Minggu, 19 Oktober
Tebarna jalamu ing kono.—Luk. 5:4.
Bar diuripké manèh, Yésus nggawé mukjijat. Rasul Pétrus karo murid-murid liyané isa éntuk iwak akèh banget. (Yoh. 21:4-6) Merga mukjijat kuwi, Pétrus mesthi dadi yakin nèk Yéhuwah isa nyukupi kebutuhané. Pétrus mungkin kèlingan kata-katané Yésus nèk Yéhuwah bakal ngopèni wong-wong sing ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. (Mat. 6:33) Makané, bar kuwi Pétrus dadi luwih ngutamakké nginjilé timbang gawéané. Pas Péntakosta 33 M, Pétrus semangat banget ngekèki ceramah, lan hasilé ana éwonan sing gelem nampa kabar apik. (Kis. 2:14, 37-41) Terus, dhèwèké ya ngajari akèh wong Samaria lan sing dudu Yahudi soal Yésus. (Kis. 8:14-17; 10:44-48) Liwat Pétrus, Yéhuwah mbantu wong-wong saka akèh bangsa bèn dadi umaté. w23.09 20 ¶1; 23 ¶11
Senèn, 20 Oktober
Nèk kowé ora ngandhani apa mimpiku lan njelaské artiné, kowé bakal tak tugel-tugel.—Dan. 2:5.
Kira-kira rong taun sakwisé Yérusalèm dihancurké Babilon, Raja Nébukhadnézar éntuk mimpi soal patung gedhé sing nggawé dhèwèké kepikiran. Dhèwèké arep matèni kabèh wong wicaksana ing istana, termasuk Danièl, nèk ora ana sing isa ngandhani mimpiné lan artiné. (Dan. 2:3-5) Tapi, Danièl langsung ”ngadhep Raja lan njaluk bèn diwènèhi kesempatan kanggo njelaské arti mimpiné Raja”. (Dan. 2:16) Danièl kendel lan nduwé iman sing gedhé. Ing Alkitab ora disebutké nèk Danièl tau njelaské arti mimpi. Makané Danièl njaluk tulung karo kanca-kancané ”ndonga bèn Gusti Allah sing nguwasani swarga dadi mesakké lan ngandhani rahasia soal mimpi kuwi”. (Dan. 2:18) Yéhuwah njawab donga kuwi. Merga dibantu Yéhuwah, Danièl isa njelaské arti mimpiné Raja Nébukhadnézar. Danièl karo kanca-kancané ora sida dipatèni. w23.08 3 ¶4
Selasa, 21 Oktober
Wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.—Mat. 24:13.
Pikirna manfaaté nèk sabar. Nèk sabar, awaké dhéwé luwih bahagia lan ayem. Awaké dhéwé ora gampang lara lan ora strès. Nèk sabar, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Jemaat ya dadi luwih rukun. Nèk ana sing njèngkèlké, keadaané ora bakal luwih parah merga awaké dhéwé ora gampang nesu. (Mzm. 37:8; WB. 14:29) Sing paling penting, awaké dhéwé niru Yéhuwah lan tambah cedhak karo Dhèwèké. Sabar akèh manfaaté. Mémang kuwi ora selalu gampang. Tapi nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus sabar. Karo ”sabar ngentèni” donya anyar teka, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu lan nglindhungi. (Mi. 7:7) Muga-muga awaké dhéwé isa terus sabar. w23.08 22 ¶7; 25 ¶16-17