PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 125
  • Pacaran—Bagéan 3: Apa Aku Kudu Putus?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pacaran—Bagéan 3: Apa Aku Kudu Putus?
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nèk ana perbédaan
  • Kudu nggawé keputusan
  • Nèk kudu putus
  • Pacaran—Bagéan 2: Apa sing Bakal Tak Alami Pas Pacaran?
    Pitakonané Cah Enom
  • Pacaran—Bagéan 1: Apa Aku Wis Siap Pacaran?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Aturan Bab Pacaran?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 125
Wong wédok sing lagi ndelok fotoné dhèwèké karo pacaré.

PITAKONANÉ CAH ENOM

Pacaran—Bagéan 3: Apa Aku Kudu Putus?

Saiki kowé wis pacaran. Tapi mungkin kowé ragu hubungané isa terus lanjut utawa kudu putus. Ing artikel iki ana saran-saran sing isa mbok pikirké bèn kowé isa nggawé keputusan soal kuwi.

Ing artikel iki

  • Nèk ana perbédaan

  • Kudu nggawé keputusan

  • Nèk kudu putus

Nèk ana perbédaan

Sakwisé saling mengenal, mungkin ana pasangan sing ngrasa nèk ternyata meréka ora cocog. Misalé:

  • Sing siji seneng ing pantai; sing sijiné luwih seneng ing gunung.

  • Sing siji seneng ngobrol; sing sijiné menengan.

  • Sing siji wongé seneng ngapusi; sing sijiné wongé jujur.

Pikirna telu conto kuwi. Conto sing pertama béda hobiné, conto sing keloro béda sifaté, lan conto sing ketelu béda prinsipé.

Pikirna: saka perbédaan kuwi, menurutmu endi sing kira-kira mengko isa dadi masalah wektu kowé karo pacarmu nikah? Terus saka telu perbédaan kuwi, endi sing isa diatasi?

Meskipun wis nikah, pasangan suami istri isa nduwé hobi lan sifat sing béda. Tapi meskipun béda, perkawinané meréka tetep isa bahagia. Élinga, nèk pasangan sing cocog kuwi ora berarti kabèh kudu padha. Ana beberapa suami utawa istri sing berupaya menyesuaikan diri lan akhiré dadi seneng karo hobi pasangané. Malah, pasangan sing sifaté béda kuwi isa saling melengkapi.a

Tapi, kowé kudu nggolèk pasangan sing kepercayaané padha karo kowé, moralé apik, lan ngerti endi sing bener lan sing salah. Dadi sing penting nèk arep nikah, kalian kudu nduwé prinsip sing padha. Tapi nèk ternyata kalian nduwé prinsip sing béda, ya luwih apik hubungané aja diteruské.

Nèk soal béda kepercayaan, ing buku Fighting for Your Marriage disebutké, ”Pasangan sing béda kepercayaan biasané luwih gampang cerai.”

Ayat: ”Aja bersatu karo wong-wong sing ora seiman.”—2 Korintus 6:14.

Kudu nggawé keputusan

Ing Alkitab disebutké nèk wong sing nikah bakal ”ngalami akèh kesusahan”. (1 Korintus 7:28) Wektu pacaran isa waé kowé mulai ngrasakké kuwi.

Nèk béda pendapat, kuwi ora berarti hubunganmu wis gagal. Mula saka saiki isa mikirké: Piyé carané ngatasi béda pendapat nganggo cara sing apik? Kuwi bakal bermanfaat wektu kalian wis nikah.

Ayat: ”Kowé kudu apikan karo wong liya, nduwé rasa mesakké, lan tulus ngapura wong liya.”—Éfésus 4:32.

Tapi nèk terus béda pendapat nganti padu, isa waé kuwi tandha nèk kalian ora cocog. Luwih apik ngerti soal kuwi pas pacaran timbang pas wis nikah.

Gambar: Wong wédok mau lagi mikirké pas dhèwèké béda pendapat karo pacaré. 1. Pacaré dolanan HP terus lan ora nggatèkké dhèwèké. 2. Dhèwèké béda pendapat karo pacaré pas lagi tuku klambi. 3. Dhèwèké kétok ora seneng merga pacaré telat.

Nèk terus-terusan béda pendapat nganti padu, isa waé kuwi tandha nèk kalian ora cocog

Inti: Nèk kowé ngrasa ora yakin karo pacarmu, utawa malah durung siap kanggo nikah, kuwi aja disepèlèkké.

Ayat: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré cilaka.”—Wulang Bebasan 22:3.

Bohlam.

Saran: Nèk kowé ora yakin karo hubunganmu, coba njaluk saran lan naséhat saka kanca-kancamu sing wis nikah. Meskipun meréka ora isa nggawèkké keputusan kanggo kowé, tapi meréka isa ngekèki saran sing cocog.—Wulang Bebasan 11:14.

Nèk kudu putus

Mémang, putus kuwi isa nggawé lara ati lan sedhih.Tapi nèk kowé utawa pacarmu isih ragu-ragu karo hubungané kalian, sing luwih apik ya diakhiri waé.

Tapi, piyé cara sing apik nggo ngakhiri hubungan? Nèk isa aja liwat télépon utawa chat, tapi luwih apik ketemu ing panggonan sing cocog lan ngomongké langsung soal kuwi.

Wong wédok lagi ngomong karo pacaré ing kafé.
Bohlam.

Saran: Pas ngomongké kuwi, kudu wicaksana lan ya tegas. Kowé ora perlu nduduhké kabèh kesalahané, tapi jelasna alesané ngapa kok kowé ngrasa hubungané ora perlu diteruské manèh.

Ayat: ”Kowé kudu jujur wektu ngomong karo wong liya.”—Zakharia 8:16.

Nèk putus, apa kuwi berarti kowé wis gagal? Ora. Kowé kudu éling nèk pacaran kuwi tujuané kanggo mengenal calon pasanganmu lan kanggo mbantu kowé mutuské bakal nikah karo dhèwèké apa ora. Dadi nèk putus, kowé isa tetep éntuk pelajaran sing berharga saka pengalamanmu kuwi.

Pikirna: ’Apa sing isa tak pelajari saka pengalamanku iki? Apa waé sing kudu tak upayakké sakdurungé aku siap kanggo nikah? Apa waé sing kudu tak ubah nèk misalé aku mutuské kanggo pacaran manèh?’

a Sifat-sifat iki isa mempengaruhi hubungan suami istri. Deloken katrangan ing artikel, ”Bantuan untuk Keluarga—Cara Mengatasi Perbédaan” lan ”Bantuan Kanggo Keluarga—Piyé Nèk Bojoné Njenengan Marahi Jèngkèl?”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim