jamané Nuh. Wektu kuwi, donyané ”kebak kejahatan”. (Purwaning Dumadi 6:13) Ning, Nuh kuwi wong sing apik. Dadi, Nuh karo keluargané dislametké Gusti Allah, tapi wong-wong sing jahat disingkirké nganggo banjir gedhé. Pas nyritakké peristiwa kuwi, Alkitab ngomong nèk Gusti Allah ”ngukum donya jaman mbiyèn” nganggo banjir gedhé. (2 Pétrus 2:5) Dadi, wektu kuwi donyané disingkirké. Tapi, buminé ora dihancurké. Sing disingkirké kuwi wong-wongé sing jahat. Dadi, nèk Alkitab ngomong donya iki arep disingkirké, kuwi maksudé dudu buminé sing dihancurké. Sing arep disingkirké kejahatan lan wong-wong sing jahat.

Sing Bakal Disingkirké

KESUSAHAN LAN KEJAHATAN

Keterangan ing Alkitab: ”Sedhéla manèh, wong sing jahat ora bakal ana manèh. Nèk mbok gatèkké panggonané, dhèwèké wis ora ana manèh ing kono. Tapi wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi. Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget.”—MAZMUR 37:10, 11.

Gambar: 1. Wong-wong sing lagi ngrampok toko, rainé ditutupi. 2. Wong lanang ditawani dhuwit sak koper karo wong lanang sijiné.

ARTINÉ: Pas banjir gedhé jamané Nuh mbiyèn, wong-wong jahat mémang wis disingkirké kabèh. Tapi, bar kuwi, akèh sing dadi jahat manèh. Akhiré wong-wong dadi susah manèh. Tapi, sedhéla manèh Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing jahat. Sing nulis Mazmur mau ngomong, ”Wong sing jahat ora bakal ana manèh.” Kabèh sing jahat mengko bakal disingkirké karo Kerajaané Gusti Allah, utawa pemerintahané Gusti Allah ing swarga. Dadi, mengko sak donya isiné mung wong-wong sing manut karo pemerintahané Gusti Allah.

COBA DIPIKIR: Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, pemerintahané manungsa piyé? Menurut Alkitab, wong-wong kuwi ora seneng, malah arep nglawan Kerajaané Gusti Allah. (Mazmur 2:2) Lha terus piyé? Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pemerintahané manungsa, lan ”mung kerajaan iki sing bakal ana nganti saklawasé”. (Danièl 2:44) Lha ngapa kok pemerintahané manungsa ndadak disingkirké?

Pemerintahané Manungsa PERLU DISINGKIRKÉ

Keterangan ing Alkitab: ”Wong sing mlaku ora isa ngarahké langkahé.” —YÉRÉMIA 10:23.

Wong-wong mlaku ngliwati témbok sing ditèmplèki poster kampanye politik.

ARTINÉ: Manungsa ora diciptakké isa nguwasani manungsa liyané. Dadi, nèk manungsa nguwasani manungsa liyané utawa berusaha ngrampungi masalahé dhéwé, hasilé mesthi ora apik.

COBA DIPIKIR: Menurut Britannica Academic, pemerintahané manungsa kétoké ora isa ”ngatasi masalah sing diadhepi karo wong sak donya, misalé kemiskinan, kelaparan, penyakit, bencana alam, lan perang utawa kejahatan”. Ing kono ya disebutké, ”Ana beberapa . . . sing percaya nèk masalah-masalah kuwi lagi isa diatasi nèk sak donya iki pemerintahané mung siji thok.” Tapi, meskipun kabèh pemerintahané manungsa kerjasama, para pemimpin kuwi tetep manungsa sing ora sampurna, sing ora isa ngatasi masalah-masalah sing disebutké mau. Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngatasi kabèh masalah nganti tuntas.

Dadi, nèk Alkitab ngomong donya iki arep disingkirké, sing arep disingkirké kuwi wong-wong sing jahat. Mula, wong-wong sing apik ora perlu wedi. Keadaané donya sing saiki kacau kaya ngéné iki, mengko bakal digawé dadi luwih apik karo pemerintahané Gusti Allah. Kuwi mesthi nyenengké banget.

Tapi, kuwi kelakoné kapan? Jawabané dijelaské ing artikel berikuté.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim