PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w23 November hlm. 20-25
  • Apa Yéhuwah Njawab Dongaku?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Yéhuwah Njawab Dongaku?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • AWAKÉ DHÉWÉ YAKIN NÈK YÉHUWAH KUWI PIYÉ?
  • YÉHUWAH PÉNGINÉ AWAKÉ DHÉWÉ PIYÉ?
  • NGAPA KOK ISI DONGA KADHANG-KADHANG KUDU DISESUAIKKÉ?
  • Carané Yéhuwah Njawab Dongané Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Ngapa Kok Gusti Allah Ora Njawab Kabèh Donga?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Carané Bèn Donga Luwih Bermakna
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
w23 November hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 49

Apa Yéhuwah Njawab Dongaku?

”Kowé bakal njaluk tulung lan ndonga marang Aku, lan Aku bakal ngrungokké kowé.”—YÉR. 29:12.

LAGU 41 Rungokna Aku

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1-2. Apa sing isa waé marakké awaké dhéwé dadi mikir nèk Yéhuwah ora njawab donga?

ING Alkitab ana janji, ”Kowé bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal nggawé apa sing mbok péngini kelakon.” (Mzm. 37:4) Tapi, apa kuwi berarti kabèh sing awaké dhéwé jaluk mesthi langsung dituruti Yéhuwah? Coba bayangna situasi-situasi iki: Ana sedulur wédok sing ndonga bèn diundang ing Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah, tapi nganti beberapa taun dhèwèké ora diundang. Ana sedulur lanang enom sing ndonga njaluk penyakité ndang mari bèn dhèwèké isa nglayani luwih akèh ing jemaat, tapi dhèwèké ora mari-mari. Ana wong tuwa sing ndonga bèn anaké isa tetep setya karo Yéhuwah, tapi ternyata anaké ora gelem nglayani Yéhuwah manèh.

2 Mungkin njenengan ya tau njaluk sesuatu karo Yéhuwah, tapi durung dikèki. Akhiré, mungkin njenengan dadi mikir, ’Kok dongané wong liya dijawab tapi dongaku ora, ya?’ Utawa, ’Aku salah apa, kok dongaku ora dijawab-jawab?’ Sedulur Janiceb ya tau ngrasa kaya ngono. Dhèwèké karo bojoné péngin nglayani ing Bètel, makané meréka ndongakké kuwi. Dhèwèké crita, ”Aku yakin banget nèk sedhéla manèh kami bakal diundang ing Bètel.” Tapi nganti bertaun-taun, meréka ora diundang. Janice ngomong, ”Aku sedhih lan bingung. Aku mikir apa aku wis nggawé Yéhuwah kecéwa. Aku wis kerep ndongakké nèk aku péngin banget nglayani ing Bètel. Ngapa ya kok ora dijawab-jawab?”

3. Apa waé sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Kadhang, awaké dhéwé mungkin mikir, ’Dongaku dirungokké tenan ora ya karo Yéhuwah?’ Mbiyèn, umaté Yéhuwah sing setya ya ana sing mikir kaya ngono. (Ayb. 30:20; Mzm. 22:2; Hab. 1:2) Apa sing isa marakké yakin nèk Yéhuwah mesthi nggatèkké dongané awaké dhéwé? (Mzm. 65:2) Bèn ngerti jawabané, ayo mbahas: (1) Awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah kuwi piyé? (2) Yéhuwah pénginé awaké dhéwé piyé? (3) Ngapa kok isi donga kadhang-kadhang kudu disesuaikké?

AWAKÉ DHÉWÉ YAKIN NÈK YÉHUWAH KUWI PIYÉ?

4. Ing Yérémia 29:​12, Yéhuwah janji apa?

4 Yéhuwah mesthi ngrungokké donga soalé Dhèwèké wis janji. (Wacanen Yérémia 29:12.) Yéhuwah sayang karo umaté sing setya. Dadi nèk meréka ndonga, mesthi digatèkké. (Mzm. 10:17; 37:28) Tapi, kuwi ora berarti kabèh sing dijaluk mesthi dituruti. Mungkin ana kepénginan sing mung isa kelakon sukmbèn pas wis donya anyar.

5. Pas ngrungokké dongané umaté, Yéhuwah ya karo mikirké apa? Jelasna.

5 Pas ngrungokké dongané umaté, Yéhuwah ya karo mikirké sing dadi tujuané Dhèwèké. (Yés. 55:​8, 9) Salah siji sing dadi tujuané Yéhuwah kuwi bèn bumi dikebaki wong-wong sing manut pamréntahané Gusti Allah. Tapi, Sétan nudhuh nèk manungsa bakal luwih bahagia nèk meréka mréntah dhéwé. (PD. 3:​1-5) Kanggo mbuktèkké nèk Sétan ngapusi, manungsa dikèki kesempatan karo Yéhuwah kanggo mréntah dhéwé. Tapi, hasilé malah ana akèh masalah. (Pkh. 8:9) Yéhuwah ora langsung nyingkirké kabèh masalah. Soalé, nèk kabèh dirampungké saiki, mengko wong-wong bakal mikir nèk pamréntahané manungsa sing wis berhasil ngatasi masalah-masalah kuwi.

6. Meskipun jawabané Yéhuwah béda-béda, ngapa kok kuwi ora berarti nèk Yéhuwah ora adil?

6 Kanggo permintaan sing padha, isa waé jawabané Yéhuwah béda-béda. Contoné, pas Raja Hizkia lara parah, dhèwèké ndonga njaluk bèn mari. Akhiré, dhèwèké dimarèkké Yéhuwah. (2 Raj. 20:​1-6) Rasul Paulus ya tau bola-bali njaluk karo Yéhuwah bèn ’eri ing njero dagingé’, utawa mungkin penyakité, disingkirké. Tapi, Paulus tetep ngalami masalah kuwi. (2 Kor. 12:​7-9) Terus, gatèkna contoné Rasul Yakobus lan Pétrus. Raja Hérodès arep matèni meréka. Para sedulur ing jemaat ndongakké meréka. Yakobus akhiré dipatèni, tapi Pétrus dislametké malaékat. (Kis. 12:​1-11) Awaké dhéwé mungkin mikir, ’Ngapa kok Pétrus dislametké Yéhuwah tapi Yakobus ora?’ Ing Alkitab kuwi ora dijelaské.c Tapi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ”mesthi adil”. (PT. 32:4) Terus, Yéhuwah ya sayang karo loro-loroné. (Why. 21:14) Apa pelajarané? Kadhang, jawaban dongané awaké dhéwé mungkin ora padha karo sing awaké dhéwé harapké. Tapi, merga yakin nèk Yéhuwah mesthi sayang lan adil, embuh piyé jawabané Yéhuwah, awaké dhéwé yakin nèk kuwi sing paling apik.—Ayb. 33:13.

7. Awaké dhéwé aja nganti seneng apa lan ngapa?

7 Awaké dhéwé aja seneng mbandhing-mbandhingké. Misalé, dongané awaké dhéwé ora dijawab, tapi wong liya sing dongané padha karo permintaané awaké dhéwé malah dijawab. Gatèkna pengalamané Anna. Bojoné sing jenengé Matthew lara kanker. Pas kuwi, ana sedulur wédok lansia loro sing ya lara kanker. Anna ndongakké bèn bojoné lan loro sedulur kuwi isa mari. Loro sedulur kuwi mari, tapi Matthew mati. Awalé Anna mikir, ’Apa loro sedulur kuwi mari merga ditulungi Yéhuwah, ya? Nèk iya, ngapa kok bojoku ora ditulungi padahal ya wis tak dongakké?’ Mémang, awaké dhéwé ora ngerti loro sedulur kuwi mariné merga apa. Tapi sing pasti, sukmbèn Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh masalah. Yéhuwah ya kangen karo umaté sing wis mati lan bakal nguripké meréka.—Ayb. 14:15.

8. (a) Menurut Yésaya 43:​2, Yéhuwah ndhukungé piyé? (b) Critakna apa manfaaté ndonga. (Deloken vidéo Kuwat Ngadhepi Masalah Merga Ndonga.)

8 Yéhuwah selalu ndhukung awaké dhéwé. Kaya bapak sing sayang anaké, Yéhuwah ya susah nèk ndelok awaké dhéwé susah. (Yés. 63:9) Mémang, masalah sing diumpamakké kaya kali utawa geni kuwi kudu tetep diadhepi. Tapi, Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ngancani awaké dhéwé ”ngliwati” kuwi. (Wacanen Yésaya 43:2.) Ora soal sepira aboté masalah, Yéhuwah bakal mastèkké bèn masalah kuwi ora nganti marakké awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah manèh. Bèn awaké dhéwé tetep setya, Yéhuwah ya bakal ngekèki roh suciné. (Luk. 11:13; Flp. 4:13) Awaké dhéwé isa yakin nèk apa waé sing dibutuhké bèn isa tetep setya meskipun ngadhepi masalah, kuwi bakal disedhiakké karo Yéhuwah.d

YÉHUWAH PÉNGINÉ AWAKÉ DHÉWÉ PIYÉ?

9. Menurut Yakobus 1:​6, 7, ngapa kok kudu percaya nèk Yéhuwah bakal nulungi?

9 Yéhuwah péngin awaké dhéwé percaya karo Dhèwèké. (Ibr. 11:6) Kadhang-kadhang, masalahé awaké dhéwé abot banget nganti rasané wis ora sanggup manèh. Mungkin malah dadi mikir nèk Yéhuwah ora nulungi. Tapi ing Alkitab, awaké dhéwé diyakinké nèk Yéhuwah bakal ngekèki awaké dhéwé kekuwatan bèn isa ”nglumpati témbok”. (Mzm. 18:29) Dadi, timbang ragu Yéhuwah nulungi apa ora, awaké dhéwé kuduné ndonga, percaya tenan karo Yéhuwah.—Wacanen Yakobus 1:​6, 7.

10. Critakna conto sing mbuktèkké nèk perbuatané awaké dhéwé sesuai karo isi donga.

10 Yéhuwah péngin bèn perbuatané awaké dhéwé sesuai karo isi donga. Contoné, ana sedulur sing ndonga njaluk dibantu bèn éntuk ijin cuti merga arep teka ing pertemuan gabungan wilayah. Yéhuwah njawab dongané piyé? Mungkin Yéhuwah mbantu bèn sedulur kuwi dadi kendel. Tapi, sedulur kuwi sing kudu berupaya nemoni bosé lan njaluk ijin. Mungkin njaluké ya kudu ping bola-bali. Dhèwèké ya isa waé usul kanggo ijolan shift utawa gelem dipotong gajiné.

11. Ngapa kok ndongakké suatu permintaan kudu ping bola-bali?

11 Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndongakké suatu permintaan ping bola-bali. (1 Tés. 5:17) Saka kata-katané Yésus, awaké dhéwé isa ngerti ana permintaan sing ora langsung dijawab. (Luk. 11:9) Mulané, ndongané kudu tenanan lan ping bola-bali. (Luk. 18:​1-7) Nèk ndongakké suatu permintaan ping bola-bali, kuwi mbuktèkké nèk awaké dhéwé nganggep permintaan kuwi penting kanggo awaké dhéwé. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé yakin Yéhuwah isa mbantu.

NGAPA KOK ISI DONGA KADHANG-KADHANG KUDU DISESUAIKKÉ?

12. (a) Pertanyaan apa sing isa dipikirké, lan ngapa? (b) Apa buktiné nèk menghormati Yéhuwah pas ndonga? (Deloken kothak ”Piyé Aku Mbuktèkké Nèk Menghormati Yéhuwah Pas Ndonga?”)

12 Nèk kayané dongané awaké dhéwé ora dijawab-jawab, ana telu pertanyaan sing isa dipikirké. Sing pertama, ’Sing tak jaluk iki apa wis bener?’ Kadhang, awaké dhéwé mikir nèk sing dijaluk kuwi wis sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Tapi, isa waé kuwi dudu solusi sing paling apik. Terus, mungkin sing awaké dhéwé jaluk kuwi ora cocog karo karepé Yéhuwah. (1 Yoh. 5:14) Misalé, contoné wong tuwa sing disebutké ing paragraf siji. Meréka ndonga bèn anaké isa tetep setya karo Yéhuwah. Kétoké kuwi permintaan sing apik. Tapi, Yéhuwah ora tau meksa sapa waé kanggo nglayani Dhèwèké. Yéhuwah pénginé kabèh wong termasuk anak-anak nglayani Dhèwèké merga meréka mémang péngin. (PT. 10:​12, 13; 30:​19, 20) Dadi, kuduné wong tuwa ndongané njaluk Yéhuwah mbantu meréka isa ndhidhik anaké bèn sayang karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké.—WB. 22:6; Éf. 6:4.

Piyé Aku Mbuktèkké Nèk Menghormati Yéhuwah Pas Ndonga?

Yéhuwah kaya bapak sing sayang anaké, sing péngin ngekèki sing awaké dhéwé jaluk. Tapi, Yéhuwah ya kudu dihormati merga Dhèwèké sing nyiptakké awaké dhéwé. (Why. 4:11) Apa buktiné nèk menghormati Yéhuwah pas ndonga?

  • Sing dijaluk kudu sesuai karo karepé Yéhuwah lan alesané kudu bener. (1 Yoh. 5:14) Aja nganti sing dijaluk kuwi mung kanggo kepénginan lan kebutuhané dhéwé thok. Yakobus tau ngandhani wong Kristen jaman mbiyèn nèk dongané meréka ora bakal dijawab merga niaté èlèk utawa merga égois.—Yak. 4:3.

  • Aja meksa bèn jawabané Yéhuwah sesuai karo sing awaké dhéwé karepké. (Mat. 4:7) Percaya waé nèk Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Kadhang jawabané Yéhuwah ora padha karo sing awaké dhéwé karepké.—Éf. 3:20.

  • Aja lali selalu bersyukur karo Yéhuwah. Bayangna piyé senengé Yéhuwah nèk njenengan maturnuwun karo Dhèwèké.—Kol. 3:15; 1 Tés. 5:​17, 18.

13. Menurut Ibrani 4:​16, apa Yéhuwah bakal langsung njawab dongané awaké dhéwé? Terangna.

13 Pertanyaan keloro yaiku, ’Apa mungkin Yéhuwah ngrasa nèk permintaanku durung wektuné dijawab?’ Mungkin awaké dhéwé pénginé ndang langsung dijawab. Tapi, Yéhuwah sing ngerti kapan wektu sing pas kanggo njawab. (Wacanen Ibrani 4:16.) Nèk sing dijaluk ora langsung dituruti, mungkin awaké dhéwé ngira nèk jawabané Yéhuwah kuwi ’Ora’. Padahal sakjané, mungkin jawabané Yéhuwah ”Durung”. Misalé, coba pikirna manèh sedulur lanang sing dicritakké ing paragraf siji. Dhèwèké ndonga bèn penyakité dimarèkké. Nèk Yéhuwah langsung marèkké dhèwèké, mengko Sétan isa nudhuh nèk sedulur kuwi gelem terus nglayani Yéhuwah mung merga wis dimarèkké. (Ayb. 1:​9-11; 2:4) Terus, Yéhuwah wis nentokké jadwal kapan Dhèwèké arep nyingkirké kabèh penyakit. (Yés. 33:24; Why. 21:​3, 4) Mula saiki, aja berharap Yéhuwah nggawé mukjijat kanggo marèkké wong lara. Dadi, sedulur kuwi mau isa ndonga njaluk kekuwatan bèn isa tetep setya nglayani Yéhuwah meskipun isih lara.—Mzm. 29:11.

14. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Janice?

14 Gatèkna manèh pengalamané Janice, sing péngin nglayani ing Bètel. Bar limang taun, dhèwèké lagi ngerti nèk sakjané dongané wis dijawab Yéhuwah, tapi carané ora kaya sing dhèwèké karepké. Dhèwèké crita, ”Selama limang taun, sakjané Yéhuwah nglatih aku bèn aku nduwé sifat-sifat sing luwih apik, luwih percaya karo Yéhuwah, lan luwih rajin pelajaran pribadi. Terus, aku ya dadi ngerti nèk aku isa bahagia ora soal nglayaniné ing endi.” Bar kuwi, Janice karo bojoné diundang nglayani ing tugas keliling. Janice ngomong, ”Yéhuwah terbukti selalu njawab dongaku meskipun jawabané ora persis kaya sing tak harapké. Awalé, aku mémang ora langsung paham. Tapi, saiki aku ngrasakké nèk jawabané Yéhuwah kuwi kaya hadiah sing apik banget. Aku bersyukur merga isa ngrasakké nèk Yéhuwah sayang lan apikan karo aku.”

Gambar: 1. Sedulur wédok loro ngisi formulir Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. Sakdurungé ngisi formulir, meréka ndonga sik. 2. Ing Balai Ibadah, sedulur wédok sing diundang seneng nduduhké surat undangané karo sedulur-sedulur liyané termasuk sedulur wédok sing ya ngisi formulir mau. 3. Sedulur wédok sing ora diundang sekolah ndonga karo Yéhuwah lan ngetik surat. Bar kuwi, dhèwèké nginjil ing luar negri lan bantu proyèk pembangunan ing organisasi.

Nèk misalé dongané durung dijawab Yéhuwah, coba isi dongané aja terlalu spésifik (Deloken paragraf 15)f

15. Ngapa kok isi donga aja terlalu spésifik? (Deloken gambar kanggo paragraf 15.)

15 Pertanyaan sing ketelu yaiku, ’Apa isi dongaku terlalu spésifik?’ Mémang, nèk isi dongané spésifik kuwi apik. Tapi kadhang, aja terlalu spésifik bèn isa ngerti karepé Yéhuwah kanggo awaké dhéwé kuwi apa. Coba gatèkna manèh sedulur wédok sing dicritakké ing paragraf siji. Dhèwèké ndonga bèn diundang ing Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. Dhèwèké péngin mèlu sekolah kuwi bèn isa nglayani ing jemaat sing butuh luwih akèh penginjil. Mémang, dhèwèké tetep ndonga bèn diundang sekolah. Tapi, dhèwèké ya njaluk Yéhuwah ngandhani dhèwèké cara liya bèn isa nglayani luwih akèh. (Kis. 16:​9, 10) Bar kuwi, dhèwèké isa takon karo pinituwa wilayah, jemaat endi ing dhaérahé sing butuh perintis. Dhèwèké ya isa nulis surat ing kantor cabang lan takon dhaérah endi sing butuh luwih akèh penginjil.e

16. Awaké dhéwé yakin soal apa?

16 Kaya sing wis dibahas, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah mesthi njawab dongané awaké dhéwé. Carané ya mesthi adil lan kuwi merga Dhèwèké sayang. (Mzm. 4:3; Yés. 30:18) Mémang, kadhang jawabané ora kaya sing awaké dhéwé karepké. Tapi, dongané awaké dhéwé tetep digatèkké. Yéhuwah sayang banget lan ora bakal ninggalké awaké dhéwé. (Mzm. 9:10) Mula pas ndonga, critakna kabèh karo Yéhuwah lan ”terus percaya marang Dhèwèké”.—Mzm. 62:8.

SOAL NDONGA . . .

  • awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah kuwi piyé?

  • Yéhuwah pénginé awaké dhéwé piyé?

  • ngapa kok isi donga kadhang-kadhang kudu disesuaikké?

LAGU 43 Donga Ngucap Syukur

a Ing artikel iki bakal dibahas nèk Yéhuwah selalu njawab donga. Carané ya mesthi adil lan kuwi merga Dhèwèké sayang.

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

c Deloken artikel ”Percaya Nèk Kabèh Keputusané Yéhuwah Mesthi Bener” ing Warta Penting Februari 2022 paragraf 3-6.

d Piyé Yéhuwah mbantu awaké dhéwé ngadhepi masalah? Nèk arep ndelok contoné, deloken vidéo Kuwat Ngadhepi Masalah Merga Ndonga ing jw.org.

e Nèk péngin nglayani ing wilayah cabang liya, deloken buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa, Bab 10, paragraf 6-9.

f GAMBAR: Sedulur wédok loro ndonga péngin diundang ing Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. Terus, sing siji éntuk undangan, tapi sing sijiné ora. Sing ora éntuk undangan kuwi ora kecéwa, tapi ndonga njaluk bèn Yéhuwah ngandhani cara liya dhèwèké isa nglayani luwih akèh. Terus, dhèwèké nulis surat ing kantor cabang lan ngomong nèk gelem nglayani ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim