Kemis, 16 Oktober
Siapna dalan kanggo Yéhuwah. Gawéa dalan sing lurus kanggo Gusti Allah ing padhang pasir.—Yés. 40:3.
Perjalanan saka Babilon ing Israèl isa nganti patang sasi. Tapi Yéhuwah janji nèk ora ana sing isa ngalang-ngalangi wong Israèl. Mémang bali ing Israèl butuh pengorbanan. Tapi wong Yahudi sing sayang Yéhuwah ngerti nèk pengorbanané ora ana apa-apané dibandhingké berkahé. Salah sijiné, wong Yahudi isa leluasa ngibadah karo Yéhuwah. Baité Yéhuwah ora ana ing Babilon. Nèk péngin mènèhké korban, ora ana mézbah lan para imam. Terus nèk dibandhingké karo wong Babilon sing ora nyembah Yéhuwah, jumlahé wong Yahudi luwih sithik. Wong Yahudi sing sayang karo Yéhuwah mesthi péngin banget bali ing Israèl bèn ibadah sing murni isa dipulihké. w23.05 15 ¶3-4
Jumat, 17 Oktober
Kowé kudu terus urip dadi anak-anaké cahaya.—Éf. 5:8.
Bèn isa ”terus urip dadi anak-anaké cahaya” sing tingkah lakuné ”suci”, awaké dhéwé butuh bantuan roh suciné Gusti Allah. Soalé, akèh wong saiki kelakuané bejat. (1 Tés. 4:3-5, 7, 8) Roh suci bakal mbantu awaké dhéwé bèn ora terpengaruh wong-wong sing pikirané ora sesuai karo pandhangané Yéhuwah. Roh suci ya bakal mbantu awaké dhéwé ”ngasilké apa waé sing apik, adil, lan bener”. (Éf. 5:9) Salah siji cara bèn isa éntuk roh suci kuwi kudu ndonga. Yésus ngomong nèk Yéhuwah bakal ”mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké”. (Luk. 11:13) Cara liyané kuwi muji Yéhuwah ing pertemuan ibadah. (Éf. 5:19, 20) Wong sing dituntun roh suci mesthi pikiran lan tingkah lakuné selalu nyenengké Yéhuwah. w24.03 23-24 ¶13-15
Setu, 18 Oktober
Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.—Luk. 11:9.
Wong sing dituntun roh suci bakal sabar. (Gal. 5:22, 23) Dadi, nèk péngin luwih sabar, ndongaa njaluk roh suci lan bantuané Yéhuwah. Nèk terpancing arep nesu, ”terusa njaluk” roh suci bèn isa sabar. (Luk. 11:13) Awaké dhéwé ya isa ndonga bèn nduwé pandhangan sing padha kaya Yéhuwah. Sakwisé ndonga, awaké dhéwé isa terus berusaha bèn sabar saben dina. Nèk terus ndonga lan berupaya bèn sabar, Yéhuwah bakal mbantu bèn luwih sabar meskipun awaké dhéwé dudu wong sing sabar. Awaké dhéwé ya isa mikirké kisah-kisah ing Alkitab. Ing Alkitab ana akèh conto wong sing sabar. Nèk mikirké kuwi, awaké dhéwé isa luwih paham sing dimaksud sabar kuwi piyé. w23.08 22 ¶10-11