Selasa, 21 Oktober
Wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.—Mat. 24:13.
Pikirna manfaaté nèk sabar. Nèk sabar, awaké dhéwé luwih bahagia lan ayem. Awaké dhéwé ora gampang lara lan ora strès. Nèk sabar, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Jemaat ya dadi luwih rukun. Nèk ana sing njèngkèlké, keadaané ora bakal luwih parah merga awaké dhéwé ora gampang nesu. (Mzm. 37:8; WB. 14:29) Sing paling penting, awaké dhéwé niru Yéhuwah lan tambah cedhak karo Dhèwèké. Sabar akèh manfaaté. Mémang kuwi ora selalu gampang. Tapi nèk dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé isa terus sabar. Karo ”sabar ngentèni” donya anyar teka, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu lan nglindhungi. (Mi. 7:7) Muga-muga awaké dhéwé isa terus sabar. w23.08 22 ¶7; 25 ¶16-17
Rebo, 22 Oktober
Nèk awaké dhéwé ora nindakké apa sing apik, imané awaké dhéwé mati.—Yak. 2:17.
Yakobus nyritakké soal wong sing ngakuné nduwé iman, tapi saka perbuatané malah kétok nèk dhèwèké sakjané ora nduwé iman. (Yak. 2:1-5, 9) Yakobus ya nyebutké soal wong sing ndelok ’seduluré ora nduwé klambi lan ora nduwé panganan’ tapi ora nulungi. Meskipun mungkin ngakuné nduwé iman, tapi merga ora ana buktiné ya kuwi ora ana gunané. (Yak. 2:14-16) Yakobus nyebutké soal Rahab. Rahab kuwi contoné wong sing ora mung nduwé iman, tapi ya mbuktèkké imané liwat perbuatan. (Yak. 2:25, 26) Rahab wis krungu soal Yéhuwah lan percaya nèk Yéhuwah nglindhungi wong Israèl. (Yos. 2:9-11) Makané, pas ana loro mata-mata Israèl sing mara ing omahé, dhèwèké wani nglindhungi meréka. Hasilé, dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah kaya Abraham meskipun dhèwèké ora manut Hukum Musa lan dhèwèké ya durung sampurna. Saka contoné Rahab kuwi awaké dhéwé ngerti nèk iman kudu dibuktèkké liwat perbuatan. w23.12 5-6 ¶12-13
Kemis, 23 Oktober
Muga-muga kowé tetep kuwat lan kokoh ing ndhuwuré pondhasi kuwi.—Éf. 3:17.
Awaké dhéwé ora péngin nèk mung ngerti ajaran dhasar ing Alkitab. Tapi, awaké dhéwé ya péngin ngerti ”pengetahuan sing jero soal Gusti Allah” nganggo bantuané roh suci. (1 Kor. 2:9, 10) Njenengan isa sinau luwih akèh soal hal-hal sing isa marakké tambah akrab karo Yéhuwah. Misalé, apa buktiné nèk Yéhuwah sayang karo umaté jaman mbiyèn lan sayang karo njenengan. Terus, ya isa mempelajari pengaturané Yéhuwah soal ibadah kanggo bangsa Israèl mbiyèn lan kanggo awaké dhéwé saiki. Utawa, sinau luwih akèh ramalan-ramalan soal Mésias sing wis kelakon. Kanggo mempelajari topik-topik kuwi, njenengan isa nganggo Indeks Publikasi Menara Pengawal utawa Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nèk pelajaran pribadiné ora mung sing gampang-gampang thok, mengko imané njenengan bakal dadi tambah kuwat lan bakal ”éntuk pengetahuan soal Gusti Allah”.—WB. 2:4, 5. w23.10 18-19 ¶3-5