KUDU TERUS JAGA-JAGA
Carané Bèn Isa Bahagia Meskipun Uripé Susah
Awaké dhéwé ora selalu isa ngendhalèkké kabèh hal sing kelakon. Ning sakjané, kebahagiaané awaké dhéwé ora bergantung karo keadaan sing dialami, tapi karo sikapé awaké dhéwé. Ing Alkitab disebutké, meskipun uripé susah tapi ”kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké”. (Wulang Bebasan 15:15) Dadi, piyé carané bèn isa luwih bahagia? Ana saran-saran saka Alkitab sing isa mbantu njenengan.
Ngatasi rasa kuwatir
Ing Alkitab disebutké, ”Rasa kuwatir nggawé wong dadi ora semangat, ning omongan sing apik nggawé wong dadi semangat.”—Wulang Bebasan 12:25.
Alkitab isa mbantu njenengan bèn ora terlalu kuwatir manèh. Carané piyé? Jawabané ana ing artikel ”Apa Kata Alkitab tentang Kekhawatiran?”
Ngatasi rasa kesepian
Ing Alkitab disebutké, ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”—Wulang Bebasan 17:17.
Bèn ora kesepian, njenengan isa ngupaya nduwé kanca akrab. Wacanen artikel ”Berupaya Nduwé Kanca Bèn Ora Kesepian.”
Ngupaya luwih cedhak karo Gusti Allah lan sayang wong liya
Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, lan nggunakké kabèh pikiranmu. . . . Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”a—Matius 22:37-39.
Nèk kerep ndonga, awaké dhéwé dadi luwih cedhak karo Gusti Allah. Bèn ngerti keterangan luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Awaké Dhéwé?”
Nèk ngetrapké Aturan Emas kuwi berarti awaké dhéwé sayang karo wong liya. Wacanen artikel ”Aturan Emas Kuwi Apa?”
Bèn isa luwih bahagia, apa njenengan péngin ngerti saran liyané ing Alkitab? Nèk péngin, kami seneng ngejak njenengan kanggo sinau Alkitab gratis.
a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.