Senèn, 20 Oktober
Nèk kowé ora ngandhani apa mimpiku lan njelaské artiné, kowé bakal tak tugel-tugel.—Dan. 2:5.
Kira-kira rong taun sakwisé Yérusalèm dihancurké Babilon, Raja Nébukhadnézar éntuk mimpi soal patung gedhé sing nggawé dhèwèké kepikiran. Dhèwèké arep matèni kabèh wong wicaksana ing istana, termasuk Danièl, nèk ora ana sing isa ngandhani mimpiné lan artiné. (Dan. 2:3-5) Tapi, Danièl langsung ”ngadhep Raja lan njaluk bèn diwènèhi kesempatan kanggo njelaské arti mimpiné Raja”. (Dan. 2:16) Danièl kendel lan nduwé iman sing gedhé. Ing Alkitab ora disebutké nèk Danièl tau njelaské arti mimpi. Makané Danièl njaluk tulung karo kanca-kancané ”ndonga bèn Gusti Allah sing nguwasani swarga dadi mesakké lan ngandhani rahasia soal mimpi kuwi”. (Dan. 2:18) Yéhuwah njawab donga kuwi. Merga dibantu Yéhuwah, Danièl isa njelaské arti mimpiné Raja Nébukhadnézar. Danièl karo kanca-kancané ora sida dipatèni. w23.08 3 ¶4
Selasa, 21 Oktober
Wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.—Mat. 24:13.
Pikirna manfaaté nèk sabar. Nèk sabar, awaké dhéwé luwih bahagia lan ayem. Awaké dhéwé ora gampang lara lan ora strès. Nèk sabar, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Jemaat ya dadi luwih rukun. Nèk ana sing njèngkèlké, keadaané ora bakal luwih parah merga awaké dhéwé ora gampang nesu. (Mzm. 37:8; WB. 14:29) Sing paling penting, awaké dhéwé niru Yéhuwah lan tambah cedhak karo Dhèwèké. Sabar akèh manfaaté. Mémang kuwi ora selalu gampang. Tapi nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus sabar. Karo ”sabar ngentèni” donya anyar teka, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu lan nglindhungi. (Mi. 7:7) Muga-muga awaké dhéwé isa terus sabar. w23.08 22 ¶7; 25 ¶16-17
Rebo, 22 Oktober
Nèk awaké dhéwé ora nindakké apa sing apik, imané awaké dhéwé mati.—Yak. 2:17.
Yakobus nyritakké soal wong sing ngakuné nduwé iman, tapi saka perbuatané malah kétok nèk dhèwèké sakjané ora nduwé iman. (Yak. 2:1-5, 9) Yakobus ya nyebutké soal wong sing ndelok ’seduluré ora nduwé klambi lan ora nduwé panganan’ tapi ora nulungi. Meskipun mungkin ngakuné nduwé iman, tapi merga ora ana buktiné ya kuwi ora ana gunané. (Yak. 2:14-16) Yakobus nyebutké soal Rahab. Rahab kuwi contoné wong sing ora mung nduwé iman, tapi ya mbuktèkké imané liwat perbuatan. (Yak. 2:25, 26) Rahab wis krungu soal Yéhuwah lan percaya nèk Yéhuwah nglindhungi wong Israèl. (Yos. 2:9-11) Makané, pas ana loro mata-mata Israèl sing mara ing omahé, dhèwèké wani nglindhungi meréka. Hasilé, dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah kaya Abraham meskipun dhèwèké ora manut Hukum Musa lan dhèwèké ya durung sampurna. Saka contoné Rahab kuwi awaké dhéwé ngerti nèk iman kudu dibuktèkké liwat perbuatan. w23.12 5-6 ¶12-13