ARTIKEL PELAJARAN 30
LAGU 97 Tuntunané Yéhuwah ing Kitab Suci
Apa Ajaran Dhasar Isih Ana Manfaaté kanggo Njenengan?
”Aku péngin terus ngélingké kowé soal iki, senajan sakdurungé kowé wis ngerti lan percaya banget karo ajaran sing bener sing wis mbok sinau.”—2 PTR. 1:12.
INTI
Manfaat-manfaat anyar sing isa dirasakké saka ajaran dhasar ing Alkitab, meskipun wis suwé ngerti soal ajaran kuwi.
1. Pas awal-awal mempelajari ajaran dhasar ing Alkitab, njenengan éntuk manfaat apa waé?
PAS mbiyèn ngerti ajaran dhasar ing Alkitab, apa manfaat sing njenengan rasakké? Mungkin, bar ngerti nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah, njenengan mulai nyedhak karo Gusti Allah. (Yés. 42:8) Bar ngerti nèk wong mati ora ngerti apa-apa, wektu ana kanca utawa keluarga sing mati, njenengan dadi ora kuwatir manèh karo sing meréka alami sakwisé mati. (Pkh. 9:10) Bar ngerti janjiné Gusti Allah soal Firdaus, njenengan dadi ora kuwatir soal masa depan, terus ya dadi ngerti nèk mengko isa urip saklawasé, ora mung nganti 70 utawa 80 taun.—Mzm. 37:29; 90:10.
2. Saka 2 Pétrus 1:12, 13, apa buktiné nèk ajaran dhasar ing Alkitab ya isih bermanfaat kanggo sing wis suwé nglayani Yéhuwah?
2 Aja nganti nganggep nèk ajaran dhasar sing mbiyèn dipelajari kuwi wis ora ana manfaaté manèh. Gatèkna suraté Rasul Pétrus sing keloro. Wektu kuwi, ing jemaat ana guru-guru palsu lan nabi-nabi palsu sing berupaya bèn para sedulur ora setya manèh. (2 Ptr. 2:1-3) Pétrus péngin bèn meréka ora terpengaruh. Meskipun para sedulur ing kono ”wis ngerti lan percaya banget karo ajaran sing bener”, Pétrus tetep ngélingké meréka soal ajaran-ajaran dhasar sing sakjané meréka wis ngerti. (Wacanen 2 Pétrus 1:12, 13.) Nèk terus ngéling-éling ajaran-ajaran kuwi, meréka isa terus setya nganti akhir.
3. Meskipun wis suwé nglayani Yéhuwah, ngapa kok kudu terus ngrenungké ajaran dhasar ing Alkitab? Kèkana perumpamaan.
3 Meskipun wis suwé nglayani Yéhuwah, nèk ngrenungké ajaran dhasar ing Alkitab, isih isa éntuk manfaat anyar. Perumpamaané ngéné: Koki anyaran lan koki sing wis trampil isa waé nggunakké bahan-bahan sing padha kanggo masak sesuatu. Tapi, koki sing wis trampil isa nggunakké bahan-bahan sing padha kuwi kanggo nggawé masakan liya sing luwih menarik lan énak. Padha kaya ngono, saka siji ajaran dhasar sing padha, wong sing wis suwé nglayani Yéhuwah karo sing lagi waé belajar Alkitab, mungkin éntuk manfaat sing béda. Soalé sakwisé dibaptis, isa waé keadaan lan tugasé berubah. Nèk ngrenungké ajaran dhasar sing tau dipelajari, mengko isa éntuk manfaat anyar sing sesuai karo sing lagi diadhepi saiki. Ayo mbahas telu ajaran dhasar ing Alkitab sing isih isa bermanfaat kanggo sing wis suwé nglayani Yéhuwah.
YÉHUWAH KUWI PENCIPTA
4. Apa manfaaté merga ngerti nèk Yéhuwah kuwi Pencipta?
4 Ing Alkitab disebutké, ”Sing mbangun kabèh yaiku Gusti Allah.” (Ibr. 3:4) Awaké dhéwé ngerti nèk bumi sak isiné diciptakké karo Pencipta sing wicaksana lan mahakuwasa. Terus merga sing nyiptakké manungsa kuwi Yéhuwah, Yéhuwah sing paling ngerti soal awaké dhéwé. Dhèwèké ya perduli lan ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Merga ngerti ajaran dhasar nèk Yéhuwah kuwi Pencipta, uripé awaké dhéwé dadi luwih bermakna.
5. Ngapa kok ngerti ajaran nèk Yéhuwah kuwi Pencipta isa marakké awaké dhéwé dadi rendah hati? (Yésaya 45:9-12)
5 Ngerti ajaran dhasar nèk Yéhuwah kuwi Pencipta ya isa marakké awaké dhéwé dadi rendah hati. Gatèkna contoné Ayub. Wektu kuwi, Ayub tau terlalu fokus karo diri sendiri lan berupaya mbuktèkké nèk ora salah. Akhiré, dhèwèké diélingké Yéhuwah nèk Yéhuwah kuwi Pencipta sing mahakuwasa. (Ayb. 38:1-4) Ayub akhiré dadi ngerti nèk kabèh sing dilakukan Yéhuwah mesthi bener. Bertaun-taun bar kuwi, Nabi Yésaya ya nulis nèk manungsa ora éntuk rumangsa luwih wicaksana utawa hébat timbang Penciptané.—Wacanen Yésaya 45:9-12.
6. Sapa sing khususé kudu ngrenungké kawicaksanan lan kuwasané Yéhuwah? (Deloken gambar.)
6 Isa waé merga wis suwé nglayani Yéhuwah, ana sing dadi rumangsa wis berpengalaman lan wicaksana. Suwé-suwé, dhèwèké dadi ora nggolèki manèh tuntunané Yéhuwah ing Alkitab. (Ayb. 37:23, 24) Tapi nèk dhèwèké bener-bener ngrenungké kawicaksanan lan kuwasané Yéhuwah, apa manfaaté? (Yés. 40:22; 55:8, 9) Dhèwèké bakal dadi rendah hati lan sadhar nèk pikirané Yéhuwah kuwi luwih hébat timbang pikirané dhèwèké dhéwé.
Piyé bèn isa terus éling nèk pikirané Yéhuwah luwih hébat timbang pikirané awaké dhéwé? (Deloken paragraf 6)d
7. Apa sing marakké Sedulur Rahela akhiré isa nampa arahan sing anyar saka organisasi?
7 Merga ngrenungké nèk Yéhuwah kuwi Pencipta, Sedulur Rahela sing manggon ing Slovenia akhiré isa nampa arahan sing anyar saka organisasi. Dhèwèké crita, ”Kanggoku, nampa arahan saka wong-wong sing nduwé wewenang kuwi ora selalu gampang. Misalé, sakjané aku wis nonton Laporan Pengurus Pusat 2023 (Bagéan 8). Tapi pas pertama kali ndelok sedulur sing ceramah bréwokan, aku isih ngrasa anèh. Makané, aku ndonga bèn isa nampa perubahan iki.” Rahela dadi éling nèk Yéhuwah kuwi Pencipta, makané arahané Yéhuwah kanggo organisasiné mesthi sing paling apik. Nèk njenengan tau ngrasa kangèlan kanggo nampa pemahaman utawa arahan sing anyar saka organisasi, coba renungna kawicaksanan lan kuwasané Yéhuwah sebagai Pencipta.—Rm. 11:33-36.
ALESANÉ MANUNGSA SUSAH
8. Apa manfaaté merga ngerti alesané ngapa kok manungsa susah?
8 Merga ora ngerti alesané ngapa kok manungsa susah, ana sing akhiré nyalahké Gusti Allah utawa malah dadi ora percaya manèh karo Gusti Allah. (WB. 19:3) Tapi saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk manungsa susah kuwi merga dosa warisan lan wis ora sempurna, dudu gara-gara Gusti Allah. Yéhuwah ngejarké manungsa isih susah nganti saiki kuwi malah bukti nèk Dhèwèké sabar merga ngekèki kesempatan bèn manungsa isa kenal Dhèwèké lan ngrasakké pas kesusahan disingkirké saklawasé. (2 Ptr. 3:9, 15) Rasané terhibur banget lan dadi péngin nyedhak Yéhuwah merga ngerti ajaran dhasar kuwi.
9. Kapan waé khususé kudu ngéling-éling manèh ngapa kok Yéhuwah ora ndang nyingkirké kesusahan?
9 Selama nunggu Yéhuwah nyingkirké kesusahan, mungkin awaké dhéwé wis sabar. Tapi wektu awaké dhéwé utawa kanca lan keluarga diperlakukan ora adil, ngalami kesusahan, utawa bahkan meréka mati, mungkin dadi mikir ngapa kok Yéhuwah ora ndang nyingkirké kesusahan. (Hab. 1:2, 3) Pas ngrasakké kaya ngono, coba renungké manèh ngapa kok Yéhuwah ngejarké wong sing bener ngalami kesusahan.a (Mzm. 34:19) Terus, ya isa ngrenungké janjiné Yéhuwah nèk bakal nyingkirké kesusahan kanggo saklawasé.
10. Apa sing marakké Sedulur Anne tetep tenang bar ditinggal mati ibuné?
10 Merga ngerti alesané ngapa kok manungsa susah, awaké dhéwé isa tetep tabah wektu ngadhepi kesusahan. Gatèkna contoné Sedulur Anne sing manggon ing Pulau Mayotte ing Samudra Hindia. Dhèwèké crita, ”Beberapa taun lalu, aku sedhih banget merga ibuku mati. Tapi, aku terus berupaya ngéling-éling nèk iki dudu gara-gara Yéhuwah. Malah, Yéhuwah péngin banget nyingkirké kesusahan lan nguripké manèh wong mati. Ngrenungké ajaran kuwi ternyata marakké aku dadi tenang, ora sedhih terus.”
11. Ngapa kok ngerti alesané manungsa isih susah marakké awaké dhéwé péngin terus nginjil?
11 Merga ngerti alesané ngapa kok manungsa susah, awaké dhéwé dadi péngin terus nginjil. Pétrus njelaské salah siji alesané Yéhuwah ora ndang nyingkirké kesusahan kuwi merga péngin wong-wong bertobat lan dislametké. Pétrus ya njelaské nèk awaké dhéwé ’kudu dadi suci lan mbuktèkké nèk ngabdi marang Gusti Allah’. (2 Ptr. 3:11) Salah siji bukti ”ngabdi” kuwi nèk nginjil. Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ya sayang karo kabèh wong lan péngin meréka urip ing donya anyar. Wong-wong ing dhaérahé njenengan saiki lagi dikèki kesempatan Yéhuwah bèn isa nyembah Dhèwèké. Iki kehormatan sing luar biasa merga isa dadi kanca nyambut gawéné Yéhuwah lan mbantu sak akèh-akèhé wong kenal Dhèwèké sakdurungé akhir kuwi teka.—1 Kor. 3:9.
SAIKI WIS ”AKHIR JAMAN”
12. Apa manfaaté merga ngerti nèk saiki wis ”akhir jaman”?
12 Ing Alkitab diramalké piyé sifaté wong-wong pas ”akhir jaman”. (2 Tim. 3:1-5) Nèk nggatèkké wong-wong saiki, kétok jelas nèk ramalan kuwi mémang lagi kelakon. Kelakuané wong-wong sing saya suwé saya bobrok marakké awaké dhéwé semakin yakin nèk sing ditulis ing Alkitab mémang bener.—2 Tim. 3:13-15.
13. Saka perumpamaané Yésus ing Lukas 12:15-21, pertanyaan apa waé sing isa dipikirké?
13 Wacanen Lukas 12:15-21. Merga ngerti nèk wektuné tinggal sithik, wektuné kuduné dimanfaatké kanggo ngutamakké hal-hal sing luwih penting. Ing perumpamaané, wong lanang sugih kuwi disebut ”ora masuk akal” dudu merga kekayaané, tapi merga fokusé mung ”nglumpukké harta kanggo kepentingané dhéwé”. Kuduné, dhèwèké ”ngupaya sugih ing ngarepé Gusti Allah”. Lha ngapa? Gusti Allah ngandhani dhèwèké, ”Bengi iki kowé bakal mati.” Padha kaya ngono, merga akhir donya iki wis saya cedhak, pikirna, ’Apa cita-citaku mbuktèkké nèk aku ngerti wektuné tinggal sithik? Apa aku ya mbantu anak-anakku bèn fokus karo sing luwih penting? Apa tenaga, wektu, lan sumber dayaku tak gunakké kanggo ngutamakké kepentingané Gusti Allah, utawa mung kanggo nyenengké diri sendiri?’
14. Saka pengalamané Miki, apa manfaaté nèk ngerti saiki wis akhir jaman?
14 Nèk ngrenungké saiki wis akhir jaman, awaké dhéwé dadi ngerti apa sing kudu luwih diutamakké. Gatèkna pengalamané Sedulur Miki. Miki crita, ”Sakwisé lulus sekolah, aku péngin banget kuliah ing jurusan sing mempelajari soal kéwan lan kerja ing bidang kuwi. Tapi, aku ya péngin dadi perintis lan nglayani ing dhaérah sing luwih mbutuhké. Para sedulur sing rohaniné apik nyaranké aku bèn mikirké, ’Nèk kerja ing bidang kuwi, apa kowé isa merintis?’ Terus, meréka ya ngélingké nèk sedhéla manèh donya iki bakal berakhir. Sukmbèn ing donya anyar, aku isa mempelajari soal kéwan malah nganti saklawasé. Akhiré, aku mutuské mèlu kursus singkat kanggo mempelajari suatu ketrampilan. Bar kuwi, aku éntuk gawéan sing marakké aku isa terus merintis, lan bahkan akhiré aku ya isa pindhah ing Ekuador, sing luwih mbutuhké penginjil.” Saiki, Miki karo bojoné nglayani ing Ekuador ing tugas keliling.
15. Saka contoné Yakobus, ngapa kok aja nyerah kanggo nyritakké kabar apik bahkan karo wong-wong sing saiki durung berminat? (Deloken gambar.)
15 Nèk saiki ana sing ora gelem nampa kabar apik, aja cilik ati. Élinga nèk tanggepané wong isa berubah. Gatèkna contoné Yakobus adhiné Yésus. Meskipun wis ndelok sifat-sifat apiké Yésus, ngrungokké ajarané, lan ngerti nèk Yésus kuwi Mésias, selama bertaun-taun Yakobus ora gelem dadi muridé. Dhèwèké lagi dadi murid sakwisé Yésus diuripké manèh. Tapi, dhèwèké akhiré dadi murid sing bersemangat.b (Yoh. 7:5; Gal. 2:9) Dadi, aja nyerah kanggo nyritakké kabar apik karo wong-wong sing saiki durung berminat, termasuk anggota keluarga. Élinga nèk kesempatan kanggo ngandhani meréka kuwi ya saiki. Sapa ngerti sukmbèn meréka bakal nanggepi. Bahkan sakwisé sengsara gedhé dimulai, meréka isih nduwé kesempatan.c
Apa sing isa dipikirké bèn terus semangat kanggo ngekèki kesaksian keluarga sing durung seiman? (Deloken paragraf 15)e
TETEP NGANGGEP PENTING AJARAN DHASAR ING ALKITAB
16. Apa manfaaté bahan-bahan sing dirancang kanggo umum? (Deloken kothak ”Nggunakké Bahan-Bahan sing Dirancang kanggo Umum”.)
16 Mémang, ana bahan-bahan sing disiapké organisasi sing dirancang kanggo wong-wong sing ora pati paham soal Alkitab utawa sing dudu Seksi Yéhuwah. Misalé ceramah umum saben minggu, beberapa artikel lan vidéo ing jw.org, lan majalah édhisi umum. Tapi, awaké dhéwé ya isih isa éntuk manfaat saka bahan-bahan kuwi. Kuwi marakké dadi tambah sayang karo Yéhuwah, semakin percaya nèk isiné Alkitab bener, lan semakin trampil wektu mulang wong liya soal ajaran Alkitab.—Mzm. 19:7.
17. Kudu ngrenungké ajaran-ajaran dhasar ing Alkitab kuwi khususé pas ngadhepi apa waé?
17 Mémang wektu nampa pemahaman anyar, umaté Yéhuwah seneng. Tapi, aja lali nèk sing marakké mulai kenal lan cedhak karo Yéhuwah kuwi merga mempelajari ajaran-ajaran dhasar ing Alkitab. Ajaran dhasar kuwi ya isih bermanfaat nganti saiki. Misalé wektu éntuk arahan saka organisasi tapi ngrasa nèk pendapaté luwih apik, kudu rendah hati éling nèk sing ngarahké organisasi kuwi Pencipta sing wicaksana lan mahakuwasa. Terus wektu ngadhepi kesusahan, kudu sabar lan ngrenungké alesané ngapa kok Yéhuwah isih ngejarké kesusahan. Sakliyané kuwi, pas mikirké wektu lan tenaga arep dienggo apa, kudu éling nèk saiki wis akhir jaman. Muga-muga awaké dhéwé terus menghargai ajaran dhasar ing Alkitab bèn isa terus wicaksana lan setya nglayani Yéhuwah.
LAGU 95 Dalan sing Bener Saya Padhang
a Deloken artikel ”Mengapa Semua Penderitaan Segera Berakhir” ing Menara Pengawal 15 Mei 2007, halaman 21-25.
b Deloken brosur Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid Pelajaran 8.
c Deloken artikel ”Carané Yéhuwah Ngadili Selama Sengsara Gedhé” ing Warta Penting Mei 2024, halaman 8-13.
d PENJELASAN GAMBAR: Pas rapat, ana pinituwa nyampèkké pendapaté tapi pinituwa liyané ora setuju. Bar ngrenungké kawicaksanan lan kuwasané Yéhuwah, dhèwèké dadi sadhar nèk sing dikarepké Yéhuwah luwih penting timbang karepé dhèwèké.
e PENJELASAN GAMBAR: Bar pelajaran pribadi soal bukti-bukti nèk saiki wis akhir jaman, sedulur wédok nélpon mbakyuné lan ngekèki kesaksian.