Selasa, 14 Oktober
Wong-wong mulai ninggalké omahé Yéhuwah.—2 Bb. 24:18.
Pelajaran saka kisahé Raja Yéhoas yaiku, kudu milih kanca sing marakké awaké dhéwé dadi wong sing apik, yaiku kanca sing sayang Yéhuwah lan péngin nggawé Yéhuwah seneng. Kancané ora kudu sing sak umuran. Yéhoas waé kekancan karo Yéhoyada, sing umuré luwih tuwa. Pikirna, ’Apa kanca-kancaku marakké aku dadi tambah percaya Yéhuwah? Apa kanca-kancaku manut Yéhuwah lan nyemangati aku bèn ya manut Yéhuwah? Pas ngobrol, apa kanca-kancaku sering ngomongké Yéhuwah lan Alkitab? Nèk aku salah, apa kanca-kancaku gelem ngandhani aku?’ (WB. 27:5, 6, 17) Sakjané, kowé ora perlu kekancan karo wong-wong sing ora sayang Yéhuwah. Tapi karo wong-wong sing sayang Yéhuwah, kowé kudu luwih akrab karo meréka. Meréka bakal selalu mbantu kowé.—WB. 13:20. w23.09 9-10 ¶6-7
Rebo, 15 Oktober
Aku iki Alfa lan Oméga.—Why. 1:8.
Alfa lan Oméga kuwi huruf pertama lan huruf terakhir ing abjad Yunani. Dadi, pas ngomong nèk Dhèwèké ”Alfa lan Oméga” kuwi maksudé nèk Yéhuwah wis memulai sesuatu, Dhèwèké mesthi bakal ngrampungké kuwi. Kapan Yéhuwah seolah-olah ngomong ”Alfa”? Kuwi kelakon bar Yéhuwah nyiptakké Adam lan Hawa, pas Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi.” (PD. 1:28) Terus, sukmbèn pas keturunané Adam lan Hawa sing manut wis dadi sampurna, ngebaki bumi, lan nggawé bumi dadi Firdaus, pas kuwi Yéhuwah seolah-olah ngomong ”Oméga”. Yéhuwah ya ngekèki jaminan nèk sing Dhèwèké karepké soal bumi lan manungsa kuwi mesthi bakal kelakon. Sing dikarepké Yéhuwah soal bumi lan manungsa bakal bener-bener kelakon pas akhir dina kepitu.—PD. 2:1-3. w23.11 5 ¶13-14
Kemis, 16 Oktober
Siapna dalan kanggo Yéhuwah. Gawéa dalan sing lurus kanggo Gusti Allah ing padhang pasir.—Yés. 40:3.
Perjalanan saka Babilon ing Israèl isa nganti patang sasi. Tapi Yéhuwah janji nèk ora ana sing isa ngalang-ngalangi wong Israèl. Mémang bali ing Israèl butuh pengorbanan. Tapi wong Yahudi sing sayang Yéhuwah ngerti nèk pengorbanané ora ana apa-apané dibandhingké berkahé. Salah sijiné, wong Yahudi isa leluasa ngibadah karo Yéhuwah. Baité Yéhuwah ora ana ing Babilon. Nèk péngin mènèhké korban, ora ana mézbah lan para imam. Terus nèk dibandhingké karo wong Babilon sing ora nyembah Yéhuwah, jumlahé wong Yahudi luwih sithik. Wong Yahudi sing sayang karo Yéhuwah mesthi péngin banget bali ing Israèl bèn ibadah sing murni isa dipulihké. w23.05 15 ¶3-4