Rebo, 15 Oktober
Aku iki Alfa lan Oméga.—Why. 1:8.
Alfa lan Oméga kuwi huruf pertama lan huruf terakhir ing abjad Yunani. Dadi, pas ngomong nèk Dhèwèké ”Alfa lan Oméga” kuwi maksudé nèk Yéhuwah wis memulai sesuatu, Dhèwèké mesthi bakal ngrampungké kuwi. Kapan Yéhuwah seolah-olah ngomong ”Alfa”? Kuwi kelakon bar Yéhuwah nyiptakké Adam lan Hawa, pas Yéhuwah ngomong, ”Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi.” (PD. 1:28) Terus, sukmbèn pas keturunané Adam lan Hawa sing manut wis dadi sampurna, ngebaki bumi, lan nggawé bumi dadi Firdaus, pas kuwi Yéhuwah seolah-olah ngomong ”Oméga”. Yéhuwah ya ngekèki jaminan nèk sing Dhèwèké karepké soal bumi lan manungsa kuwi mesthi bakal kelakon. Sing dikarepké Yéhuwah soal bumi lan manungsa bakal bener-bener kelakon pas akhir dina kepitu.—PD. 2:1-3. w23.11 5 ¶13-14
Kemis, 16 Oktober
Siapna dalan kanggo Yéhuwah. Gawéa dalan sing lurus kanggo Gusti Allah ing padhang pasir.—Yés. 40:3.
Perjalanan saka Babilon ing Israèl isa nganti patang sasi. Tapi Yéhuwah janji nèk ora ana sing isa ngalang-ngalangi wong Israèl. Mémang bali ing Israèl butuh pengorbanan. Tapi wong Yahudi sing sayang Yéhuwah ngerti nèk pengorbanané ora ana apa-apané dibandhingké berkahé. Salah sijiné, wong Yahudi isa leluasa ngibadah karo Yéhuwah. Baité Yéhuwah ora ana ing Babilon. Nèk péngin mènèhké korban, ora ana mézbah lan para imam. Terus nèk dibandhingké karo wong Babilon sing ora nyembah Yéhuwah, jumlahé wong Yahudi luwih sithik. Wong Yahudi sing sayang karo Yéhuwah mesthi péngin banget bali ing Israèl bèn ibadah sing murni isa dipulihké. w23.05 15 ¶3-4
Jumat, 17 Oktober
Kowé kudu terus urip dadi anak-anaké cahaya.—Éf. 5:8.
Bèn isa ”terus urip dadi anak-anaké cahaya” sing tingkah lakuné ”suci”, awaké dhéwé butuh bantuan roh suciné Gusti Allah. Soalé, akèh wong saiki kelakuané bejat. (1 Tés. 4:3-5, 7, 8) Roh suci bakal mbantu awaké dhéwé bèn ora terpengaruh wong-wong sing pikirané ora sesuai karo pandhangané Yéhuwah. Roh suci ya bakal mbantu awaké dhéwé ”ngasilké apa waé sing apik, adil, lan bener”. (Éf. 5:9) Salah siji cara bèn isa éntuk roh suci kuwi kudu ndonga. Yésus ngomong nèk Yéhuwah bakal ”mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké”. (Luk. 11:13) Cara liyané kuwi muji Yéhuwah ing pertemuan ibadah. (Éf. 5:19, 20) Wong sing dituntun roh suci mesthi pikiran lan tingkah lakuné selalu nyenengké Yéhuwah. w24.03 23-24 ¶13-15