PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 122
  • Pacaran—Bagéan 2: Apa sing Bakal Tak Alami Pas Pacaran?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pacaran—Bagéan 2: Apa sing Bakal Tak Alami Pas Pacaran?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pas komunikasi kudu jujur lan terbuka
  • Béda pendapat
  • Pas pacaran kowé isa waé strès
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Aturan Bab Pacaran?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Pacaran—Bagéan 1: Apa Aku Wis Siap Pacaran?
    Pitakonané Cah Enom
  • Pacaran—Bagéan 3: Apa Aku Kudu Putus?
    Pitakonané Cah Enom
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 122
Pasangan sing nglakoni kegiatan bareng-bareng. Gambar: 1. Maca Alkitab bareng. 2. Ngobrol lan piknik. 3. Numpak sepédha. 4. Sing wédok ngenalké sing lanang karo wong tuwané.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Pacaran—Bagéan 2: Apa sing Bakal Tak Alami Pas Pacaran?

Kowé akhiré wis ketemu karo wong sing mbok senengi. Terus kowé karo dhèwèké mutuské kanggo pacaran bèn isa luwih kenal sakdurungé nikah. Apa waé sing bakal mbok alami pas pacaran?

Ing artikel iki bakal dibahas:

  • Pas komunikasi kudu jujur lan terbuka

  • Béda pendapat

  • Pas pacaran kowé isa waé strès

Pas komunikasi kudu jujur lan terbuka

Pas pacaran kowé isa luwih mengenal pacarmu. Misalé, kowé dadi ngerti sifat-sifaté nèk nggatèkké tingkah laku lan kebiasaané.

Sakliyané kuwi, kowé kudu jujur lan terbuka wektu ngobrol. Sakwisé ngerti pacarmu kuwi kaya apa, mungkin kowé mulai mikir apa hubungané kalian isa terus lanjut utawa ora. Pas nggawé keputusan, aja mung nuruti perasaanmu tapi ya kudu mikirké fakta-faktané.

Sing isa kalian rembug:

  • Keuangan. Apa kowé nduwé utang? Apa kowé wongé boros? Nèk wis nikah, piyé carané kalian ngatur dhuwit?

  • Keséhatan. Apa kowé séhat? Apa ndhisik kowé nduwé masalah keséhatan sing serius?

  • Cita-cita. Apa cita-citamu? Apa kowé karo pacarmu nduwé tujuan sing padha? Nèk wis nikah, apa kowé isa tetep seneng meskipun cita-citamu ora kelakon?

  • Keluarga. Apa saiki kowé isih kudu ngrawat lan ngopèni keluargamu? Nèk ora, apa sukmbèn kowé kudu ngrawat keluargamu? Apa kowé péngin nduwé anak? Nèk iya, pira?

Pasangan ngobrol soal rencana. Gambar: 1. Sing lanang péngin nglayani Yéhuwah ing dhaérah liya. 2. Sing wédok péngin nduwé omah, loro anak, lan kirik.

Kowé kudu jujur lan terbuka wektu ngrembug soal kuwi. Aja nutup-nutupi mung bèn kétok apik ing ngarepé pacarmu.—Ibrani 13:18.

Pikirna: Kowé péngin ngerti apa soal pacarmu? Pacarmu kudu ngerti apa soal kowé? Nèk kèt saiki wis jujur lan terbuka wektu komunikasi, apa manfaaté nèk kalian wis nikah?

Ayat: ”Saben wong . . . kudu ngomong jujur karo liyané.”—Éfésus 4:25.

Lampu.

Saran: Pikirna kapan wektu sing cocog kanggo mbahas soal perkawinan. Nèk kowé kesusu mbahas soal kuwi, mungkin pacarmu ngrasa kaya dioyak-oyak kanggo cepet nikah. Kowé kudu éling nèk perasaané saben wong béda-béda lan saben pasangan butuh wektu sing béda-béda kanggo mutuské soal kuwi.

”Sing wédok mungkin mikir, ’Enem sasi manèh kami bakal tunangan.’ Tapi sing lanang mungkin mikir tunangané nèk wis setaun pacaran waé. Nèk kaya ngono, sing wédok mungkin lara ati lan kecéwa, merga sing dipéngini béda karo sing lanang. Mula bèn padha-padha ngerti sing dikarepké, kudu jujur lan terbuka wektu komunikasi.”—Ariana, wis setaun nikah.

Béda pendapat

Kowé karo pacarmu ora mungkin padha. Aja nganti mikir nèk perasaan karo pendapatmu kuwi mesthi padha karo pacarmu, soalé kalian nduwé kepribadian sing béda. Dadi pandhangané kalian mesthi ya béda.

Pasangan kuwi ngomongké pendapaté. Gambar: 1. Sing lanang nggawa popcorn lan péngin nonton film. 2. Sing wédok nggawa tas ransel, nyekel tongkat kanggo mendaki, lan péngin mendaki.

Pikirna: Wektu kalian béda pendapat kanggo hal-hal sing kétok sepélé, apa kowé gelem ngalah bèn ora padu, sing penting kuwi ora nglanggar pathokané Alkitab?

Ayat: ”Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.”—Filipi 4:5.

Lampu.

Saran: Mémang mungkin kowé seneng nèk nduwé pendapat sing padha karo pacarmu. Tapi nèk kowé béda pendapat karo pacarmu, kowé malah dadi isa ngerti sakjané pacarmu kuwi piyé.

”Meskipun kétoké kalian cocog lan nduwé akèh persamaan, tapi tetep waé kalian isa béda pendapat. Carané kalian ngatasi béda pendapat lan sifat-sifat sing kalian duduhké pas ngatasi kuwi sing luwih penting.”—Matthew, wis limang taun nikah.

Pas pacaran kowé isa waé strès

Pacaran kuwi ngentèkké wektu lan kadhang kuwi marakké strès. Piyé carané ngatasi?

Kowé kudu seimbang. Kowé aja nganti sibuk pacaran terus nganti kowé ora nglakoni tanggung jawabmu lan ora nduwé wektu kanggo kanca-kancamu. Alana, sing wis nikah limang taun ngomong, ”Sakwisé nikah, kowé isih butuh kanca-kancamu lan meréka ya isih butuh kowé. Dadi kowé kudu tetep akrab karo kanca-kancamu meskipun kowé wis pacaran.”

Nèk wis nikah, tanggung jawabmu dadi semakin akèh lan kowé kudu pinter-pinter ngatur wektu. Dadi luwih apik nèk pas pacaran kowé isa latihan ngatur wektu.

Pasangan kuwi kekeselen merga kakèhan kegiatan. Gambar: 1. Sepédaan bareng. 2. Foto karo kanca-kancané. 3. Nonton TV karo kanca-kancané pas bengi. 4. Chatting-an nganti bengi banget.

Pikirna: Apa kowé péngin terus-terusan karo pacarmu, utawa terus-terusan digatèkké? Utawa, apa kowé ngrasa nèk pacarmu sing kaya ngono? Piyé carané bèn kowé karo pacarmu isa tetep nduwé wektu kanggo liyané?

Ayat: ”Kabèh ana wektuné, wektu kanggo saben kegiatan ing ngisoré langit.”—Pengkhotbah 3:1.

Lampu.

Saran: Daripada pas pacaran mung ngentèkké wektu kanggo dolan bareng, kowé karo pacarmu isa nglakoni kegiatan-kegiatan liyané sing luwih bermanfaat.

”Nèk pas pacaran mung dolan lan seneng-seneng thok, mengko pas nikah kowé isa strès. Makané apik nèk pas pacaran isa nglakoni kegiatan bareng-bareng, misalé blanja, resik-resik omah, lan ngibadah. Nèk kèt saiki kalian wis biasa kerja sama, kuwi mesthi bermanfaat pas kalian wis nikah.”—Daniel, wis rong taun nikah.

Kowé kudu éling nèk pacaran kuwi mung sementara. Akhiré kowé sing kudu mutuské arep nikah utawa putus. Ing Bagéan 3 artikel iki bakal dibahas apa waé sing isa mbok pikirké bèn kowé isa nggawé keputusan mèh nikah utawa putus.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim