PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Kemis, 10 Juli

Kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah.—Flp. 4:6.

Cara liyané bèn isa tetep sabar, nyritakké kabèh sing dikuwatirké karo Yéhuwah. (1 Tés. 5:17) Mungkin, saiki masalahé durung abot. Tapi, apa njenengan selalu crita karo Yéhuwah pas jèngkèl, kesel, utawa bingung? Nèk kèt saiki kerep ndonga pas ana masalah sing sepélé, njenengan ora bakal ragu njaluk bantuané Yéhuwah. Njenengan bakal ngrasakké nèk Yéhuwah sing paling ngerti kapan lan piyé carané mbantu. (Mzm. 27:​1, 3) Nèk saiki sabar pas ngadhepi masalah, sukmbèn pas sengsara gedhé isa tetep setya. (Rm. 5:3) Kok isa? Akèh sedulur sing ngrasakké dhéwé nèk tetep sabar, pas ana masalah manèh isa ngadhepi kuwi. Nèk sabar, dadi luwih percaya Yéhuwah bakal mbantu. Merga iman saya kuwat, nèk ana masalah manèh dadi isa ngatasi kuwi.—Yak. 1:​2-4. w23.07 3 ¶7-8

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Jumat, 11 Juli

Aku bakal nuruti kowé.—PD. 19:21.

Yéhuwah ora kaku merga rendah hati lan nduwé rasa mesakké. Misalé, pas arep matèni wong-wong Sodom sing jahat. Liwat malaékaté, Yéhuwah ngongkon Lot mlayu ing dhaérah pegunungan. Tapi merga wedi, Lot njaluk bèn dhèwèké sak keluarga mlayu ing Zoar, sing sakjané arep dihancurké. Yéhuwah sakjané isa meksa Lot kanggo manut. Tapi merga rendah hati, Yéhuwah gelem nuruti Lot. (PD. 19:​18-22) Yéhuwah ya nduduhké rasa mesakké karo wong Niniwé. Yéhuwah ngutus Nabi Yunus kanggo ngumumké nèk kutha kuwi bakal dihancurké merga wong-wongé jahat. Tapi merga wong Niniwé mertobat, Yéhuwah mesakké lan ora sida ngancurké kutha kuwi.—Yun. 3:​1, 10; 4:​10, 11. w23.07 21 ¶5

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Setu, 12 Juli

Yéhoas dipatèni . . . lan dikubur . . . ning dudu ing kuburané para raja.—2 Bb. 24:25.

Yéhoas kaya wit sing disangga. Sakwisé penyanggané dicabut, wit kuwi ambruk pas kena angin. Sakwisé Yéhoyada mati, Yéhoas ora wedi manèh karo Yéhuwah pas dipengaruhi karo wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Apa pelajarané? Mung merga keluarga utawa sedulur-sedulur ing jemaat dadi teladan, ora otomatis awaké dhéwé wedi karo Yéhuwah. Awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah mung nèk maca Alkitab, ngrenungké kuwi, lan ndonga. (Yér. 17:​7, 8; Kol. 2:​6, 7) Yéhuwah ora njaluk sing ngluwihi kesanggupané awaké dhéwé. Yéhuwah mung péngin awaké dhéwé ’wedi karo Dhèwèké lan manut karo préntahé, merga iki kabèh kewajibané manungsa’. (Pkh. 12:13) Nèk wedi karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngadhepi masalah apa waé lan tetep setya. Ora ana sing isa misahké awaké dhéwé saka Yéhuwah. w23.06 18-19 ¶17-19

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim